Meningitis inggih punika lelara amargi wonten infèksi ing meninges ingkang nutupi utek lan sungsum balung belakang.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Meninges inggih punika tiga lapisan jaringan ikat ingkang kawangun saking pia mèter (paling celak tumuju organ-organ sistem saraf), arachnoid, lan dura mèter (paling tebih saking utek lan sungsum balung belakang). Meningitis saged dipunjalari déning manéka jinis organisme, kados ta virus, baktèri, utawi jamur ingkang nyebar mlebet wonten salebeting getih lan pindhah tumuju salebeting cuwèran utek ingkang saged njalari meninges aboh. Meninges ingkang aboh punika saged njalari karusakan ingkang wigati ing saraf, utek, lan sungsum balung belakang.
Meningitis | |
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal | |
Selaput polo ing sistem saraf pusat: dura mater, araknoid, and pia mater. | |
ICD-10 | G00-ICD-10 Chapter G|G03 |
ICD-9 | 320-322 |
DiseasesDB | 22543 |
MedlinePlus | 000680 |
eMedicine | med/2613 emerg/309 emerg/390 |
MeSH | D008581 |
Meningitis ingkang dijalari déning virus padatanipun boten mbebayani amarga saged mantun tanpa tetamba kaliyan pangrumatan ingkang wigati. Nanging, meningitis ing dijalari déning baktèri bisa dados kaanan ingkang wigati sanget, kados ta rusakipun saraf utek, icalipun pangrungon, kirangipun kemampuan sinau, ugi saged njalari tilar donya. Déné meningitis ingkang dijalari jamur arang-arang sanget, amargi jinis punika padatanipun nyerang tiyang ingkang ngalami karusakan sistem immun (daya tahan badan) kados ta tiyang ingkang kénging AIDS.
Baktèri ingkang njalari meningitis inggih punika:
Padatanipun tandha-tandha manawi kénging lelara meningitis inggih punika:
Manawi wonten tandha-tandha utawi tandha-tandha kados ing nginggil punika kedah énggal dibeta dhateng griya sakit supados angsal perawatan kasarasan ingkang langkung intensif inggih punika pamariksan fisik lan sapanunggalanipun. Manawi positif kénging meningitis,kedah diparingi antibiotik kanthi cara infus supados saged ngurangi resiko komplikasi. Antibiotik ingkang dipunparingaken gumantung saking jinis baktèri ing ditemokaken ing badan ingkang kénging meningitis.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Meningitis, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.