Komeng: Juru banyol saka Indonésia

Alfiansyah langkung misuwur kanthi asma Komeng; lair ing Jakarta, Indonesia, 25 Agustus 1970; umur 53 taun.

Komeng punika salah satunggaling pelawak Indonesia. Komeng misuwur nalika dados presenter acara Spontan ingkang naté dipunbabaraken déning SCTV wiwit taun 1995. Pelawak ingkang dipunidolakaken Komeng inggih punika Benyamin Sueb. Komeng gadhah jargon komedi inggih punika Uhuiiii.....

Komeng
Komeng: Karir, Cathetan suku
LairAlfiansyah
Jeneng liyaKomeng
Pakaryanaktor, pelawak, pembawa acara
Taun aktif1995 — saiki
PasanganIndra Dewi (1999saiki)

Sadèrèngipun dados pelawak, Komeng punika dados penyiar Radio SK Jakarta nalika taun 1993 dumugi 1996 saha Bens Radio Jakarta nalika taun 1996. Ngantos sapunika, Komeng ugi asring tampil wonten tivi dados presenter. Komeng krama kaliyan tiyang èstri ingkang anami Aprilliana Indra Dewi. Komeng sampun naté dados bintang wonten ing sinétron-sinétron komedi. Sinetron komedi ingkang naté dipunbintangi Komeng inggih punika Kompor Diamor (TPI, 1991), Akal-Akalan (Indosiar, 1996), Otak-Otak Kuda (TPI 1996), Malioboro (TPI, 1996), Liliput (2001), Puteri Duyung (SCTV, 2001).

Nalika pertengahan taun 2009, Komeng akting wonten ing salah satunggaling komédi situasi. Acara komedi punika gadhah irah-irahan Kungfu Komeng. Wonten ing acara punika, Komeng akting kaliyan Tessa Kaunang. Komeng ugi dados bintang iklan prodhuk motor Yamaha.

Komeng naté sekolah wonten ing SD dumugi SMA wonten ing kutha Jakarta. Komeng ugi naté kuliyah wonten ing Akademi Bank Indonesia nanging boten rampung.

Karir

Radio

  • Penyiar Radio SK Jakarta, 1993-1996
  • Penyiar Bens Radio Jakarta, 1996

Acara Televisi

Film

  • Anda Puas, Saya Loyo (2008)
  • Mau Dong Ah (2009)

Sinetron

  • Akal-akalan ing Indosiar, 1996
  • Otak-polo Kuda ing TPI, 1996
  • Malioboro ing TPI, 1996
  • Liliput, 2001
  • Puteri Duyung ing SCTV, 2001
  • James Bono ing TPI, 2001

Cathetan suku

Tags:

Komeng KarirKomeng Cathetan sukuKomeng1970199525 AgustusIndonesiaJakartaPelawakSCTV

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Plexus brachialisSteve Jobs2022Jesse JamesDentawyanjanaBagimu NegeriKubukHiraganaAlengkaBal-balanWikipédiaWayang bèbèrSaronPiknik wudaSurat Al QadrKaskusSaté2024PangkurPolahe anteng kitiranSepong26 MaretKethoprak JawaDasanamaAdasNesuPuputanBadan SAR NasionalKabupatèn PanaragaJurnalistikFilipinaAdeg-adeg (aksara)Tembung aranNagaraStar WarsKabupatèn Bombanaꦧꦺꦤ꧀ꦠꦺꦔꦤ꧀WikimaniaPeléGamelanTanjung Priok, Jakarta LorCreative CommonsPagawéanXXX (filem 2002)SpongeBob SquarePantsAndy F. NoyaDavid BeckhamRasukan adat JawaNiu SélanParto PatrioRahwanaEmha Ainun NadjibYodiumBanjirGeni.comGoogle ChromeGondhongDaniel RadcliffeArgo WilisAdiwerna, TegalDelimaMétabolit sékundèrSurat Al MuzzammilSunan BonangSoekarnoWage Rudolf SoepratmanꦌꦒꦿꦁTèknologi informasiFuji ElectricUyon-uyon4 SèptèmberHappy Feet TwoYudhisthira🡆 More