Dina Basa Ibu Nagarantara

Dina Basa Ibu Nagarantara (cara Inggris: International Mother Language Day (IMLD)) iku dina pangargyan taunan kang katindakaké ing saindenging jagat ing tanggal 21 Fèbruwari kanggo nuwuhaké panggrahita (awareness, kesadaran) tumrap manéka rupaning basa lan budaya lan manuhaké multilinguwalisme.

Dikukuhaké UNESCO ing tanggal 17 Nopèmber 1999, dina pangargyan iki resmi diakoni Majelis Umum Pasarékatan Bangsa-Bangsa nalika ngepyakaké taun 2008 minangka Taun Basa Nagarantara. Gagasan bab Dina Basa Ibu Nagarantara teka saka Banggaladésa. Ing Banggaladésa, tanggal 21 Fèbruwari minangka tanggal kanggo mèngeti wong-wong Banggaladésa kang marsudi kanthi wutah getih supaya basa Banggala bisa diakoni pamaréntah.

Dina Basa Ibu Nagarantara
Yasan péngetan kang ngélingaké buwi
Shaheed Minar (Monumèn Sahid) ngelingaké dhémontrasi Obah-obahan Basa Banggala ing tanggal 21 Fèbruwari 1952.
Jeneng resmiInternational Mother Language Day (IMLD)
DipèngetiSajagat
AncasNuwuhaké panggrahita tumrap pangreksa dalah lestarining kabèh basa
Tanggal21 Fèbruwari
FrékuwènsiTaunan
GegayutanObah-obahan Basa Banggala

Pangargyan

Dina Basa Ibu Nagarantara 
Pambiwara Dina Basa Ibu Nagarantara ing British Columbia

UNESCO nemtokaké irah-irahan (theme, tema) kanggo saben Dina Basa Ibu Nagarantara lan ngragadi acara-acara kang magepokan kang ginelar ing kantor gedhéné ing Paris. Ing taun 2008, Taun Basa Nagarantara kawiwitan ing Dina Basa Ibu Nagarantara. Dina iku ingargyan ing Cilé, Ruslan, Pilipin, Mesir, lan Kanadha.

Banggaladésa

Wong Banggaladésa ngargya Dina Basa Ibu Nagarantara kanthi ndèkèk kembang ing Monumèn Sahid lan tetironé. Minangka dina gedhé nagara kawit taun 1953, dina iku uga kondhang ingaran Shohid Dibôsh (Dina Sahid). Ing tanggal 17 Nopèmber 1999, Pasamuwan Umum UNESCO ngakoni tanggal 21 Fèbruwari minangka Dina Basa Ibu Nagarantara. Wong Banggaladésa padha ngumpul saperlu ngajèni basa lan budayané dhéwé, ngayahi pasanggiri sastra, nggambar alpana ing dalan-dalan, mangan kembulan, lan ngrungokaké tetembangan.

Kanadha

Dina Basa Ibu Nagarantara kawanuhaké ing Parlemèn Kanadha déning Matthew Kellway ing tanggal 5 Fèbruwari 2014 supaya diakoni pamaréntah lan dadi RUU anggota pribadi C-573.

Ing taun 2015, British Columbia lan Manitoba mbiwara pangargyan Dina Basa Ibu Nagarantara ing tanggal 21 Fèbruwari. Edmonton ngargya Dina Basa Ibu Nagarantara ing tanggal 21 Fèbruwari 2017.

Indhiyah

Minangka péranganing rékadaya Indhiyah Dhigital déning Mahamantri Narendra Modi, kontèn kang wis kadhigitalaké bakal cumepak ing 22 basa resmi nagara saha 234 basa liyané kang diakoni nagara Indhiyah. Dhigitisasi kawiwitan ing sasi Juni 2016 lumantar Proyèk Bharatavani ing Institut Punjer Basa-Basa Indhiyah (Central Institute of Indian Languages) ing Mysore. Nalika sasi Fèbruwari 2017, kontèn ing 60 basa ing Indhiyah wis cumepak kanthi lelahanan (gratis).

Rujukan

Tags:

Dina Basa Ibu Nagarantara PangargyanDina Basa Ibu Nagarantara RujukanDina Basa Ibu NagarantaraSidang Umum PBBUNESCO

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Luna MayaBismaGunung RaungDasanamaBasa InggrisKomengTom CruiseLiga Super IndonésiaUleg-ulegMeisya SiregarMarshmallow katutup soklatBasaKurniawan Dwi YuliantoHirohitoPierre-Simon LaplaceRadèn PatahManuel RoxasBabad PakepungArjunaSutradharaBendiDhomain publikGemblongSalman bin Abdul-Aziz Al SaudWikimaniaLiputan 6 PetangJay IdzesAfiksTotohanJagoNike ArdillaWahid HasyimWindows 95Alina KukushkinaDurmaIndhiParibasan1600Anwar FuadySelena GomezBeetPendhapaPakubuwana XIIL'Origine du mondeGenetikaBrandon SalimAchmad SoebardjoGiri Lusi Janma Tan Kena KiniraPatih SuwandaRerengganLuhut Binsar PanjaitanParikanAksara BaliWikisastraKangen Band (Grup Musik)AstadasaparwaSunan GiriWhitney HoustonFakhri SemekotNajwa ShihabGarang asemArsitektur JawiGunung MerbabuAtomGulingGunung KawiLunpiaDian SastrowardoyoPiramida Sistem KapitalisGading MartenTupigAngkor Wat🡆 More