Soto: Masakan ing Indonesia

Soto, sroto, utawa coto iku panganan khas Indonésia kang kagawé saka kaldhu daging lan janganan.

Soto, sroto, utawa coto iku panganan khas Indonésia kang kagawé saka kaldhu daging lan janganan.[1] Daging kang paling kerep digunakaké yaiku daging sapi lan pitik, nanging uga babi lan wedhus.[1]

Soto
Resep bumbu soto

Manéka laladan ing Indonésia duwé jinis soto dhéwé-dhéwé, kanthi kandhutan kang béda-béda, kaya ta Soto Kediri, soto Madura, soto Betawi, soto Padang, soto Bandhung, soto Sokaraja, soto Banjar, soto Medan, coto Makassar.[1] Soto uga dijenengaké miturut bahané, kaya ta soto pitik, soto babat.

Soto duwé kamiripan karo sop.[1]

Soto bisa dicawisaké karo rupa-rupa lawuh, upamané krupuk, perkedèl, emping mlinjo, sambel, saus kacang, lan sapanunggalané.[2] Akèh-akèhé soto dicawisaké kanthi kapisah karo sega, kaya déné soto Betawi, soto Padang, lan liya-liyané.[2] Nanging ana kang dicawisaké bebarengan karo sega utawa soto campur sega, contoné soto Kudus.[2] Saliyané iku ana uga soto kang dicawisaké nganggo lonthong utawa sega kang wis dimasak kanthi dibungkus godhong gedhang (buras), upamané soto Makassar. Ana uga soto kang nganggo mi, lan dudu sega minangka menu pokok, contoné soto Mi Bogor.[2]

Jinis

Gladri

Cathetan sikil

  1. a b c d e f g h i [1](diundhuh tanggal 29 April 2011)
  2. a b c d [2](diundhuh tanggal 30 April 2011)
  3. a b c [3](diundhuh tanggal 30 April 2011)
  4. a b c d e f g [4](diundhuh tanggal 30 April 2011)
  5. a b c d e f g h i j [5](diundhuh tanggal 30 April 2011)
  6. [6](diundhuh tanggal 1 Mèi 2011)
  7. a b [7](diundhuh tanggal 1 Mèi 2011)

This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Soto, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.