Dasanama

Dasanama (Carakan: ꦢꦱꦤꦩ) iku tegesé manéka warna utawa sesebutan liyané kanggo siji paraga utawa manungsa.

Lumrahé dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing duwé jeneng punjul siji. Tembung "dasanama" iku asalé saka basa Sangskreta daśanāma lan kanthi barès tegesé "sepuluh jeneng". Tembung iki siji kompositum ajenis dvigu. Dasanama uga bisa diarani tembung-tembung kang tegesé isih nunggal-misah. Tegesing tembung-tembung mau kèh-sethithiké isih padha,mirib utawa mèmper, sing diarani sinonim. Dadi dasanama iku kena diarani kadidèné kamus sinonim. Saliyané kanggo mbédak-mbédakaké pengertèn kanthi premati, anané tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, supaya tembung-tembung kang digunakaké ora mung iku-iku baé.

Dasanama kéwan

Dasanama 
Kiriman akun média sosial Wikipédia Jawa kang medharaké dasanamané 'manuk'

Tembung kang nduwèni dasanama iku cacahé akèh lan manéka warna, ing antarané yaiku bab jeneng-jenengé paraga wayang, kéwan, pananggalan, papan, lan sapanunggalané. Ing ngisor iki ana sapérangan pratéIaning tembung kajangkepan mawa dasanamané:

  • kethèk = réwanda | kenyung | kera | kapi | kuthila | kuthilapas | wanara | wré | plawaga | palwaga | palgosa | juris | munyuk | monyèt | gocara | bruk | bedhès
  • lutung = anjani | cenguk | kanjura | kresnadha | kresnangga | anuki | sulanjani | wiruka | joni | budheng
  • kucing = uridha | kusingha | kumwangga | windula | landhika | pusa | posiya | pawasa
  • sapi = andana | andaka | iyata | nadrika | sumwata | lembu | lambana | gorawa | garwita | gutara | gomara | biksu
  • kebo = andhanu | karbwita | danuka | setyaka | srawana | maésa | mundhing | miswa | gopaka | gomi | badhagas
  • banthèng = andaka | angun-angun | sarawa | jawidha | yawa | go | goh | gurisa | gawindra | gawaksa | gawala | bapakridha
  • warak = endhepan | ascarma | karthupa | durgangga | sandela | warkapati | libra | panyula | barkita
  • asu = anjing | aswibuja | cika | camera | kuwaka | sona | srenggala | swa | sagawon | wreka | purisika | basu | bugel
  • cèlèng = andhapan | celengan | durgangsa | sungkara | waraha | wijung | wag | weg | jubris | bakwi
  • gajah = asti | èsthi | kunjara | dwirocana | dwaradha | dwipa | dwipangga | samadya | samaja | waniti | liman | pinggala | matengga | gajaksa | gathamuthu | bajramuka
  • ula = ananta | urar | aliman | nuwinda | naga | taksaka | sarpa | sawer | wasu | wiswaka | bujangga
  • kadhal = umetaka | karla | didika | bundhan
  • banyak = awija | angsa | wranggura | gangsa
  • pitik = ahyam | ayam | kruha | sata | pitrik | kruwaka | ékraya
  • manuk = kukila | kaga | saimbra | paksi | garura | garelya | garudha
  • lawa = cot | sèri | sopla | sémbu | laba
  • garangan = sapwan | walagra | gitraka | giyu
  • kemangga = umeng | kyaksa | kamamangga | warmata | gumenggeng
  • walang = kithika | wancak | wancal | wancala
  • semut = rurinda | kasarya | tutsma | brakithi
  • kupu = rangana | karmija | drupawa | trija
  • tawon = tusara | tuskara | tapsa | wata | metala | labet
  • kinjeng = kipada | trawanggana | trungka | saspada | gambyang
  • coro = curwa | karlaka | wragna | lipasa
  • jangkrik = rikrita | wiksnadha | jota
  • yuyu = rakatha | karkatha | kratika | kalakatha
  • bulus = krudhapada | kurmanda | welusa | wedhungha | weyangga
  • iwak = oti | wiyangga | jita | mina | mira | matsya | maswa

Dasanama dina

Dasanama dina:

  • Senèn = Soma
  • Slasa = Anggara
  • Rebo = Buda
  • Kemis = Respati
  • Jumuwah = Sukra
  • Setu = Tumpak
  • Ahad = Dité

Dasanama dina pasaran Jawa:

  • Legi = Manis
  • Pahing = Paing, Pethakan
  • Pon = Kuningan, Kelabet
  • Wagé = Cemengan
  • Kliwon = Kasih

Dasanama paraga wayang

Ing ngisor iki pratélaning sapérangan paraga wayang dalah dasanamané:

Ratu

  • Prabu Drupada = Sucitra, Pancalaraja
  • Prabu Bismaka = Hiranyaka, Rukmaka
  • Prabu Kresna = Sri Bathara Arimurti, Narasingha, Narayana, Kresna, Danar(janar)dana, Wisnumurti, Wasudéwa, Padmanaba, Basudéwaputra
  • Prabu Boma Narakaswara = Sitija, Mahitalasuta, Trajutresna, Mahija
  • Prabu Basukethi = Wasupati
  • Prabu Durgandana = Wirathèswara, Matswanata, Matswapati, Maswapati, Baswéndra
  • Prabu Wisrawana = Dhanaraja, Dhanapati
  • Prabu Ugraséna = Ékawwama, Setyajit
  • Prabu Setyaki = Ékaboma, Sarayuddha, Sinisuta, Wresniwira, Yaduwresni, Bimakunthing
  • Prabu Arjunasasra = Arjunawijaya, Sasrabau
  • Prabu Salya = Narasoma, Somadanta, Madrakéswara, Madridipa
  • Prabu Baladéwa = Halayuda, Kakrasana, Kusumawalikita, Jaladara, Basukiyana, Balarama
  • Prabu Abyasa = Rancakaprawa, Kresnadwipayana, Déwayana, Suktinaprawa,Wyasa
  • Prabu Pandhu Déwanata = Darmaraja, Déwayana, Gandrawastra
  • Prabu Suyudana = Anggendarisuta, Kurupati, Duryudana, Jayapitana
  • Prabu Yudhistira = Darmaraja, Darmakusuma, Darmawangsa, Darmaputra, Dwijakangka, Puntadéwa, Gunatalikrama
  • Prabu Parikesit = Darmasarana, Mahabrata
  • Prabu Yugiswara = Yudayana, Baswara
  • Prabu Karna = Radéya, Kunthibojatenaya, Suryaputra, Basuséna
  • Prabu Dasamuka = Rahwana, Wasaswa
  • Prabu Ramawijaya = Ramabadra, Ragawa, Dasapati
  • Prabu Niwatakawaca = Nirbita
  • Prabu Drawakawaca = Ardawalika

Satriya dan Pandhita

  • Anoman = Anilatmaja, Anjanisuta, Ramadayapati, Pawanasuta, Maruti, Marutasuta, Bayusuta, Bawyatmaja
  • Radèn Antareja = Antaséna, Sénaputra, Jayabuntala
  • Radèn Angkawijaya = Abimanyu, Sumbadriya, Wanuddhara
  • Resi Kanwa = Kano, Kowara, Nagata
  • Resi Druna = Kumbayana, Kumbayoni, Swayana, Baratmadyaputra
  • Radèn Drusthajumena = Drupadaputra, Sikandhana, Pancaléya
  • Satyaki = Ékaboma, Sinisuta, Sarayoddha, Wresniwira, Yaduwresni, Bimakunthing
  • Patih Suwanda = Semantri
  • Radèn Samba = Kresnaputra, Wisnubrata, Jembawatiputra
  • Patih Sengkuni = Suman
  • Harya Wrekudara = Kusumadilaga, Kusumayuda, Séna, Wayuninda, Pawanasuta, Judhipati, Jayalaga, Gandawastratmaja, Bayusuta, Brataséna, Bima, Bimaséna
  • Radèn Warsakusuma = Anggakusuma, Karnasuta
  • Radèn Leksmana = Andakasiwaya, Nitiatma, Ramaleksmana, Trunasudarsana, Trunawimbaningrum, Tanggulmaruta, Sumitratmaja
  • Radèn Janaka = Éndraputra, Arjuna, Kunta, Kirithi, Kumbalyali, Dananjaya, Pandhuputra, Parta, Pararta, Premadi, Palguna, Janawi
  • Harya Jayadrata = Sindurja, Sindupati, Sapwaniputra
  • Radèn Gathutkaca = Érawana, Arimbyatmaja, Tutuka, Sénaputra, Purobaya, Guretna
  • Resi Bisma = Santanuja, Satwana, Warabisma, Wisama, Jahnawisuta, Ganggasuta, Biwara

Rujukan

Uga delengen

Tags:

Dasanama kéwanDasanama dinaDasanama paraga wayangDasanama RujukanDasanama Uga delengenDasanamaAksara CarakanBasa Sangskreta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Dedi NatadiningratKresnaKutha NgayogyakartaAtambua, BeluMahfud MDMetaforaSiterZlatan IbrahimovićPétrukGoogleMacaMario MaurerJoko Widodo2008ꦏꦼꦢꦸꦢꦼꦁWetengKarajan ManunggalꦒꦸꦭꦶꦁNagita SlavinaKurup AbogéBanyuNadiem MakarimAksara PégonKerata basaSathya Sai BabaZhang ZiyiYodiumKutha PalémbangWukuWedaTaling tarungDurmaGedhangUlate bening leriBunga Citra LestariPersija JakartaSurya InsomniaWajikAnang HermansyahKabupatèn Penajam Paser LorAndi Alfian MallarangengMoskouMicrosoft WindowsBlangkonKim Tae-heeErling HaalandDhialèk PacitanAnies BaswedanAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)PawadonanRadèn PatahFilsafatDhandhanggulaTom CruisePanambangMasuk anginJepangWader cakulWessexSerat WédhatamaRotiSurat Ali ImranTetedhan segantenCenilSiramanRukun ImanMedia CirebonDentawyanjanaWeightlifting Fairy Kim Bok-jooWalang sangitM-16 (bedhil)Emha Ainun NadjibSelena GomezAllahAhmad DhaniCérètAline AditaMickey Mouse Clubhouse🡆 More