A.c. Milan

Associazione Calcio Milan (dicekak AC Milan utawa Milan waé) ya iku sawijining klub bal-balan utawa bal-balan Italia kang basisé ana ing kutha Milan.

Milan main nganggo seragam garis abang-ireng lan clana ireng, saéngga dijuluki rossoneri ("abang-ireng"). Milan dadi tim paling sukses kapindho sajeroning sajarah bal-balan Italia, dadi juara Seri A kaping 18 lan Piala Italia ping lima.

A.C. Milan
Wiki Basa Jawalogo
Jeneng jangkep Associazione Calcio Milan
Peparab Rossoneri (Abang-Ireng)
Il Diavolo Rosso (Sétan Abang)
Diadegaké 16 Dhésèmber 1899
Lapangan San Siro,
Milan, Itali
Kapasitas 80.018
Ketua Itali Paolo Scaroni
Manajer Itali
Liga Serie A
2021-22 Serie A, Juara
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
Seragam kandang
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
A.c. Milan
Seragam tandang
A.c. Milan
Stadhion San Siro Kandhang AC Milan & Inter Milan

Klub iki diadegaké taun 1899 kanthi jeneng Klub Kriket lan Sepak bola Milan (Milan Cricket and Football Club) déning Alfred Edwards, sawijining ekspatriat saka Inggris. Minangka pakurmatan marang asal-usulé, Milan tetep ggunaaké ejaan basa Inggris jeneng kuthané (Milan) tinimbang nganggo ejaan basa Italia Milano.

Stadion lan basis pendukung

Stadion tim wektu iki ya iku Stadion Giuseppe Meazza kang kapasitasé 85.000 pemirsa. Stadion iki juga kaloka kanthi jeneng San Siro. Stadion iki dipigunaaké bebarengan karo Internazionale ("Inter"), klub gedhé liyané ing Milan. Suporter AC Milan nggunakaké "San Siro" kanggo nyebut stadion iku amarga mbiyèné Giuseppe Meazza dadi juru main bintang ing Inter. Nanging, mengkoné, ana wacana kanggo mindahaké homebase Milan menyang stadion anyar, kaya sing diungkapaké déning wakil présidhèn Adriano Galliani ana ing taun 2006.

Miturut sajarah, AC Milan (Ning Italia diarani "Milan" waé) dijurung déning kaum punggawa lan kelas buruh ing Milan (lumrahé para migran saka laladan Italia sisih kidul), déné Inter luwih éntuk panjurung saka wong-wong sugih. Sanajan kaya mangkono, ana ing taun-taun pungkasan, basis pendukungé wis akèh owah-owahan.. Milan saiki diduwèni déning ratu médhia lan mantan Mahamantri Italia, Silvio Berlusconi, déné Inter diduwèni déning pebisnis garis tengah-kiwa, Massimo Moratti. Sanajan ngono, basis pendukung Milan mayoritas duwé haluan pulitik sayap kiwa, sebrang-sebrangan karo Inter kang didominasi déning pendukung kang kanthi tradhisional duwé haluan sayap tengen. Grup pendukung (ultras) kang misuwur saka Milan ya iku Fossa Dei Leoni kang duwé ilèn ekstrim kiri, lan Brigate Rossoneri ilèn ekstrim kanan. Sawisé keributan karo suporter Inter ana ing derby mangsa kompetisi 2005/2006, Fossa Dei Leoni mbubaraké diri kanthi organisasi. Sanajan mangkono, massané isih setia njurung Milan ing tribun mirunggan pérangan kidul stadion San Siro bebarengan karo golongan liya, kanthi sebutan Curva Sud.

Sajarah (1990-an nganti saiki)

Mangsa kejayaan Milan ing era sepakbola modhèren ya iku awal dekade 90-an nalika mendominasi Liga Italia nalika diasuh déning Arrigo Sacchi, lan diterusaké déning Fabio Capello. Puncaké, Milan ngrebut trofi Liga Champions ing taun 1994 ngalahaké Barcelona ing babakfinal. Sakpungkuré Capello (kang nyebrang menyang Spanyol kanggo nglatih Real Madrid), Milan terus mlorot lan lagi bisa ngraih gelar juara Liga Italia ing mangsa kompetisi 1998/1999 nalika diasuh déning pelatih Alberto Zaccheroni. Amarga surut gelar, Zaccheroni nuli diganti déning mantan juru main Milan, Carlo Ancelotti. Ancelotti kasil nggawa Milan ngraih gelar juara Liga Champions ing mangsa 2002/2003 nalika ngalahaké Juventus liwat drama adu pinalti ing Manchester, Inggris. Milan ngraih gelar prestisus pungkasan kanthi ngrebut juara Liga Italia ing mangsa kompetisi 2003/2004 sisan ndadèkaké penyerang Andriy Shevchenko minangka pencetak gol paling akèh ing Liga Italia.

A.c. Milan 
Jawara UEFA Liga Champions mangsa taun 2002–03

Ana ing mangsa kompetisi Liga Italia Seri A 2006/2007, Milan kesangkut skandal calciopoli kang ndadèkaké klub iku kudu wiwit kompetisi kanthi pengurangan 8 poin. Sanajan mangkono, publik Italia tetep bangga amarga ing tengah rusaké citra bal-balan Italia akibat calciopoli, Milan kasil njuarai kompetisi sepakbola kang paling gengsi sadonya, Liga Champions. Prestasi mau direngkuh sawisé Milan naklukaké Liverpool 2-1 liwat loro gol-é Filippo Inzaghi. Gelar iku nuntasaké dendam Milan kang kalah nalika adu penalti karo Liverpool rong taun sadurungé. Gelar pencetak gol paling akèh disabet déning juru main jenius Milan, Kaká kanthi 10 gol. Ana ing pertengahan mangsa, Milan ngundang mantan juru main paling apik sadonya, Ronaldo saka Real Madrid kanggo nguataké armada penyerang sawisé penyerang anom Marco Borriello diukum amarga konangan nganggo doping. Sawisé mangsa kompetisi 2006/2007 bubar, santer dikabaraké yèn Milan bakal kélangan Kaká kang diburu déning Real Madrid. Trequartista asal Brasil iki pancèn wis dadi buronané Madrid kang wis suwé péngin nuku. Madrid nawaraké dhuwit 80 yuta euro utawa setara karo 980 miliar rupiah kanggo transfer Kaká. Kaká ditawari gaji resik 12 juta euro per mangsa, sarta 100% kasil dodolan "merchandise"é. Gaji iki nilainé lipat 2,5 saka gajiné ing Milan. Yèn Kaká nampa tawaran Madrid mau, dhèwèké bakal dadi pebola paling larang sepanjang jaman, ngluwihi rekor Zinedine Zidane kang mung 47 yuta euro. Bapak sisan agen Kaká, Bosco Leite uga sempat mabur menyang Madrid kanggo rundinganmasalah Kaká. Milan mesthi waé ora setuju nglepasaké kanthi rega pira waé. Madrid sidané nyerah. Amarga kasetiaané mau, Milan janji bakal ngunggahaké gaji Kaká.

Pemain kondhang

 

Skuad mangsa 2014/2015

Catatan: Data ing ngisor iki bener nganti 26 Agustus 2014.

Kiper
1 A.c. Milan  Michael Agazzi
23 A.c. Milan  Diego López
32 A.c. Milan  Christian Abbiati
59 A.c. Milan  Gabriel
Bèg
20 A.c. Milan  Ignazio Abate
27 A.c. Milan  Pablo Armero (silihan saka Udinese)
14 A.c. Milan  Michelangelo Albertazzi
25 A.c. Milan  Daniele Bonera
33 A.c. Milan  Alex
2 A.c. Milan  Mattia De Sciglio
5 A.c. Milan  Philippe Mexès
13 A.c. Milan  Adil Rami
81 A.c. Milan  Cristian Zaccardo
17 A.c. Milan  Cristián Zapata
Glandhang
24 A.c. Milan  Bryan Cristante
34 A.c. Milan  Nigel de Jong
15 A.c. Milan  Michael Essien
34 A.c. Milan  Riccardo Montolivo (kapten)
4 A.c. Milan  Sulley Muntari
16 A.c. Milan  Andrea Poli
8 A.c. Milan  Riccardo Saponara
Penyerang
92 A.c. Milan  Stephan El Shaarawy
11 A.c. Milan  Giampaolo Pazzini
10 A.c. Milan  Keisuke Honda
19 A.c. Milan  M'Baye Niang
7 A.c. Milan  Jérémy Ménez
98 A.c. Milan  Hachim Mastour
Pelatih
A.c. Milan  Filippo Inzaghi

Prestasi

  • Seri A: 19
    • 1901, 1906, 1907, 1950-51, 1954-55, 1956-57, 1958-59, 1961-62, 1967-68, 1978-79, 1987-88, 1991-92, 1992-93, 1993-94, 1995-96, 1998-99, 2003-2004, 2010-11, 2021-2022
  • Piala/Liga Champions: 7
    • 1962-63, 1968-69, 1988-89, 1989-90, 1993-94, 2002-03, 2006-07
  • Piala Italia: 5
    • 1966-67, 1971-72, 1972-73, 1976-77. 2002-03
  • Piala Super Italia: 7
    • 1988, 1992, 1993, 1994, 2004, 2011, 2016
  • Piala Interkontinental: 3
    • 1969, 1989, 1990
  • Piala Super Éropah: 5
    • 1989, 1990, 1994, 2003, 2007
  • Piala Winners: 2
    • 1967-68, 1972-73
  • Piala Latin (Piala kang paling wigati kanggoné klub-klub Éropah ana ing taun 40-an lan 50-an. Diselenggarakan wiwit 1949 nganti 1957 antara juara-juara Prancis, Italia, Portugal lan Spanyol. Kejuaraan iki ilang sawisé dimulai Piala Champions.)
    • 1951, 1956
  • Piala Mitropa
    • 1981/82

Babak Final

  • Piala/Liga Champions
    • 1957/58, 1992/93, 1994/95, 2004/5, 2006/7
  • Piala Winners
    • 1973/74
  • Piala Interkontinental
    • 1963, 1993, 1994, 2003
  • Piala Super Éropah
    • 1973, 1993
  • Piala Latin
    • 1953
  • Piala Italia
    • 1941/42, 1967/68, 1970/71, 1974/75, 1984/85, 1989/90, 1997/98

Pratélan Présidhèn AC Milan

  • 1899-1909 A.c. Milan  Alfred Edwards
  • 1909-1909 A.c. Milan  Giannino Camperio (regent)
  • 1909-1928 A.c. Milan  Piero Pirelli
  • 1928-1930 A.c. Milan  Luigi Ravasco
  • 1930-1933 A.c. Milan  Mario Bernazzoli
  • 1933-1935 A.c. Milan  Luigi Ravasco (komisi mirunggan)
  • 1935-1936 A.c. Milan  Pietro Annoni
  • 1936-1936 A.c. Milan  Annoni, Lorenzini dan Valdameri (majelis regent)
  • 1936-1939 A.c. Milan  Emilio Colombo
  • 1939-1940 A.c. Milan  Achille Invernizzi
  • 1940-1944 A.c. Milan  Umberto Trabattoni (komisi mirunggan)
  • 1944-1945 A.c. Milan  Toni Busini
  • 1945-1954 A.c. Milan  Umberto Trabattoni
  • 1954-1963 A.c. Milan  Andrea Rizzoli
  • 1963-1965 A.c. Milan  Felice Riva
  • 1965-1966 A.c. Milan  Federico Sordillo (regent)
  • 1966-1967 A.c. Milan  Luigi Carraro
  • 1967-1971 A.c. Milan  Franco Carraro
  • 1971-1972 A.c. Milan  Federico Sordillo
  • 1972-1975 A.c. Milan  Albino Buticchi
  • 1975-1976 A.c. Milan  Bruno Pardi
  • 1976-1977 A.c. Milan  Vittorio Duina
  • 1977-1980 A.c. Milan  Felice Colombo
  • 1980-1982 A.c. Milan  Gaetano Morazzoni
  • 1982-1986 A.c. Milan  Giuseppe Farina
  • 1986-1986 A.c. Milan  Rosario Lo Verde
  • 1986-2004 A.c. Milan  Silvio Berlusconi
  • 2004-2006 lowong (pelaksana harian diserahkan kepada wakil présidhèn Adriano Galliani)
  • 2006-2017 A.c. Milan  Silvio Berlusconi
  • 2017-2018 A.c. Milan  Li Yonghong
  • 2018- A.c. Milan  Paolo Scaroni

Rujukan

Pranala njaba


Liga Italia Seri A 2014/2015
Atalanta | Cagliari | Cesena | Chievo | Empoli | Fiorentina | Genoa | Inter Milan | Juventus | Lazio
| A.C. Milan | Napoli | Palermo | Parma | A.S. Roma | Sampdoria | Sassuolo | Torino | Udinese | Verona
Anggota G-14

A.c. Milan  Ajax | A.c. Milan  Arsenal | A.c. Milan  FC Barcelona | A.c. Milan  Bayer Leverkusen | A.c. Milan  Bayern Munich

A.c. Milan  Borussia Dortmund | A.c. Milan  PSV Eindhoven | A.c. Milan  Internazionale | A.c. Milan  Juventus

A.c. Milan  Liverpool | A.c. Milan  Manchester United | A.c. Milan  AC Milan | A.c. Milan  Lyon | A.c. Milan  Marseille

A.c. Milan  Paris Saint-Germain | A.c. Milan  FC Porto | A.c. Milan  Real Madrid | A.c. Milan  Valencia

Tags:

A.c. Milan Stadion lan basis pendukungA.c. Milan Sajarah (1990-an nganti saiki)A.c. Milan Pemain kondhangA.c. Milan Skuad mangsa 20142015A.c. Milan PrestasiA.c. Milan Pratélan Présidhèn AC MilanA.c. Milan RujukanA.c. Milan Pranala njabaA.c. MilanBal-balanItaliaMilanSeri A

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

BudayaMoskouArkéologiLesmanaSami KhediraTata SuryaTembung sesulihLaskar PelangiKalimantan WétanCitra ScholastikaSalvatore QuasimodoKarnaJalaluddin RumiRasukan adat JawaUpacara tingkebanMasjid Agung Jawa TengahTugu PahlawanWangsa QingThiwulNicholas SaputraKerisSurat Adh DhuhaSri Mulyani IndrawatiAndre TaulanySesorahAlang-alangAgus MustofaTemulawakSalam Lintas AgamiMarie AntoinetteRévolusi PrancisBlogMa Dong-seokSingaRicky HarunJepangRyan GiggsKulawarga basaAksara JawaHidrogenSepur Jaka TingkirGatot NurmantyoDaérah IstiméwaAkulturasiSinarmas GroupDian SastrowardoyoSurat As SajdahSon Heung-minIndra BruggmanArané pérangan awakFilipinaSlankKeramat (film)Virgil van DijkMahuaDenny CaknanGunung PrauBima (paraga Mahabharata)BerukAlina Kukushkinaꦏꦂꦤꦮ꦳ꦭ꧀WignyanKorvètCumbana payudaraJeremy ThomasAmbal warsaPallywoodKim Nam GilSurat Al LahabWeightlifting Fairy Kim Bok-jooSurat Al Jumu’ahJason StathamWidi WidajatMonsters, Inc.Iis DahliaCristian Gonzálés🡆 More