Aids

AIDS iku sindrom kumpulan manéka tandha-tandha lan infèksi minangka akibat saka karusakan spésifik sistem kakebalan awak amarga infèksi virus HIV ing manungsa..

AIDS wujud akronim ing basa Inggris saka Acquired Immunodeficiency Syndrome utawa Acquired Immune Deficiency Syndrome ('sindrom dhéfisiènsi imun dapatan'). Jeneng virusé ya iku HIV, wujud singkatan saka Human Immunodeficiency Virus ('virus dhéfisiènsi imun manungsa' utawa 'virus panurun kakebalan manungsa'). Virus sing mèmper HIV ing spésies liya ya iku (SIV, FIV, lan liya-liyané).

Aids
Pita Abang minangka simbol solidaritas kanggo wong sing positif kainfèksi virus HIV lan AIDS.

HIV lan virus-virus sajinisé ditularké liwat kontak langsung antarané membran mukosa utawa ilènan getih karo cuwèran awak sing ngandhut HIV, kaya ta getih, semèn utawa banyu mani, cuwèran vagina, cuwèran preseminal, lan banyu susu ibu. Transmisi utawa panularan iki bisa dumadi liwat gayutan sèksual (vaginal, anal, uga oral), transfusi getih, dom suntik sing kena kontaminasi, ijolan HIV antarané ibu lan bayi nalika meteng, nglairaké utawa nyusoni, sarta kontak liya karo salah siji cuwèran awak mau.

Réferènsi

Pranala njaba

Aids 
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani AIDS ing KamusWiki.
Aids 
Wiki
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.



Tags:

Basa InggrisManungsa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Marcus RashfordAngga Aldi YunandaJohn von NeumannSomalilandFeni RoseGianluigi BuffonMaltaPlabuhanPapan Anggegana Internasional Soekarno-HattaPitulungZeusGoogle ChromeUkara gothangGedhang gorèngCathetan padinanYuyuWayangTumpengPada madyaKerja Sama Ekonomi Asia PasifikLapis legitAlyssa SoebandonoMiki TikusManganSengkalanErling HaalandGongAbimana AryasatyaMarie AntoinetteItilMünchenÈnsiklopédhiUrologiAnies BaswedanMicrosoft WindowsSpanyolEmprit Abuntut Bedhug (Buku)Veve ZulfikarIbnu SinaCentre-Val de LoireRebabDonald TrumpNyadranBaladéwa1945Kabiskopan Kasana–LuweeroDramaAbimanyuFosforTajikistanArtikelSang PenariAsuGaris bujurMarokoDrijiPerawan Remaja dalam Cengkeraman MiliterElipsSajarah PrancisPound sterlingANTVKaisarUBlock OriginStephen ChowVermontNgulamaSevilla FCLantanumBlilu tau pinter durung nglakoniBergenIsraèlBale Sigala-galaAsmaaulhusnaÉtanol🡆 More