Indra Bruggman

Indra Lesmana Bruggman utawa luwih ditepungi mawa jeneng Indra L.

Bruggman utawa Indra Bruggman (lair ing Tasikmalaya, Jawa Barat, 8 Mèi 1981; umur 42 taun) iku juru main pemeran sinétron ing donyaning hiburan Indonésia.

Indra Bruggman
Indra Bruggman
LairIndra Lesmana Bruggman
Pakaryanaktor
Taun aktif1995-saiki
Wong tuwaYohana lan Mimi

Biografi

Indra Brugman iku anak saka pasangan Yohana (bapak) lan Mimi (ibu). Wiwit sekolah ing sekolah dhasar wis dadi juwara ing lomba peragaan busana ing kutha klairané. Nalika taun 1995, anak nomer loro saka sadulur kang cacahé papat iki mèlu lomba pamilihan coverboy kalawari Aneka. Nalika iku Indra isih sekolah ing sekolah menengah pertama. Indra Bruggman bisa dadi salah sijiné finalis ing lomba kang dianaké majalah Aneka. Indra Bruggman iku wong lanang katurunan Sunda lan Walanda. Indra Bruggman banjur mutusaké kanggo ijrah ing Jakarta kang ancasé kanggo ngrembakaké kariré. Sawisé mèlu casting, Indra banjur kepilih dadi pemeran utama ing sinétron kang judhulé Jinny Oh Jinny. Sinetron iki prodhuksiné Multivision Plus. Indra Bruggman akting ing sinétron iki bareng karo Diana Pungky. Jeneng Indra Bruggman banjur misuwur nalika Indra main ing sinétron iki. Saliyané iku Indra uga main ing sinétron liyané. Wiwit iku akèh tawaran main filem kangggo Indra. Sinetron-sinétron kang tau dibintangi Indra Bruggman ya iku Siapa Takut Jatuh Cinta, Romantika lan Taqwa kang dibintangi bareng karo Nabila Syakieb. Saliyané sinétron, Indra uga dadi bintang iklan kaya ta iklan prodhuk Sandal Dakkar, Krating Daeng, So Klin Pewangi, lan Sepatu Hasenda. Indra Bruggman tau pacaran karo Dhini Aminarti nanging putus.

Cathetan suku


Tags:

19818 MèiIndonésiaJawa BaratSinétronTasikmalaya

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Serat WédhatamaPulitikMikro-organismeAnak Jalanan (sinetron)Sujarah Maritim NuswantaraPurwapadaRerengganTunisiaMangsa pancarobaAntarejaWétan TengahLumut kerakSepongWulu kéwanMario MaurerKleponIndhiCitra KiranaLangitPalung MarianaOséanografiBal-balanDev PatelBika ambonKerata basaAksara CarakanTransistorAmateur Night (filem)Wayback MachineBenazir BhuttoPadmasoesastraAlisOmah LimasanVia VallenSumitro DjojohadikusumoWektu Universal KakoordhinasiKarbonKarnaDhandhanggulaJaring KalamanggaHiraganaPangidhèntifikasi Obyèk DigitalWoh mangsiJerome PolinReza Rahadianꦱꦸꦛꦶꦭ꧀Lion AirMohammad HattaGulagGobag sodorWalisangaKomengMoskouSoto LamonganBaumkuchenKebo ilang, tombok kandhangJawa TengahAmérika SarékatBélarusFlorentino PérezBanyuSurat Al IkhlashGunung PrauKembenRengginangBaladéwaBasaKutha SurakartaRama TambakSiramanJepangLumpang🡆 More