Bekicot

informal group Pulmonata clade Eupulmonata clade Stylommatophora informal group Sigmurethra

Bekicot
Bekicot
Achatina fulica di Bali
NE
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Mollusca
Klas: Gastropoda
Superfamili: Achatinoidea
Unranked: clade Heterobranchia

Famili: Achatinidae
Subfamili: Achatininae
Génus: Achatina
Subgénus: Lissachatina
Spésies: A. fulica
Jeneng binomial
Achatina fulica
(Férussac, 1821)

Bekicot utawa Achatina fulica ya iku sijining gastropoda darat kang ginolong ing suku Achatinidae.

Kéwan iki asalé saka Afrika Wétan banjur sumebar ing kabèh nagara amarga kegawa prau dagang, utawa sengaja digawa kanggo ingon-ingon utawa sumber pangan lan sabanjuré dadi spésies invasif paling ala lan gawé rusak ing bumi, sahengga pira-pira nagara gawé aturan kang nyegah wargane ndadekakae kéwan iki ingon-ingon kalebu Amerikah Sarekat. Kéwan iki rumatane gampang lan ing pira-pira panggon uga dipangan, kalebu ing Indonesia. Sanajan bisa uga nggawa parasit, bekicot ingon racaké ora nggawa parasit. Parasit kang digawa ya iku jinis cacing Angiostrongylus cantonensis kang njalari meningitis tumrape manungsa, kang nular kanthi cara mangan bekicot mentah utawa ora diolah kanthi sampurna.

Sub spésies

  • Achatina fulica hamillei Petit, 1859
  • Achatina fulica rodatzi Dunker, 1852
  • Achatina fulica sinistrosa Grateloup, 1840
  • Achatina fulica umbilicata Nevill, 1879

Dheskripsi

Bekicor diwasa gedhene udakara 7 cm lan dawane bisa nganti 20 cm utawa luwih.

Cangkange wujud conthong lan racaké mlungker ora searah jarum jam (dextral). Werna cangkange rupa-rupa, gumantung saka pangane, mligi wern asoklat.

Habitat

Bekicot asalé saka Afrika Wétan, mligi saka Kenya lan Tanzania, asline urip ing pasir kang teles, uga laladan-laladan tropis kang lembab. Kéwan iki invasiv. Bekicot saiki bisa tinemu ing laladan tetanen, atol, alas, karang padésan lan liyané.

Pakan

Bekicot mangan tuwuhan, kluban lan woh-wohan sembarang jinis. Kadhang uga mangan pasir utawa krikil lan bathang kéwan liya Kanggo sumber kalsium.

Cara manak

Bekicot 
Bandhingane bekicot anakan lan bekicot diwasa

Kéwan iki kagolong hermaprodit, ya iku saben kéwan duwé sipat lanang lan wadon. Nanging kéwan iki merlokake individu liya kanggo kawin lan bekicot kang luwih gedhé dadi kéwan kang wadon. Nalikane ngendhog, bekicot bisa ngetokaké cacah 200 iji, kaping 5-6 saben taun lan kemungkinan netes 90%.

Anakan bekicot bisa dadi diwasa ing wektu 6 sasi, umuré bisa nganti 6-10 taun. Kéwan iki sesaba ing wektu bengi lan nalika awan ndhelik ing njero lemah utawa ngisor uwuh, watu utawa kayu mati.

Nalikane katiga dawa, bekicot bisa urip tanpa pangan nganti 3 taun, kanthi gawé lembaran kanggo nutup cangkange sahengga sanajan sakiwa-tengene kurang banyu bekicot ora kelangan cuwèran.

Spesies Invasif

Bekicot kalebu kéwan anyar kang ana ing Indonesia. Tekan ing Indonesia lumantar prau dagang lan lumebu ing pelabuhan Semarang nalikane akir jaman Walanda. Sabanjure bekicot banjur sumebar lan angèl anggoné ngendhaleni.

Rujukan


Tags:

Bekicot Sub spésiesBekicot DheskripsiBekicot HabitatBekicot PakanBekicot Cara manakBekicot Spesies InvasifBekicot RujukanBekicot

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Wayback MachineKim Tae-heeIndosiarAnoman DutaWandaS.S. LazioYésus KristusKutha matiAmérika LatinSirkumfleksLuna MayaAwu vulkanikWangsalanYuddhakandaLembaga Pemerintah Non DepartemenPevita PearceMaskumambangCangkrimanMohammed Sameer LamiRéyogSinarmas Groupꦪꦲꦸ!Virgil van DijkSandhanganSiter1838Calon ArangSurat Al BaqarahKaraton Ngayogyakarta AdiningratJurudemungHidayat Nur WahidGarèngToni KroosSesantiꦒꦩ꧀ꦧꦁPageblug Covid-19Amérika SarékatMia KhalifaLion AirAngga Aldi YunandaTimahMohammad YaminHypertext markup languageDasarataSundaeSaron panerusŞiş köfteNyadranJalur SutraPutihKarbon dioksidaPallywoodMinato, TokyoMirepoixKabupatèn DemakGudhegMohammad HattaFisiologiKairoHibiki ŌtsukiꦱꦶꦗꦶꦱꦸꦫꦺꦴShigeo TokudaDNAWektuWayang kulitFuji ElectricLee Jong-sukMaria VaniaAnthony GiddensJathilanPada madyaRené Descartesꦄꦭꦺꦴꦏ꧀Tembung panyilahAksara JawaRobin Williams🡆 More