Elon Musk

Elon Reeve Musk (/ˈiːlɒn ˈmʌsk/; miyos 28 Juni 1971) punika panemu, pengusaha, lan Insinyur saking Amérika-Kanada ingkang miyos ing Afrika Kidul.

Dhèwèké pramakarsa, CEO, lan CTO ing SpaceX; pramakarsa, CEO, lan juru rancang produk Tesla Inc; pramakarsa lan CEO Neuralink; pramakarsa lan bos Solar City; bos OpenAl; pramakarsa Zip2; lan pramakarsa X.com, kang banjur dilebur karo Confinitylan dijenengi PayPal. Nganti sasi Mèi 2017, prakiran akèhé bandané Musk ya iku $15,2 milyar. Akèhé bandané iki ndadèkaké dhèwèké wong paling sugih nomer 80 sadonya. Ing Désèmber 2016, Musk dadi wong gedhé dhéwé wibawané nomer 21 sadonya miturut Dhaptaré Forbes Babagan Wong-wong Ingkang Paling Gedhé Wibawané Sadonya.

Elon Musk
Elon Musk
Elon Musk ing 2015
LairElon Reeve Musk
(1971-06-28) Juni 28, 1971 (umur 52)
Pretoria, Transvaal (saiki Gauteng), South Africa
PadununganBel Air, Los Angeles, California, U.S.
Warga nagara
  • South African (1971–saiki) *Canadian (1989–saiki) *American (2002–saiki)
Alma materQueen's University
University of Pennsylvania
PakaryanEntrepreneur, engineer, inventor, investor
Kondhang ingSpaceX, PayPal, Tesla Inc., Hyperloop, SolarCity, OpenAI, The Boring Company, Neuralink, Zip2
Bebathèn
resik
US$15.2 billion (May 2017)
CEO and CTO of SpaceX
CEO and product architect of Tesla, Inc.
CEO of Neuralink
Chairman of SolarCity
Co-chairman of OpenAI
Bojo
  • Justine Musk (o. 2000; peg. 2008) * Talulah Riley (m. 2010–div. 2012; m. 2013–div. 2016)
Anak6
Wong tuwaMaye Musk (mother)
Errol Graham Musk (father)
DulurTosca Musk (sister)
Kimbal Musk (brother)
Lyndon Rive (cousin)
Tandha tangan
Elon Musk

Sawijining anggota saking kulawargi ingkang sugih saking Afrika Kidul, inggih punika Kulawargi Musk, Elon lair wonten ing Pretoria lan saklajengipun kagungan masa sinau inggil wonten ing Universitas Pretoria sadèrèngipun pindhah dhateng Kanada nalika yuswa 18 warsa, kanthi gadhah kawarganagaraan liwat ibunipun ingkang miyos wonten ing Kanada. Wonten ing taun kaping kalih saklajengipun, piyambakipun mbiyantu ing Universitas Queen ing Kingston wonten ing Kanada. Musk saklajengipun mindhahaken sinau dhateng Universitas Pennsylvania, lan nampi gelar sarjana wonten ing èkonomi lan fisika. Piyambakipun pindhah dhateng California ing taun 1995 kanggé sinau ing Universitas Stanford. Nanging, Musk mèntas saking kuliah sawisé rong dinten lan, kalihan sadhèrèkipun Kimbal, miwiti usaha piranti lunak pandhuan kutha online ingkang asmanipun Zip2. Perusahaan startup punika dipun tumbas déning Compaq kanthi regi $307 yuta ing taun 1999, lan, ing taun punika ugi Musk miwiti pendhirian X.com, sawijining bank langsung. X.com nyawiji kalihan Confinity ing taun 2000 kanggé mbentuk PayPal.

Jaman cilik lan pawiyatané

Musk lair tanggal 28 Juni 1971 ing Pretoria, Gauteng, Afrika Kidul. Ibuné asma Maye Musk, modèl lan nimpuna dièt saka Regina, Kanada, lan bapaké asmané Errol Musk, insinyur èlèktromékanik, juru anggegana, lan juru samodra Afrika Kidul. Dhèwèké duwé adhi lanang jenengé Kimbal (lair 1972) lan adhi wadon Tosca (1974). Mbah wadon saka garis bapaké iku wong Inggris, lan dhèwèké uga duwé trah Walanda Pensylvania. Mbah kakung saka ibuné wong Amérikah, saka Minnesota. Sabanjuré wong tuwané pegatan ing taun 1980, Musk luwih kerep urip bareng bapaké ing pinggiran Pretoria. Saka jaman cilikané, Musk wis seneng maca. Nalika umur 10 taun, dhèwèké seneng komputer lan dolanan Commodore VIC-20. Dhèwèké sinau carané gawé program komputer dhéwé nalika umur 12 taun, banjur ngedol kodhe vidio gim Blastar saka BASIC gawéyané dhéwé menang kalawarta PC lan Office Technology kira-kira ana $500. Gim iki isih ana ing internèt. Nalika isih cilik, Musk kerep digodha lan ditukari kanca-kancané. Dhèwèké tau lumebu rumah sakit gara-gara diuncalaké saka dhuwur undhak-undhakan banjur dijotosi nganti semaput karo kanca-kancané. Musk ing kawitan disekolahaké ing sekolah partikelir Waterkloof House Preparatory School kang nganggo basa Inggris. Musk banjur lulus saka Pretoria Boys High School lan boyong menyang Kanada nalika sasi Juni 1989, nepaki sadurungé ambal warsané kang kaping 18, sabanjuré diaku dadi warga Kanada sarana ibuné. Jalaran ibuné asli Kanada, dhèwèké wis dianggep dadi wong Kanada wiwit lair. Nalika umur 17 taun, Musk ketampa kuliah sarjana ing Queen's University ing Kingston, Ontario. Ing taun 1992, sawisé rong taun ing kampus kuwi, Musk malih menyang Universitas Pennsylvania, panggonan kang mènèhi dhèwèké gelar Sarjana Sains ing Fisika lan Sarjana Sains ing Ékonomi. Musk sengaja ndawakaké wektu kuliyahé saperlu ngrampungaké program ing Ékonomi. Nalika jaman semana, Musk lan kanca kuliyahé kang jenengé Adeo Ressi nyewa omah kanggo didadèkaké diskoték cilik-cilikan.

Sawetara taun 1995, Musk boyong menyang California kanggo kuliah program PhD Fisika Terapan lan Ngèlmu Material ing Universitas Stanford, nanging dhèwèké ora nerusaké sekolahé lan banjur milih dadi wiraswasta sawisé lumebu mung rong dina ing kampus kuwi.

Pakaryan

Zip2

Ing taun 1995, Musk lan adhiné, Kimbal, miwiti Zip2, perusahaan program web, nganggo dhuwité bapaké akèhé $2000. Perusahaan kuwi ngrembaka lan masaraké gagaran kutha ing internèt kanggo indhustri panerbitan ariwarta. Musk olèh kontrak saka The New York Times lan The Chicago Tribune sarta mbujuki para dirèkturé supaya ora sida nggabung perusahaané karo CitySearch. Nalika ing Zip2, Musk péngin dadi CEO, nanging para panggedhé perusahaan ora ana kang ngidini. Compaq nuku Zip2 US$307 yuta kontan lan US$34 yuta ing wujud saham nalika wulan Fèbruari 1999. Musk olèh US$22 yuta saka pérangané kang 7% ing payuné Zip2.

X.com lan PayPal

Ing wulan Maret 1999, Musk lan mitrané ngadegaké X.com, sawijining usaha kang ngurusi babagan dhuwit jeroring lan pratèlan bayar-bayaran mawa layang èlèktronik, kanthi dhuwit US$10 yuta saka adol Zip2. Setaun sabanjuré, perusahaan iki dilebur karo Confinity, kang pangudiné nyediani sarana kirim dhuwit aran PayPal. Rong usaha kang wis nyawiji kuwi mau banjur ganti jeneng dadi Paypal lan mung ngurus bisnis kirim dhuwité Paypal ing taun 2001. Ing taun 2002, Paypal dituku eBay kanthi rega US$1,5 milyar ing pasar saham. Saka dol-tinukon iki Musk éntuk US$165yuta.

SpaceX

Musk ngadegaké Space Exploration Technologies, utawa SpaceX, ing wulan Mèi 2012. Dhèwèké duwé pangemu nggawé usaha iki, sabanjuré ping pindho lunga menyang Ruslan kanggo tuku rokèt nanging ora sida tuku amarga miturut Musk regané kelarangen. Dhèwèké péngin tuku rokèt kanggo minangka panggayuhé kanggo jajah Mars. Ing dalan bali saka Moskow, Musk mikir yèn dhèwèké bisa nggawé usaha yasa roket dhéwé kang luwih murah. Miturut investor wiwitané Tesla lan SpaceX, Steve Jurvetson, Musk ngitung yèn piranti kanggo yasa rokèt satemené mung ngentèkaké wragad 3% saka rega wutuhé rokèt.

Musk ngadegaké usaha iki sarana dhuwité US$100 yuta saka usaha-usaha sadurungé. Dhèwèké dadi CEOné. Jejibahan mligi SpaceX ya iku ngembangaké tèhnologi roket. Roket kang wiwitan bisa diluncuraké ya iku Falcon 1 lan Falcon 9, sarta tetunggangan luar akasa kapisané aran Dragon. Ing taun 2008, Falcon 1 dadi tetunggangan kang nganggo dana partikelir kapisan kang bisa masang satelit ing orbit bumi. Nalika tanggal 25 Mèi 2012, Dragone SpaceX parkir ing International Space Station (ISS). Kadadéan iki ndadèkaké SpaceX dadi usaha komersil kapisan kang mbudhalaké lan markir tetunggangan menyang ISS. Ing 2006, perusahaan iki kanugrahan kontrak saka NASA kanggo ngembangaké lan nguji Falcon 9 sarta Dragon supaya bisa ngirim gawan menyang ISS. SpaceX saya maju. Ing tanggal 22 Dèsèmber 2015, SpaceX bisa ngudhunaké sawijining rokèt Falcone bali menyang pangggonan budhalé. Iki prastawa anyar ing jagad rokèt orbit amarga lumrahé rokèt kang wis ngluncuraké satelit ora bisa bali mudhun saéngga njalari regané rokèt dadi larang.

Angen-angené Musk ya iku supaya bisa nyuda wragad lelungané manungsa menyang luar akasa kanthi faktor 10. Ing sawijining wawancara ing taun 2011, dhèwèké ngomong yèn dhèwèké péngin mbudhalaké manungsa menyang Mars ing 10-20 ing tembé mburi. Dhèwèké péngin nggawé koloni kang isiné 80.000 uwong ing Mars mengko taun 2040. Miturut Musk, jalaran ing Mars ora ana oksigèn, kabèh tetunggangan kudu nganggo listrik (montor listrik, sepur listrik, Hyperloop, lan kapal mabur listrik). SpaceX dikarepaké bisa mbudhalaké Dragon menyang Mars ing taun 2018.

Tesla

Tesla, Inc.(asliné Tesla Motors) diadegaké ing Juli 2003 déning Martin Eberhard lan Marc Tarpenning kang mragadi usaha iki nganti mangsa ngempalaké wragad kanggo Series A. Wong loro iku minangka panggedhé mligi Tesla sadurungé Musk lumebu ing wulan Fèbruari 2004. Sawisé lumebu, Musk dadi pandhéganing para direktur ing kono. Musk ya mèlu urun rembug rancangan prodhuk Roadster nganti sathithi, nanging ora patia mèlu ngurus lakuning bisnis ing padinan.

Sabanjuré krisis 2008, Musk dadi CEO lan juru rancang wetoné Tesla nganti saiki. Tesla kawitané nggawé montor sport Roadster ing taun 2008 kang payu 2500 iji ing 31 nagara. Tesla banjur nggawé sédan Modhèl S taun 2012 lan ngedol Modhèl X taun 2015. Saliyané nggawé lan ngedol montor, Tesla uga ngedol sistem mesin listrik marang Daimler, Mercedes, lan Toyota.

SolarCity

Musk nyedhiani rèngrèngan lan wragad wiwit bukaning SolarCity kang diadegaké nalika taun 2006 déning misanané, Lyndon lan Peter Rive. SolarCity saiki perusahaan kang nyedhiani sistem tenaga surya gedhé dhéwé nomer loro ing Amérikah Sarékat. Usaha iki duwé gegayuhan kang padha karo Tesla, ya iku ngalahaké pamanasan global. Ing taun 2014, Musk yasa pabrik kang dadi sawijining pabrik panèl surya gedhé dhéwé sadonya. Sawisé kuwi, SolarCity terus bangun pabrik-pabrik liyané. Nalika 2016, Tesla kanthi resmi nawa arep nuku SolarCity.

Hyperloop

Ing tanggal 12 Agustus 2013, Musk mbocoraké rèngrèngan sistem transportasi kilat kanthi komprèsor udara. Saliyané nuduhaké rancangan wiwitané, Musk uga njlèntrèhaké panggonan kang arep diyasa sistem transportasi anyar kuwi. Sistem iki bakal diyasa ing antarané Los Angels lan San Fransisco. Kanthi sistem iki, lelungan adohé semono bakal luwih murah saka tetunggangan-tetunggangan liyané. Saiki Musk wis wiwit yasa trowongan kanggo Hyperloop.

Ing taun 2016, Musk karo kancané mrakarsani perusahaan neurotèhnologi ajeneng Neuralink. Perusahaan iki minangkani kekarepané Musk kanggo nyambungaké uteké manungsa karo utek gawéan. Jejibahan wiwitané ya iku agawé piranti kang bisa dipasang ing uteké manungsa supaya manungsa bisa migunakaké tèhnologi utek gawéan kanthi luwih gampang. Kanthi piranti kuwi lan tèhnologi utek gawéan, manungsa mengko bisa nambah daya pangélingé lan bisa langsung nyambung karo komputer.

Pangemu bab agama

Nalika ditakoni apa dhèwèké percaya ananing pepesthèn kang mèlu minangka bisaning manungsa urip ing planit liya, Musk nyauri:

Ya, aku percaya. Kira-kira apa aku percaya ananing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi? Tak pikir kayané ora, amarga banjur kowé kudu takon: "Saka ngendi asalé Gusti kuwi?" Dadine pitakonan kang dhedhasar prakiran. Tak pikir kowé bisa mratélakaké iki kanthi kukum fisika dhasar. Kadadéan kang angèl dingertèni iki satemené saka prakara sepélé.

Musk ngomong yèn dhèwèké ora ndonga utawa nyembah apa-apa, masiya tau ngakoni yèn biyèn sadurungé ngluncuraké Falcon 1 dhèwèké ndonga, "Sapa baé kang ngrungokaké dongaku tulung berkahana ayahan iki." Nalika ditakoni apa dhèwèké percaya yèn agama lan sains bisa ana sesandhingan, dhèwèke nyauri, "Kayané ora."

Rujukan

Tags:

Elon Musk Jaman cilik lan pawiyatanéElon Musk PakaryanElon Musk Pangemu bab agamaElon Musk RujukanElon MuskAfrika KidulInsinyurPayPalSpaceX

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ÈksistènsialismeSepasaranBenikFlorentino PérezGrikenlan21 DhésèmberMancingBasa PèrsiAbimanyuHotèlRebabRukun ImanSurat At TaubahOmah adat JawaA Cinderella StoryFinlanKumbakarnaYupiterItilIndhonésiaTata SuryaRuwatanRukun IslamNgupatJenang sungsumMoorTanah LotLeonardus Benjamin MoerdaniWader cakulBillie EilishKali BrantasSandy WalshBatur tukonSimpoaAksara FenisiaGlenn FredlyPada madyaJuru rawatKéwan klangenanElia khadamSerigala TerakhirRuwatan Rambut GimbalGaliyumKluwungSotoManganISO 3166-1International Standard Serial NumberGunung PrauANTVWidy Soediro NichlanyRerengganIqbaal Dhiafakhri RamadhanRatu AgengLee Jong-sukArtikelSurat Ali ImranNeptunusHappy AsmaraNagita SlavinaMa'ruf AminJawaWetengUjung ArabMasjid Menara KudusBank MandiriKabupatèn TegalAsuAsmaradanaWirathaparwaRobotikaMalaysiaKakaisaran Ottoman🡆 More