Parikan: Pantung asalne ing sumatra , Kepuloan Malayu
Parikan iku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara lan duwé purwakanthi ab-ab.
Parikan iku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara lan duwé purwakanthi ab-ab. Ukara sepisanan ukara kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara.
Kang diarani parikan
Ya iku unèn-unèn mawa paugeran telung warna ya iku:
- kadadèn saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
- saben saukara kadadéan saka rong gatra
- ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha:Tawon madu, ngisep sekar. (ukara kapisan, 2 gatra).Calon Guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra).Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong kang nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Manu (cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, ya iku:
Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda) Priya nggantheng, sugih ngèlmu (4 wanda + 4 Wanda
Tuku manggis, karo tapé (4 wanda + 4 wanda)Aku nangis, mikkir kowé (4 wanda + 4 wanda)
Wèdang bubuk gula jawa (4 wanda + 4 wanda)Yèn kepethuk ati lega (4 wanda + 4 wanda)
Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda).
Parikan kang kadadéan saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Enting-enting gula jawa, sabungkus isiné sangaIngatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
Parikan kang kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2
Parikan kang kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, sawéneh ana kang ngarani parikan patang padha. Iku keliru, sebab tembung “padha” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Déné yèn tembung “padha” iku kang dikarepaké kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra Wondené carané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékake 4 larik.
Tuladha mau kena katulis mangkene
Enting-enting gula jawaSabungkus isiné sangaIngatase para siswaWajib seneng nggubah basa
Wétan kali kulon kali Arep nyabrang gak onok uwoteWétan gati kulon yo gatiYèn ditimbang padha abote
Ali-ali temunpang kasurAku lali pira reganeAja lali pahlawan kang jujurNgelingana jasa2ne
Esuk nyuling sore nyulingSulingane arek SuroboyoEsuk eling sore elingSing di eling ora rumongsa
Parikan kang dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
- Tuladha
- Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
KatranganPérangan kang dikurung, ya iku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
- Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencurSuwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.
Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, ya iku kang isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawisé rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, ya iku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane padha karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu minangka purwakanthi guru swara karo ukara kang kapindho.
Klebu rerengganing basa
Parikan kalebu rerengganing basa, sebab basa kang mawa parikan iku agawé senenge wong kang maca utawa kang ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.
Tuladha parikan warna telu
Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2
Wajik Kletik, gula jawaLuwih becik, kang prasaja
Nang jeruk, jambu nanasRada watuk, ngelu panas
Wedang bubuk, tanpa gulaAja ngamuk, énggal tuwa
tuku belut karo iwak leleojo gelut karo bolo dhéwé
Tawon madu ngisep sekarDadi guru kudu sabarKiwa tengen gawa jamuAku kangen péngin temu
Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2
Kembang aren, sumber tepining kalenAja dahwen, yèn kowe pepengen kajen
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumurKudu jujur, yèn kowe kepéngin luhur
Kembang menur, den sebar den awur-awurBareng makmur, banjur lali mring sadulurManuk kutut, manggunge ngganterYèn ra nurut, bisa keblinger
Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2
Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyuAja awatak gumampang, ingatase calon guru
Sega punar lawuh empal, segane pengenten anyarDadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gulaPiwelingku mring mudha, aja wedi ing rekasa.
Purwakanthi parikan bisa digawé mawa petungan kang dhedhasar petungan wanda (suku tembung).
4 wanda-4 wanda
wajik klethik, gula jawaluwih becik wong prasaja
jemek-jemek gula jowoaja ngenyek padha kanca
manuk emprit menclok pagerdadi murid kudu pinter
4 wanda-8 wanda
tawon madu, ngisep sari kembang jambuaja nesu yèn dituduaaké luputmu
kembang menur, den sebar den awur-awurbareng makmur, banjur lali mring sadulur
manuk emprit, nggawa kawat ing wit warudadi murid, kudu hurmat marang guru
ana baya, mangan roti karo kancapéngin mulya, aja wedi ing rekasa
8 wanda-8 wanda
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jatiwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati
Uga delengen
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Parikan, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply. (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 3.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
#Wikipedia® is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.