Abad Ping 3

Pratélan Taun-Taun Abad kaping 3 Masehi:


Abad kaping 2 - Abad kaping 3 - Abad kaping 4

Abad Ping 3
Eastern Hemisphere at the beginning of the 3rd century AD.
Abad Ping 3
Map of the world in AD 250.
Abad Ping 3
Eastern Hemisphere at the end of the 3rd century AD.

Abad kaping-3 iku kalamangsa wiwit 201 nganti 300 miturut Kalèndher Julian.

Ing abad iki, Kakaisaran Romawi ngalami krisis, nandhani wiwitaning jaman Late Antiquity. Ing Pèrsi, kakaisaran Parthian digantèkaké déning Kakaisaran Sassanid.

Ing India, Kakaisaran Kushan diganti déning Kakaisaran Gupta. Cina pinuju ana ing jaman Telung krajan. Xiongnu agawé nagara Tiefu ing sangisoré Liu Qubei. Koréa dipanggedhèni déning Telung krajan Koréa. Jepang lumebu jaman Kofun.

Ing Afrika Sub-Sahara, Èkspansi Bantu ngrambah Afrika Kidul.

Sajeroning millennium pisanan ing sajarah Amérika Lor (Amérika pre-Columbian), Budaya Adena saka tlatah lembah Kali Ohio nulak ngakoni Budaya Hopewell. Kabudayan Maya miwiti éra klasik.

Kakaisaran Romawi

Sawisé sédané Commodus ing abad sadurungé, kakaisaran Romawi ngalami perang sadulur. Sawosé perang bubar, Septimius Severus madeg dadi kaisar, miwiti wangsa Severan. Ora kaya kaisar sadurungé, kanthi kabuka Severus migunakaké wadya kanggo njurung kakuwasaané, lan dibayar kanthi apik, lan sabanjuré dadi rejim monarki militèr. Sistem iki runtuh ing taun 230an, munculaké kaanan anarki militèr ing sajeroning mangsa sèket taun utawa krisis ing abad iki, marga ora kurang saka rongpuluh kaisar ganti gumanti, akèh-akèhé mung mengku kalungguhan sajeroning sawatara sasi marga dipatèni utawa tiwas sajeroning paprangan, lan kakaisaran mèh ambruk déning kisruh pulitik, lan uga déning ancaman kakaisaran Pèrsi saka sisih wétan. Ing sangisoré panguwasa Sassanid sing anyar, Pèrsi tuwuh dadi saingan, lan Romawi kudu nganakaké réformasi kanthi drastis kanggo ngadhepi konfrontasi. Réformasi iki kawujud ing pungkasan abad ya iku sajeroning jaman Diocletian, ing antarané mérang kakaisaran dadi loro ya iku tlatah wétan lan kulon, sing saben tlatah duwé panguwasa dhéwé-dhéwé.

Prastawa

Abad Ping 3
The Baths of Caracalla, in 2003
  • 208: Angkatan Sagara Cina ngayahi pertempuran Battle of Red Cliffs
  • 212: Constitutio Antoniniana mènèhi kawarga nagaraan marang kabèh wong Romawi
  • 212–216: Baths of Caracalla
  • 220: Dinasti Han rampung, diganti Dinasti Wei.
  • 230–232: Dinasti Sassanid ing Pèrsi miwiti perang kanggo ngrebut tlatah sing ilang ing Romawi wétan
  • 235–284: Krisis abad kaping-3 nggoyang Kakaisaran Romawi
  • 250–538: Jaman Kofun, pérangan pisanan saka kalamangsa Yamato ing Jepang
  • 258: Kaisar Valerian mbantai wong Kristen
  • 260: Kaisar Romawi Valerian I ditawan déning Shapur I saka Pèrsi
  • 184–280: Periode Telung krajan ing Cina
  • 280–420: Dinasti Jin (265-420) saka Cina
  • Sarnath dadi punjeré seni Buda ing India
  • Jagung miwiti dadi tetuwuhan panganan ing Amérika Lor.
  • Karajan Funan nggayuh pucuk kamuktèn ing sangisoré Fan Shih-man
  • The Goths pindhah saka Gothiscandza menyang Ukraina, nglairaké budya Chernyakhov.

Uga delengen

  • Kalèndher Kadadéan

Tags:

AbadMasehiTaun

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Rama TambakGethukMa Dong-seokRéyogWétan TengahIwan FalsTata SuryaGamelanKetoprak (panganan)ÉjakulasiAlamPamotan, Sambeng, LamonganUdohSerat CenthiniTasAnies BaswedanHirohitoFilem pornoBabad Tanah JawiKangen Band (Grup Musik)Mickey Mouse ClubhouseSintaKerisAnnisa TrihapsariJeff BezosSurat An NamlBenikStadion Gelora Bung KarnoBaladéwaꦕꦸꦏ꧀KembenSistem operasi komputerSumbadraPangeran AntasariISBNMasjid Menara KudusRebabSunan GiriTedhak sitènGunung MuriaSerat WédhatamaMetaforaWikiDavid BeckhamAndhaTvOneDuryodanaCepu, BloraGenetikaImam BonjolGunung KawiBekicotDhandhanggulaSengkalanDedi NatadiningratꦏꦼꦢꦸꦢꦼꦁKerak telorSaronPecelTurkménistanAndalimanCérètSalman bin Abdul-Aziz Al SaudStadion SiliwangiYérusalemMaulana Malik IbrahimKarajan ManunggalꦲꦂꦥGobag sodorAsem nitratDrijiWisanggeniPetualangan sherinaGisella AnastasiaBarabudhurKutha Surabaya🡆 More