Kayu

Kayu iku pérangan atos saka tetuwuhan kang digolongaké menyang wit lan grumbul.

Kayu dipigunakaké kanggo manéka warna kaperluan, wiwit saka gegenèn, gawé perabot (méja, kursi), bahan yasan (lawang, jendéla, rangka payon), bahan kertas, lan isih akèh liyané. Kayu uga bisa dimanfangataké minangka rerenggan-rerenggan rumah tangga lan kagunan liyané.

Sacara kimia, kayu kasusun saka sawatara pérangan utama yaiku Selulosa lan Lignin.

Sajeroning èlmu kayu dikenal sawatara sipat yaiku: sipat kimia, sipat fisika lan sipat mekanika. Ana manéka jinis kayu kang diasilaké saka uwit kang kanthi umum bisa dibédakaké rong golongan, yaiku:
Jinis uwit saka golongan uwit godhong amba, kanthi ciri-ciri:
- lumrahé wangun godhong amba.
- Tajuk gedhé lan bunder - Godhong rontok
- Tuwuh alon-alon (suwé)
- Lumrahé wité ora kenceng lan mawa bonggol
- Lumrahé duwé watang kang atos

Jinis uwit kanthi godhong awangun dom, kanthi ciri-ciri ing ngisor:
- wangun godhong kaya dom
- tajuk awangun krucut.
- Lumrahé ora rontok godhongé, kajaba sawatara uwit.
- Tuwuh rikat lan kenceng mendhuwur.
- Lumrahé duwé kayu empuk lan ènthèng.

Prabédan liyané yaiku:

  • Kayu godhong amba

- struktur kayu lebih pepak
- duwé pori-pori (sel-sel pembuluh) kanthi kombinasi wangun jaringan luwih komplèks.
- Conto jinis uwit godhong amba: jati , meranti lsp.

  • Kayu godhong dom

- struktur kayu luwih prasaja
- ora duwé pori-pori nanging wujud sèl trakeida, yaiku sèl kang awangun dawa kanthi pucuk kang cilik nganti lancip.
- Gunggung jinis sèl luwih sethithik lan kombinasi wangun-wangun jaringané luwih prasaja.
- Gunggung jinis uwit godhong dom ing Indonésia luwih sethithik, kaya ta: pinus utawa tusam, agathis (damar), jamuju

Deleng uga

  • Pratélan kayu
  • Pratélan kayu Indonésia


Tags:

Bahan yasanKertasKursiLawangMéjaTetuwuhanWit

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Basa ArabSanta AgnesInul DaratistaNokénSinarmas GroupSoehartoÉcole polytechniqueGlètserEton messRyamizard RyacuduSlamet RahardjoTobey MaguireSwiwi pedhesAlat kelaminSitrusSistem WettsteinMauritaniaBiologiMaria VaniaKomputer17 AprilꦠꦺꦭꦺꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦏꦱꦶMontor maburThe BeatlesParis Saint-Germain FCInteraksiJodoh Wasiat BapakWohNia DaniatiAksara CarakanMichael JacksonAde RaiMi celorAvenged SevenfoldKaris Alika IslamadinaTsukasa AoiTèknik sipilLiga Champions UEFAAbu HurairahVivek OberoiVidéoSuriahBal-balanꦄꦛꦺꦴꦏꦺPhilippe CoutinhoÉkonomiHaruka NakagawaAri LassoGula klapaFachri AlbarDhemitWayang kulitBoris Bokirꦩꦺꦝꦶꦪꦩꦱ꧀ꦱAgeng TirtayasaKethoprak (panganan)Adinia WirastiParikanPinguinTaman Sari NgayogyakartaClaudius Ptolemaeus1525Surat As SajdahGajahHafniumJerapahRotterdamSurat MuhammadBendiJonathan FrizzyLepetPlasaarang, Sanankulon, BlitarAlamat IPTaenia (cacing pita)Masjidil Karam🡆 More