Tahu iku panganan sing digawé saka kacang kedhelé, difermentasikaké lan dijupuk sariné.
Béda karo témpé sing asli saka Indonésia, Tahu asalé saka Tiongkok, kaya déné kécap, tauco, bakpau, lan bakso. Tembung Tahu iku tembung silihan saka Basa Hogkyen tauhu (Aksara Cina: 豆腐, pek we ji: tāu-hū) sing kanthi barès tegesé "kedhelé sing difermentasi". Tahu pisanan tuwuh ing Tiongkok wiwit jaman Dinasti Han watara 2200 taun kapungkur. Panemuné ya iku Liu An (Aksara Cina: 劉安) sing wujud sawijining bangsawan, putuné Kaisar Han Gaozu, Liu Bang sing madegaké Dinasti Han.
Tahu | |||||||||||||||||||||||||||
Jeneng Cina | |||||||||||||||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Cina Padatan | 荳腐 utawa 豆腐 | ||||||||||||||||||||||||||
Cina Prasaja | 豆腐 | ||||||||||||||||||||||||||
Hanyu Pinyin | dòufu | ||||||||||||||||||||||||||
Werdi literal | dadhih kacang | ||||||||||||||||||||||||||
| |||||||||||||||||||||||||||
Cithakan:Infobox Chinese/VietnameseCithakan:Infobox Chinese/ThaiCithakan:Infobox Chinese/Korean
| |||||||||||||||||||||||||||
Jeneng msa | |||||||||||||||||||||||||||
msa | tauhu | ||||||||||||||||||||||||||
Jeneng Filipino | |||||||||||||||||||||||||||
tgl | tokwa | ||||||||||||||||||||||||||
Jeneng tam | |||||||||||||||||||||||||||
tam | tahu | ||||||||||||||||||||||||||
Jeneng Khmer | |||||||||||||||||||||||||||
Khmer | តៅហ៊ូ | ||||||||||||||||||||||||||
Jeneng Indonesia | |||||||||||||||||||||||||||
Indonesia | tahu |
Ing Jepang diglepungi mawa jeneng tofu. Digawa para perantau China, panganan iki nyebar menyang Asia Wétan lan Asia Kidul-wétan, banjur uga pungkasané menyang saindhenging donya.
Kayadéné témpé, tahu diglepungi minangka panganan rakyat. Manéka warna jinis tahu sing ana ing Indonésia lumrahé dingerteni saka papan panggawéyané, upamané tahu Sumedang lan tahu Kediri.
Manéka panganan saka tahu antarané tahu bacem, tahu bakso, tahu isi (tahu bunting), tahu gimbal, tahu petis, tahu campur, tahu gejrot, tahu aci, tahu sumedang, perkedel tahu, krupuk tahu, lan liya-liyané.
Dubu utawa tahu Koréa (豆腐, 두부) ya iku jinis tahu kang diprodhuksi ing Koréa. Ing sejarahe, Dubu dikenalake saka Cina wis dadi pérangan kuliner masarakat Koréa. Wong Koréa migunakaké kanggo gawé pirang-pirang jinis masakan.
Réferènsi wiwitan ngenani dubu bisa tinemu ing Catatan Mogeun (Mogeunjip) kang ditulis déning Yi Saek (jeneng pena Mogeun, 1328-1396) ing jaman Dinasti Goryeo (938-1392). Ing siji puisine, Yi Saek nulis ngenani kelezatan dubu kang lagi waé digawé.
Réferènsi liyané nulis ngenani carané masak dubu ing Yangchonjip déning Gwon Geun sarta Heo Gyun (1569-1618), sawijining sastrawan Dinasti Joseon kang nulis ing Domundaejak ngenani kelembutan rasa dubu kang didol pedagang ing jaba Gerbang Changui. Sawijining catatan ing Sejongsillok (Catatan Papréntahan Raja Sejong) nyebutake yèn sawijining Kaisar Ming muji yèn wanita Koréa trampil banget masak masakan kang mewah lan nganggep yèn tahu Koréa énak banget.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Tahu, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.