Bal-Balan

Bal-balan iku dolanan bal kang dimainaké déning rong tim, lan saben tim dumadi saka 11 juru main.

Lumebu ing abad 21, ulah raga iki wis dimainaké punjul 250 yuta wong ing 200 nagara, lan ndadèkaké ulah raga paling kondhang ing donya. Bal-balan iku tujuané nyithak gol sakakèh-akèhé kanthi nganggo bal saka kulit ing gawang mungsuh. Bal-balan dimainaké ing njero lapangan kang dhapuré pesagi dawa, ing dhuwur suket utawa suket sintètis.

Bal-Balan
Bal kang biyasa kanggo bal-balan
Bal-Balan
Sawijining panyerang (abang) nggiring bal.
Bal-Balan
bocah bal-balan ing Mesir
Bal-Balan
Ing bal-balan, tujuan dhasar para penggemar yaiku nyengkuyung timnya sajrone pertandingan kasebut

Lumrahé kang tukang jaga gawang kang duwé hak démok bal nganggo tangan utawa lengen ing njero laladan gawangé, nanging 10 (sepuluh) juru main saliyané amung diidinaké nggunakaké kabèh awaké saliyané tangan, lumrahé nganggo sikil kanggo nendhang, dhadha kanggo ngontrol, lan sirah kanggo nyundhul bal. Tim kang nyithak gol luwih akèh ing akir iku dadi kang menang. Nanging angger nganti wektu entèk isih imbang, bisa dianakaké undhian, ndawakaké wektu utawa adu penalti, iku manut karo format kang gawé kejuwaran.

Aturan permainan/tetandhingan lumrahé dianyaraké saben taun déning indhuk organisasi bal-balan internasional (FIFA), kang uga nindakaké Piala Donya saben patang taun sapisan.

Sajarah

Sajarahé ulah raga bal-balan diwiwiti awit abad angka 2 lan angka 3 sadurungé Masèhi ing Cina. Ing jaman Dinasti Han mau, masarakat nggiring bal asalé saka kulit lan nendhang tumuju jaring kang cilik. Dolanan mèh padha uga dimainaké ing Jepang kanthi sinebut Kemari. Ing Italia, dolanan nendhang lan nggawa bal uga disenengi wiwit abad angka 16.

Bal-balan modhèren wiwit ngrembaka ing Inggris lan dadi banget disenengi. Ing sapérangan kompetisi, permainan iki nimbulaké akèh kekerasan suwéné tetandhingan saéngga akiré Raja Edward III nglarang ulah raga iki dimainké nalika taun 1365. Raja James I saka Sekotlan uga njurung larangan kanggo main bal-balan. Nalika taun 1815, sawijining pakembangan gedhé njalari bal-balan dadi kondhang ing lingkungan universitas lan sekolah. Lair bal-balan modhèren dumadi ing Freemasons Tavern taun 1863 nalika 11 sekolah lan klub kumpul lan ngrumusaké aturan baku kanggo permainan mau. Bebarengan karo iku, dumadi pamisahan kang cetha antarané ulah raga rugby karo bal-balan (soccer). Nalika taun 1869, nggawa bal nganggo tangan wiwit dilarang sajeroning bal-balan. Sakwéné taun 1800-an, ulah raga mau digawa déning pelaut, pedagang, lan bala Inggris menyang manéka wilahan donya. Nalika taun 1904, asosiasi paling dhuwur bal-balan donya (FIFA) diwangun lan ing awal taun 1900-an, manéka kompetisi dimainké ing manéka nagara.

Peraturan bal-balan

Peraturan resmi permainan bal-balan (Laws of the Game) ya iku:

  • Peraturan 1: Lapangan bal-balan
  • Peraturan 2: Bal
  • Peraturan 3: Gunggung Pamain
  • Peraturan 4: Piranti Pamain
  • Peraturan 5: Wasit kang ngatur tetandhingan
  • Peraturan 6: Asisten wasit
  • Peraturan 7: Wektu Permainan
  • Peraturan 8: Bal metu lan ing njero lapangan
  • Peraturan 9: Cara olèh angka
  • Peraturan 10: Offside
  • Peraturan 11: Pelanggaran
  • Peraturan 12: Tendhangan bébas
  • Peraturan 13: Tendhangan
  • Peraturan 14: Lemparan jero
  • Peraturan 15: Tendhangan gawang
Bal-Balan 
Lapangan bal-balan

Organisasi

Jinis liyané

  • Bal-balan wanita
  • Bal-balan Paralimpik (kanggo wong cacad)
  • Bal-balan ruwangan (indoor): five a side football, futsal lan indoor soccer
  • Futsal
  • Sepak takraw

Èlemèn permainan

  • Peraturan gol tandang (away goals)
  • Adu penalti, racaké diwakili déning 5 juru main saka saben tim.
  • Formasi-posisi tim ing lapangan
  • Hattrick, yèn sajeroning siji tetandhingan siji juru main bisa nyithak 3 gol.
  • Taktik lan kemampuan individual-cathetan ngenani cara main bal-balan
  • Posisi-posisi juru main
  • quattrick, yèn siji juru main bisa nyithak 4 gol sajeroning 1 tetandhingan.

Paribasan

Aku dinggo bal-balan, tegesé aku didadèkaké sasaran, utawa kanggo uncal-uncalan.

Réferènsi

Uga delengen

Pranala njaba

Tags:

Bal-Balan SajarahBal-Balan Peraturan bal-balanBal-Balan ParibasanBal-Balan RéferènsiBal-Balan Uga delengenBal-Balan Pranala njabaBal-BalanBalDonyaNagaraSuketWong

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

TlagaKincir anginBrenjilanSyahriniBenikHemisferBasa LatinOrkestraElipsCut Nyak MeutiaGuam1647HaumeaSwèdhenPlabuhanGalaksi AndromedaUni SovyètPananggalan JawaTenggelamnya Kapal Van der Wijck (filem)Stephen ChowFinlanSardiniaMonumèn NasionalAdeleLee Jong-sukGongSurat Ali Imran1930Kethoprak11 FèbruariSitologiNew MexicoBlilu tau pinter durung nglakoniSumatraSasiTanzaniaWikiRaditya DikaErisPortugalSandy WalshYudhisthiraAksara LontaraMagdalena AnderssonC++Universitas LampungAbad ping 20Wikinews19432000KumbakarnaBebrayan14 OktoberTribadGoogle ChromeBasa InggrisIrigasiAsiaMiddlesbrough F.C.KucingPinguinSurat Al Anbiyaa’Gas2006Omah JogloAbad TengahanGuritaGréja KatulikMatèriLintang2005Stadion Gelora Bung KarnoRafael Struick🡆 More