Candrasangkala (aksara Jawa: ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦱꦁꦏꦭ) utawa Sengkalan (aksara Jawa: ꦱꦼꦁꦏꦭꦤ꧀) iku cara nulis taun kang disandhi nganggo ukara.
Sengkalan punika kadadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yèn diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané taun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn kang duwé teges angkaning taun. Ing jaman biyèn kang kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana kang migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan kang sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang dhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: gong lumakutinabuh
Miturut wujudé, sengkalan iku ana rong warna yaiku:
Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, yaiku:
1. Tembung kang duwé watek 1 yaiku:
Tunggal | Siji | Gusti | Nyawiji |
Sujanma | Jalma | Wong | Semèdi |
Nabi | Rupa | Maha | Iku (buntut) |
Rat | Jagad | Bumi | Bawana |
Surya | Candra | Kartika | Urip |
Putra | Wani | Tyas | Kalbu |
Wardaya | Raja | Ratu | Narpa |
darani | jana | janma |
2. Tembung kang duwé watek 2 yaiku:
Kalih | Dwi | Asta | Nembah |
Nyembah | Nétra | Caksu | Soca |
Pandulu | Tingal | Paningal | Kembar |
Myat | Swiwi | Peksi | Paksi |
paksa (swiwi) | Sikara | Dresthi | Kanthi |
Apasang | Sungu | Talingan | Karna |
karni | kuping | drasthi | drêsthi |
drêstha | mata | locana | danta |
untu | gadhing | buja | lêngên |
tangan | carana | sikil | yama |
paro | kêmbar |
3. Tembung kang duwé watek 3 yaiku;
Tiga | Tri | Bahni | Geni |
Agni | Ujwala | Murub | Urub |
Dahana | Payudhan | Yudha | Perang |
Kaya (awak) | Kadya | Kadi | Bentèr |
Kawruh | Guna | Wédha | Naut |
Teken | Pawaka | Rananggana | Brama |
huti | kurban | sajèn | jata |
jwalana |
4. Tembung kang duwé watek 4 yaiku:
Papat | Pat | Catur | Wahana |
Warih | Dadya | Kéblat | Suci |
Wening | Nadi | Toya | Jaladri |
Samodra | Tasik | Sindu | Marta |
Karta | Masuh | Sagara | Gambiralaya |
5. Tembung kang duwé watek 5 yaiku;
Lima | Gangsal | Panca | Pandawa |
Wisik | Gati | Indriya | Parastra |
Gaman | Panah | Pusaka | Lungid |
Landhep | Guling | Diyu | Dik |
Buta | Yaksa | Raseksa | Raseksi |
Wil | Galak | Tata | Maruta |
Bayu | Samirana | Angin | Marga |
pawana | danawa | gata | gati |
harsaya | bungah | sênêng | hru |
panah | indriya | ati | karêp |
tata (tatagata) |
6. Tembung kang duwé watek 6 yaiku:
Nem | Sad | Rasa | Hartati |
Sarkara | Tikta | Obah | Oyag |
Kayu | Wreksa | Prabatang | Lindhu |
Mangsa | Naya | Wayang | Ilat |
rêtu | tikta | pêru | kasaya |
gurih | lawana | uyah | asin |
lêgi | lêngka | pait | masa |
sasi |
7. Tembung kang duwé watek 7 yaiku:
Pitu | Sapta | Prawata | Giri |
Arga | Gunung | Acala | Pandhita |
Resi | Wiku | Sogata | Swara |
Dwija | Wulang | Mulang | Weling |
Wasita | Tunggang | Titihan | Titih |
Turangga | Aswa | Kuda | Jaran |
Sabda | arditi | biksu | biksuka |
hangsa | yati | Muni |
8. Tembung kang duwé watek 8 yaiku:
Wolu | Astha | Basu | Basuki |
Slira | Murti | Bujangga | Pujangga |
Manggala | Taksaka | Ula | Naga |
Sarpa | Sawer | Dwipa | Bajul |
Liman | Dwipangga | Èsthi | Gajah |
Dirada | Kunjara | Tanu | Madya |
hasti | jihmaga | bujaga | murti |
sarira | awak |
9. Tembung kang duwé watek 9 yaiku:
Sanga | Sang | Nawa | Déwa |
Dwara | Lawang | Kori | Gapura |
Wiwara | Ambuka | Gandha | Puspa |
Kembang | Kusuma | Bedhah | Muka |
Rudra | Gatra | Menga | wila |
guha | guwa | bolongan | Mancep |
goh | sapi |
0. Tembung kang duwé watek 0 yaiku:
Ilang | Musna | Sirna | Nir |
Murca | Mlethik | Langit | Akasa |
Wyat | Tawang | Kombul | Muluk |
Nenga | Luhur | Duwur | Adoh |
Swarga | Tanpa | Tan | Swuh |
Suda | Windu | titik | cêcêk |
rusak | dwasta | lêbur | brastha |
awang-awang | jumantara | widik (widik-widik) |
Yèn arep gawé ukara sengkalan:
Maca sengkalan padha karo maca ukara racaké, nanging angka kang kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaca saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegesé, angka saka ukara kang keri saka sengkalan mau dadi angka taun kang ngarep dhéwé, kosok baline angka kang kinandhut ing tembung sapisan, umpamané saka sengkalan nalika yasane Buta Cakil kang unine: tangan taksa satataning tanma. Jarwane Tangan: 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma: 1, dadi diwaca taun 1552 Jawa utawa taun 1670 Masehi.
Sengkalan lumrahé digunakaké kanggo awxh katrangan tahun panulisan ing wiwitan utawa pungkasan buku/babad. Kasisipaké ing larikan tembang macapat mula pilihan uniné sengkalan uga kalarasaké karo guru gatra-guru wilangané tembang.
Conto sengkalan saka babad ing museum Reksapustaka Pura Mangkunegaran Surakarta :
Déné sengkalan memet bisa rupa gambar utawa barang kang ngemu sengkalan, umpané ing Bangsal Kamandhungan Kraton Surakarta ana tetenger rupa lulang sapi siji ngemu sengkalan taun 1708.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Sengkalan, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.