S.S.
Lazio (Società Sportiva Lazio SpA) yaiku salah siji klub bal-balan Italia kang basise ana ing kutha Roma, dimadegake tanggal 9 Januari 1900. Lazio wis tau dadi juara Serie A kaping loro, dadi juara Coppa Italia kaping lima, Piala Super Italia kaping telui, lah sapisan dadi juara Piala Winners lan Piala Super Éropah. Kostum utama saka tim Lazio yaiku warna biru langit kanggo kaos lan warna putih kanggo clana lan kaos sikil. Stadion kandang kanggo tin Lazio yaiku, Stadion Olimpico kang mapan ing kutha Roma, stadion iki duwé kapasitas 72,698 panggon lungguh, Saliyané iku Lazio duwé rival saka kutha kang padha yaiku A.S. Roma. Lazio karo A.S. Roma wis saingan kanggo kang suwi, nalika keakarone main, dikenal karo jeneng Derby della Capitale (Derby Kuyha Roma) wiwit taun 1929. Saliyané iku Lazio uga dadi salah siji klub ulah raga kang mèlu partisipasi ana ing telung puluh jinis ulah raga, amarga iku Lazio dadi klub kang paling akèh nangani cabang ulah raga ana ing Éropah. Wiwitane didirikake Lazio dadi klub atletik, banjur seksi bal-balan diwangun nalika taun 1902. Nganti tekan saiki klub Lazio nangani nangani cabang ulah raga kaya baseball, kriket, lan rugby. Ana ing mangsa kompetisi 2005/2006 rampung, Lazio karo tim liyané kaya (AC Milan, Juventus, Fiorentina, lan Reggina) diwènèhi ukuman pengurangan poin amarga kena skandal calciopoli kang gawé heboh Italia.
Jeneng jangkep | Società Sportiva Lazio S.p.A. | ||
Peparab | Biancocelesti (Putih dan Biru Langit) Aquile (Si Garudha) Aquilotti (Si Garudha Muda) | ||
Diadegaké | 9 Januari 1900 | ||
Lapangan | Stadion Olimpico Roma, Itali | ||
Kapasitas | 73 260 | ||
Ketua | Claudio Lotito | ||
Manajer | Simone Inzaghi | ||
Liga | Serie A | ||
2019-20 | Serie A, (4) | ||
|
Lazio dipundamel ing taun 1900 ing prati, satunggaling distrik ing kuta Roma. Lazio rikala taun 1900an sanès tim bal kemawon nanging ngayomi ulah raga sanèsipun. Lazio ndhèrèk kompetisi ingkang resmi taun 1912, Lazio tim ingkang nolak merger ingkang dadosaken tim bal énggal inggih punika AS Roma. Ikon warna lazio inggih punika warna biru langit ingkang inspirasi saking lambang nasional Yunani, Kostum Biancocelesti ingkang sapisan wonten tigang warna yaiku putih, biru langit kaliyan cemeng. Nanging sapunika warna cemeng diilangaken. Logo Lazio awujud garudha, logo garudha kapilih saking Luigi Bigiarelli, tiyang kang gawé Lazio. Lambang punika dijupuk saking logo wadyabala karajan Roma ingkang mau Aquila.
2 juara Serie A (1973/74, 1999/00)
6 juara Coppa Italia (1958, 1997/98, 1999/00, 2003/04, 2008/09, 2012/13)
4 juara Supercoppa Italiana (1998, 2000, 2009, 2017)
1 juara Serie B (1968/69)
1 juara Piala Winners (1998/99)
1 Piala Super Éropah (1999)
Roster has to be updated
Liga Italia Seri A 2014/2015 |
Atalanta | Cagliari | Cesena | Chievo | Empoli | Fiorentina | Genoa | Inter Milan | Juventus | Lazio | A.C. Milan | Napoli | Palermo | Parma | A.S. Roma | Sampdoria | Sassuolo | Torino | Udinese | Verona |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article S.S. Lazio, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.