Proxima Centauri: Lintang ing rasi Sentaurus

Proxima Centauri iku lintang kate abang kang manggon adohé 4,2 taun cahya (3,97×1013 km).

Lintang iki ana ing rasi lintang Centaurus. Proxima Centauri tinemu nalika taun 1915 déning Robert Innes, Dirèktur Observatorium Union ing Aprikah Kidul. Lintang iki wujud lintang paling cerak saka srengéngé, sanajan mbleret banget kanggo dideleng nganggo mata langsung. Leté menyang lintang paling cerak kaloro lan katelu (kang tatalaku lintang gandha Alpha Centauri) yaiku 0,237 ± 0,011 taun cahya (15.000 ± 700 ékan astronomi). Proxima Centauri kamungkinan wujud péranganing tatalaku lintang telu bebarengan karo Alpha Centauri A lan B.

Proxima Centauri
Proxima Centauri: Pangamatan, Karakteristik, Panjlajahan antarlintang
Posisi Proxima Centauri
Dhata pangamatan
Epos J2000.0
Rasi lintang Centaurus
Asensio rekta 14j 29m 42.9487d
Dhéklinasi −62° 40′ 46.141″
Magnitudo katon (V) 11,05
Ciri-ciri
Kelas spektrumM5.5 Ve
Indèks warna U-B1,43
Indèks warna B-V1,90
Jinis variabelLintang suar
Astrometri
Kacepetan radhial (Rv)−21,7 ± 1,8 km/s
Gerak dhiri (μ) RA: −3775,40 mas/taun
Dek.: 769,33 mas/taun
Paralaks (π)768.7 ± 0.3 mas
Let4.243 ± 0.002 tc
(1.3009 ± 0.0005 pc)
Magnitudo mutlak (MV)15,49
Detail
Massa0,123 ± 0,006 M
Radhius0,145 ± 0,011 R
Gravitasi permukaan (log g)5,20 ± 0,23
Luminositas (bolometrik)0,0017 L
Suhu3,042 ± 117 K
Rotasi83,5 hari
Umur4,85 × 109 taun
Pamènèhan jeneng liya
Alpha Centauri C, CCDM J14396-6050C, GCTP 3278.00, GJ 551, HIP 70890, LFT 1110, LHS 49, LPM 526, LTT 5721, NLTT 37460, V645 Centauri
Réferènsi database
SIMBAD data

Amarga kacerakané, dhiameter pojok lintang iki bisa diukur kanthi langsung, yaiku watara 1/7 saka srengéngé. Bobot isen Proxima Centauri diprakirakaké watara 1/8 saka srengéngé, sauntara rata-rata bobot jinisé watara kaping 40é srengéngé. Sanajan duwé drajat luminositas kang asor, Proxima iku lintang suar kang ngalami paningkatan kacerahan minangka akibat saka kamobahan mahnitjati. Médhan mahnit lintang iki kawangun liwat konvèksi ing badan lintang, lan marakake kamobahan semburan kang ngetokaké piwetu sinar X. Pacampuran "bahan obong" ing inti Proxima Centauri liwat konvèksi lan drajat prodhuksi ènèrgi lintang kang rélatif asor nuduhaké yèn lintang iki kamungkinan bakal tetep dadi lintang dhèrèt utama suwéné patang trilyun taun sabanjuré.

Panggolèkan bandha langit pangiring Proxima Centauri ora olèh kasil. Kamungkinan anané katé coklat lan raseksa gas wis dibusak. Drajat kamobahan lintang nambah riricuh marang pangukuran karikatan radhial, saéngga matesi prospèk panemon objèk pangorbit. Paninjoan karikatan radhial uga nyingkiraké kamungkinan anané bumi super ing laladan pantes panggon Proxima Centauri. Panggolèkan bandha-bandha langit kang luwih cilik merlokaké piranti-piranti anyar, kaya ta teleskop antariksa James Webb. Amarga kacerakané karo Bumi, lintang iki wis diusulaké minangka pituju saka panjlajahan antarlintang.

Pangamatan

Nalika taun 1915, Robert Innes, Dhirèktur Observatorium Union ing Johannesburg, Afrika Kidul, nemu lintang kang duwé obah dhiri kang padha karo Alpha Centauri. Dhèwèké mènèhi jeneng lintang iku Proxima Centauri. Nalika taun 1917, ing Royal Observatory, Tanjung Harapan, astronom Walanda Joan Voûte ngukur paralaks trigonometrik lintang iki, lan ngonfirmasi yèn Proxima Centauri duwé let saka srengéngé kang padha karo Alpha Centauri. Lintang iki uga ditepungi minangka lintang kanthi luminositas paling asor ing wektu iku. Panemton paralaks Proxima Centauri kang akurat digawé déning astronom Amérikah Sarékat Harold L. Alden nalika taun 1928. Dhèwèké ngonfirmasi asil awal mawa paralaks 0,783 ± 0,005″.

Astronom Amérikah Sarékat Harlow Shapley mbiwara Proxima Centauri minangka lintang suar nalika taun 1951. Pamriksan marang cathetan-cathetan fotografik sadurungé nuduhaké yèn lintang iki ngalami paningkatan sajeroning magnitudo watara 8%, ndadèkaké minangka lintang suar paling aktif ing wektu iku. Kacerakan lintang iki mungkinaké pangamatan marang aktivitas semburanné. Nalika taun 1980, Observatorium Einstein gawé kurva ènèrgi sinar X ing semburan Proxima Centauri. Pangamatan luwih jero dilakokaké liwat satelit EXOSAT lan ROSAT. Emisi sinar X kanthi semburan kang luwih cilik lan mèmper karo srengéngé diamati déning satelit ASCA Jepang taun 1995. Proxima Centauri kawit wektu iku dadi subjèk panlitèn déning manéka observatorium sinar X, kaya ta XMM-Newton lan Chandra.

Amarga dhéklinasi kidul Proxima Centauri, lintang iki mung bisa dideleng ing sisih kidul lintang 27° U. Katé abang kaya Proxima Centauri mbleret banget kanggo dideleng kanthi mata langsung. Lintang iki duwé magnitudo semu gedhéné 11, saéngga diperlokaké teleskop mawa tingkap minimal 8 cm (3,1 in.) kanggo ngamati lintang iki.

Karakteristik

Proxima Centauri diklasifikasikakè minangka lintang katé abang amarga lumebu sanjeroné dhèrèt utama ing diagram Hertzsprung–Russell lan kagolong sajeroning kelas M5.5. Lintang iki duwé magnitudo mutlak gedhéné 15,5. Gunggung luminositas tumrap kabèh dawa gelombangé yaiku 0,17% saka srengéngé, sanajan nalika diamati sajeroning dawa gelombang spèktrum optik mung 0.0056% saka srengéngé. Luwih saka 85% saka daya kang kapancaraké yaiku dawa gelombang infraabang.

Proxima Centauri: Pangamatan, Karakteristik, Panjlajahan antarlintang 
Perbandhingan ukuran antarané srengéngé, α Centauri A, α Centauri B, lan Proxima Centauri

Nalika taun 2002, interferometri optik ing Very Large Telescope (VLTI) nemu yèn Proxima Centauri duwé dhiameter pojok watara 1,02 ± 0,08 mili dhetik busur. Amarga leté wis dikawruhi, dhiameter sebeneré bisa diprakirakaké, yaiku watara 1/7 srengéngé, utawa kaping 1,5 Yupiter. Massa lintang iki diprakirakaké watara 12,3% saka massa srengéngé, utawa kaping 129 massa Yupiter. Rata-rata massa jinis lintang dhèrèt utama mundhak sairing karo kurangé massa, lan Proxima Centauri dudu pangecualian: lintang iki duwé rata-rata massa jinis watara 56.800 kg/m3 (56,8 g/cm3), sauntara srengéngé watara 1.409 kg/m3 (1,409 g/cm3).

Amarga massané kang asor, pérangan njero lintang iki sepenuhé konvèktif, saéngga ènèrgi ditransfer menyang pérangan njaba liwat pagerakan fisis plasma, lan dudu liwat prosès radhiatif. Konvèksi iki ateges yèn awu hélium kang ditinggalaké saka fusi termonuklir hidrogen ora kaakumulasi ing inti, nanging diédharaké menyang kabèh lintang. Ora kaya srengéngé, kang mung bakal ngobong watara 10% saka kabèh hidrogené sadurungé ninggal dhèrèt utama, Proxima Centauri bakal ngentèkaké kabèh "bahan bakar"é sadurungé fusi hidrogen rampung.

Konvèksi gegandhèngan karo pangasilan médhan magnèt. Ènèrgi magnètik saka médhan iki diculaké menyang lumah liwat semburan lintang kang ngundhakaké luminositas lintang ing sajeroning wektu kang cendhak. Semburan-semburan mau bisa tuwuh nganti padha gehdéné karo lintang lan bisa nggayuh suhu dhuwuré 27 yuta K—cukup panas kanggo ngradhiasi sinar X. Luminositas sinar X lintang iki kang meneng (kira-kira watara (4–16) × 1026 erg/s ((4–16) × 1019 W)) kanthi kasar sithik luwih cilik saka srengéngé. Luminositas sinar X pucuk ing semburan gedhé dhéwé bisa nggayuh 1028 erg/s (1021 W.)

Kromosfer lintang iki aktif, lan spektrumé nuduhaké garis émisi magnesium karionisasi kang kuwat ing dawa gelombang 280 nm. Watara 88% lumah Proxima Centauri mungkin aktif. Persentase iki luwih dhuwur tinimbang srengéngé, malah nalika ana sajeroning pucuk siklusé. Ing periodhe meneng kanthi sithik utawa ora ana semburan, aktivitasé ngundhakaké suhu korona Proxima Centauri dadi 3,5 yuta K (sauntara srengéngé mung 2 juta K). Nanging, tingkat aktivitas lintang iki dianggep asor yèn dibandhingaké karo katé kelas M liyané, kang selaras karo prakiran umur lintang iki, yaiku 4,85 × 109 taun. (tingkat aktivitas katé abang diprakirakaké alon-alon saya pudhar suwéné miliyaran taun kanthi saya kurangé tingkat rotasi lintang). Tingkat kaaktifan uga duwé variasi ing periodhe (kasar) 442 dina, kang luwih cendhèk saka siklus srengéngé (11 taun).

Proxima Centauri duwé angin lintang kang rélatif lemah, saéngga laju pamedhunan massané ora punjul 20% laju pamedhunan massa srengéngé (kang disebabaké amarga angin srengéngé). Ing sisih liya, amarga lintang iki luwih cilik saka srengéngé, laju pamedhunan massa per ékan wiyar lumah saka Proxima Centauri mungkin kaping wolu luwih gedhé saka lumah srengéngé.

Katé abang kanthi massa kaya Proxima Centauri bakal tetep dadi lintang dhèrèt utama suwéné patang triliun taun. Sauntara proporsi hélium mundhak amarga fusi hidrogen, lintang iki bakal dadi luwih cilik lan panas, saya suwé malih saka abang dadi biru. Nyeraki akir periodhe iki, Proxima Centauri bakal dadi luwih mengkileng (nggayuh 2,5% luminositas srengéngé), lan uga ngangetaké bandha-bandha langit kang ngupengi suwéné miliaran taun. Nalika bahan bakar hidrogen entèk, Proxima Centauri bakal malih dadi katé putih (tanpa liwat tahap raksasa abang) lan alon-alon kélangan sisa ènèrgi panasé.

Let lan pagerakan

Adhedasar paralaks 768,7 ± 0,3 mili dhetik busur, kang diukur kanthi migunakaké Fine Guidance Sensors ing teleskop njaba akasa Hubble, Proxima Centauri mapan adohé 4,2 taun cahya. Saka titik deleng apik (vantage point) bumi, Proxima kapisah 2,18° saka Alpha Centauri, utawa kaping papat dhiameter pojok rembulan. Proxima uga duwé obah dhiri kang gedhé - obah 3,85 arcsecond per taun ing langit. Lintang iki duwé karikatan radhial gedhéné 21,7 km/s marang srengéngé.

Ing antarané lintang-lintang kang wis ditepungi, Proxima Centauri wis dadi lintang paling cerak saka srengéngé suwéné 32.000 taun, lan bakal tetep dadi kang paling cerak suwéné 33.000 taun sabanjuré. Sawisé iku, posisi lintang paling cerak bakal digantèkaké déning Ross 248. Proxima bakal ana ing posisi paling cerak karo srengéngé watara 3,11 taun cahya manèh, utawa watara 26.700 taun. Lintang iki ngorbit liwat Bimasekti sajeroning kisaran let antara 8,3 nganti 9,5 kpc saka punjer galaksi, lan mawa eksentrisitas orbit gedhéné 0,07.

Kawit panemonané, lintang iki dinuga minangka pangiring sebeneré saka sistem lintang gandha Alpha Centauri. Kanthi let adohé 0,21 taun cahya (15.000 ± 700 SA) saka Alpha Centauri, Proxima Centauri mungkin ngorbit Alpha Centauri, kanthi periodhe orbit 500.000 taun utawa luwih. Mula, Proxima sok-sok dijuluki minangka Alpha Centauri C. Prakiran modhèren nduga yèn kamungkinan kaselarasan kang diamati minangka sawijining kebeneran wujud siji bandhing sayuta. Dhata saka satelit Hipparcos, ditambah karo pangamatan, konsistèn kanthi hipotèsis yèn telu lintang iki wujud sawijining sistem kang kaiket. Yèn bener, Proxima bakal ana cerak apastron, titik paling adoh saka orbité ing sistem Alpha Centauri. Pangukuran karikatan radhial kang luwih akurat dibutuhaké kanggo mesthèkaké hipotèsis iki.

Yèn Proxima kaiket karo sistem Alpha Centauri suwéné pambentukané, lintang iki kamungkinan duwé komposisi kimia kang padha. Prabawa gravitasi Proxima manawa uga wis nggolakaké protoplanetary disk Alpha Centauri, saéngga ngundhakaké pangenteran volatile kaya déné banyu menyang wewengkon njero kang garing. Planit kabumian ngendi waé ing sistem iki bakal ngandhut bahan-bahan mau.

Enem lintang tunggal, loro sistem lintang gandhèa, lan lintang telu rerangkèn duwé pagerakan kang mèmper karo Proxima Centauri lan sistem Alpha Centauri. Kacepetan lintang-lintang mau diprakirakaké ana sajeroning kisaran 10 km/s saka obah peculiar Alpha Centauri, saéngga lintang-lintang mau mungkin minangka golongan pagerakan lintang, kang nuduhaké titik asal kang padha. Yèn Proxima Centauri ora kaiket kanthi gravitasi marang Alpha Centauri, golongan pagerakan kaya mangkéné bakal mbantu njelasaké kacerakané lintang-lintang mau.

Sanajan Proxima Centauri iku lintang paling cerak kanthi bona fide, manawa waé isih ana lintang katé coklat kang panggonané luwih cerak.

Kamungkinan pangiring

Yèn sawijining planit masif révolusiné ngupengi Proxima Centauri, pagèsèran lintang bisa dumadi per orbit planit mau. Yèn babagan orbit planit ora jejeg lurus karo garis deleng saka Bumi, mula pagèsèran iki bisa njalari owaèh-owahan periodhik ing karikatan radhial Proxima Centauri. Pangukuran kaping bola-bali ing karikatan radhial Proxima Centauri kang ora nuduhaké pagèsèran mau ngedhunaké massa maksimum kang bisa diduwèni pangiring Proxima Centauri. Tingkat aktivitas Proxima Centauri njalari penderauan ing pangukuran karikatan radhial lintang, saéngga mbatesi kamungkinan pandhétèksian pangiring migunakaké métodhe iki.

Nalika taun 1998, pamriksan marang Proxima Centauri kanthi migunakaké Faint Object Spectrograph ing teleskop njaba akasa Hubble nuduhaké bukti anané pangiring Proxima ing let 0.5 SA. Nanging, panggolèkan sabanjuré kanthi migunakaké Wide Field Planetary Camera 2 ora bisa nemu. Proxima Centauri, bebarengan karo Alpha Centauri A lan B, dadi lintang "Tier 1" ing program Space Interferometry Mission (SIM) NASA, kang bakal mungkinaké pandhétèksian planit mawa ukuran minimal kaping telu massa Bumi ing let loro SA saka lintang "Tier 1".

Zona layak huni

Film dhokumèntèr Alien Worlds nyetusaké hipotèsis yèn planit kang bisa nunjang kauripan mbok mewana ngorbit Proxima Centauri utawa lintang katé abang liyané. Kanggo ana ing zona layak huni Proxima Centauri, sawijining planit kudu ana adohé 0.023–0.054 SA saka lintang mau, lan duwé periodhe orbital suwéné 3,6–14 dina. Planit kang ngorbit ing zona mau bakal kakunci kanthi pasang surut, saéngga ing langit planit mau Proxima Centauri ora akèh ngalami pagerakan. Mula awan bakal terus lumaku ing salah siji sisih lumah, lan suwaliké wengi ora bakal rampung ing sisih lumah kang liyané. Nanging, anané atmosfèr bisa nyaluraké ènèrgi saka lumah kang disinari déning lintang menyang lumah planit liyané.

Semburan ing Proxima Centauri bisa ngikis atmosfèr planit ing zona layak huni-né, nanging èlmuwan ing filem dhokumèntèr mau yakin yèn alangan iki bisa ditanggulangi. Gibor Basri saka Universitas California, Berkeley, nyebut yèn "ora ana kang [wis] nemu candhetan marang kalayakan huni." Contoné, dikawatiraké yèn arus kebak momotan saka semburan lintang bisa ngosongaké atmosfèr planit ing saubengé. Nanging, yèn planit mau duwé médhan magnèt kang kuwat, médhan mau bakal nangkis partikel saka atmosfèr.

Èlmuwan liya, mligi panyengkuyung hipotèsis Bumi Langka, ora nyarujuki yèn lintang katé abang bisa njurung kauripan. Rotasi kang kakunci kanthi pasang surut bisa ngakibataké saya lemahé momen magnètik planit, saéngga lontaran massa korona saka Proxima Centauri bakal ngikis atmosfèr planit.

Panjlajahan antarlintang

Proxima Centauri: Pangamatan, Karakteristik, Panjlajahan antarlintang 
Srengéngé katon saka sistem Alpha Centauri. Citra digawé kanthi migunakaké program Celestia.

Proxima Centauri wis diusulaké minangka tujuwan pisanan sajeroning panjlajahan antarlintang. Sanajan montor mabur akasa Voyager diprakirakaké bakal dadi montor mabur akasa pisanan kang lumebu ruwang antarlintang, montor mabur-montor mabur Voyager obah kanthi karikatan alon, yaiku watara 17 km/s. Kanthi karikatan iku, Voyager merlokaké wektu 10.000 taun kanggo nempuh setaun cahya.

Yèn tenaga panggerak non-nuklir saiki digunakaké, lelaku montor mabur akasa menyang planit kang ngorbit Proxima Centauri mbutuhaké wektu éwonan taun. Nuclear pulse propulsion ngambah tèknologi kang mungkinaké lelaku antarlintang ing sajeroning wektu saabad. Tèknologi kaya mangkéné iki wis mènèhi ilham kanggo sapérangan panlitian kaya ta Project Orion, Project Daedalus, lan Project Longshot.

Saka Proxima Centauri, srengéngé bakal katon minangka lintang kanthi magnitudo 0,4  kang padhang ing rasi lintang Cassiopeia.

Deleng uga

Cathetan panjelas

Cathetan sikil

Pranala njaba

Tags:

Proxima Centauri PangamatanProxima Centauri KarakteristikProxima Centauri Panjlajahan antarlintangProxima Centauri Deleng ugaProxima Centauri Cathetan panjelasProxima Centauri Cathetan sikilProxima Centauri Pranala njabaProxima CentauriAfrika KidulAlpha CentauriCentaurusLintangLintang gandhaSrengéngé

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

DurgaTembang dolananOlimpiadhe Mangsa Panas 2024Prabu MatswapatiOpocznoGalaksi AndromedaLechonaSkandiyumYordaniaKamatJuru rawatArané pérangan awakKéwan gegremetanNgupatCentre-Val de LoireArgonSetatsiyun sepurUranusJerman NaziOstraliGuritaMongolAsiaBauwarnaOmah adat Jawa1260KéwanDonny DamaraYuni SharaRebabRukun IslamWidy Soediro NichlanyMote con huesillo1647Gaman nuklirVidéoRembulanRukun ImanWayback MachineMassachusettsHerodotusGréja KatulikSwasanaSeni lukisKakaisaran OttomanYusril Ihza MahendraGunung Merbabu1716DelimaAtéismeBrunéi DarussalamCelempungGFDLCrash Landing on YouWatakLayang èlèktronikKitab DanièlElia khadamWikipédiaVenusNikelParto PatrioPra-PaskahHostess CupCakeMonumèn NasionalSwitserlanWiki FoundationMakruhRuwatan Rambut GimbalMozilla FirefoxMercedes-Benz SLS AMGKhalil GibranValutaTembung tanggap🡆 More