Sepatu

Sepatu yaiku lapik utawa barang kang minangka buntél sikil.

Lumrahé digawé saka kulit, karèt, kain lspé. Panggonan telapak lan tungkaké kandel lan atos.. Saiki sepatu ora mung kanggo alas sikil, nanging wis dadi pérangan wigati kanggo penampilané wong.

Sepatu
Sepatune wong lanang
Sepatu
Sepatune wong wadon (stiletto)
Sepatu
bakul sembarang jinis sepatu ing pasar mesir

Jinis

Jénis séépatu kanggo wong wadon ana pirang-pirang, antarané:

  1. Open Toe Shoes:pucuké bukaan, pérangan buri tutupan. Pasisirs kanggo acara formal utawa informal, untungé nganggo spéatu modèl iki yaiku sikil ora cépét kringétan.
  2. Pump Shoes:Pump shoes diartiké sepatu labu. Diundang kaya ngono mérga pucuk sepatu mirib buah waluh, dhapuré séténgah bundér, sépatu modhél iki cocog dikombinasikaké karo rok mini.
  3. Sling Back Shoes:ciri-ciriné sepatu modhèl iki yaiku ana tali kang nggubét ing pergelangan sikil. Kérép karan sepatu sandhal. Cocok digunakaké nalika nganggo rok modhèl A-line supaya ngetokaké kesan feminin.
  4. Wedge Heel:Wedge Heel iki jénis sepatu kang duwé ukuran hak kang méh padha ing pérangan ngarep lan mburiné.
  5. Kitten Heel:Sepatu kang duwé hak cendhèk. Luwih cocog digunakaké ing acara kasual.
  6. Stiletto:Pérangan ngarep lancip lan duwé hak kang lancip uga dhuwur. Cocok dikombinasikaké karo gaun. Sepatu iki bisa ngetokaké kesan feminin lan seksi.
  7. Selop: sepatu kang uga karan slipper iki duwé ciri-ciri pérangan ngarep tutupan kaya sepatu nanging pérangan mburi bukaan, mirib sandal.
  8. Boots: Sepatu kang ketutup sekabehané.
  9. Sports:Sepatu kets. Sepatu kang racaké digunakaké nalika ulah raga.

Jinis sepatu kanggo wong lanang yaiku:

  1. Dress Shoe: sepatu jinis iki dienggo ing acara-acara formal. Mbiyén, sepatu iki wernané mung ireng. Nanging saiki wis ana wèrna coklat lan putih.
  2. Casual Shoes: digunakaké ing acara-acara santai lan semi formal. Sing kalebu sepatu jinis iki yaiku sneakers, loafins,lan moccasins
  3. Athletic/Sport Shoes; sepatu kang dienggo ulah raga iki digawé lan dipaské karo jinis ulah ragané.

Cara Ngrumat Sepatu

Bab-bab kang kudu digatekaké nalika ngresiki sepatu.

  1. Resiki regedan sadurungé disemir
  2. Rutin anggoné nyemir
  3. Cepet digaringaké nalika teles
  4. Sikil kuduné garing nalika arep nganggo
  5. Duwé sepatu punjul sepasang supaya bisa ganti lan supaya sepatu ora rikat rusak amarga dienggo terus.
  6. Resiki blethok kang nèmplèk ing sepatu nalika wis garing
  7. Aja ngumbah sepatu nganggo mesin
  8. Adohke saka sorot srengéngé langsung
  9. Gunakaké baking soda kanggo ngilangi ganda bacin
  10. Simpen kang apik

Cara ngrumat sepatu manut bahan sepatu.

Sepatu kulit

  1. Resiki saka lebu lan regedan sawisé dienggo. Yèn prelu lap nganggo lap kang rada teles. Tepuk-tepuk banjur angin-anginake sepatu nganti garing.
  2. Aja lali mènèhi mointurizer sadurungé nyimpèn. Kuwi dilakokaké supaya sepatu ora garing.
  3. Simpen sepatu ing njero plastik kang ditaléni rapet. Lebokaké ing kothak kang wis diwénéhi silika gel.

Sepatu sintetis

  1. Resiki saka lebu lan regedan sawisé dienggo. Resiki nganggo sikat, yèn prèlu lap nganggo lap kang rada teles. Aja dikumbah nganggo detergen.
  2. Angin-anginake ing panggon kang adem nganti garing.
  3. Aja lali ménéhi silica gél ing jero kothak kang dienggo nyimpen.

Sepatu bahan kets utawa kanvas

  1. Kumbah nganggo deterjen lan banyu. Bilas nganti bener-bener resik.
  2. Garingaké ing panggon kang panas.
  3. Semprot nganggo antisèptik sawisé garing. Simpen ing kothak kang wis diwènèhi silica gel.

Pranala njaba

Cathetan suku

Tags:

Sepatu JinisSepatu Cara Ngrumat Sepatu kulitSepatu sintetisSepatu bahan kets utawa kanvasSepatu Pranala njabaSepatu Cathetan sukuSepatuKainKulitSikil

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Gunung LawuJonatan ChristieMax VerstappenCarlos Alberto TorresGedhang gorèngTawangmangu, KaranganyarWali BandIrwansyahMeisya SiregarTukul ArwanaOECDKarajan ManunggalGunung SrandilFatamorganaGunung BurangrangBaronganUsmar IsmailMasturbasiADO Den HaagApple Inc.JepangSCTVBasa Jawa Mataraman1947Kurup AsaponICAOTeman Tapi MenikahSteve Jobs (filem 2015)Paolo MaldiniRembulanAsemTsukasa AoiKresnaKulawarga (biologi)IndonésiaChiyoda, TokyoThe RescuersLana Del ReySepur Jaka TingkirKali YangtzeTetanènSepongUIN Malang1546Dedi NatadiningratSuhuMekahEka SaptaLuna MayaMi ongklokLuka (Voyno-Yasenetsky)Sidratul muntahaE=mc²1767Paul BunyanBumiSepur Gaya Baru Malam SelatanCiracas, Jakarta WétanSuperman Is DeadJackie ChanErnest PrakasaIndro (Warkop)Kutha SurabayaIda RoyaniSoemarno SosroatmodjoKylian MbappéMercedes-BenzJawaDua Garis BiruWayback MachineKamaharajan RumThe SimpsonsMeutya Hafid🡆 More