Babad Pakepung inggih menika karyanipun saking Kyai Yasadipura II.
Naskah menika kalebet wonten ing jaman Surakarta enggal lan dipunlebetaken wonten ing serat enggal. Naskah Babad Pakepung dipunserat wonten ing jaman pamréntahanipun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV. Kitab Babad Pakepung menika nyariyosaken rikala Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV ngupakara tiyang ingkang dipunanggep sekti, dipunwastani Bahman, Wiradigda, Panengah, lan Nursaleh. Bab menika dadosaken sujana pamréntah Walandi lan Kraton Ngayogyakarta amargi badhe dadosaken prekawis ingkang ageng. Ananging, piyambakipun anyangka bab kasebat dadosaken gègèr.
Kejawi saking menika, Surakarta dipunkepung kaliyan bala tentara saking Kraton Ngayogyakarta, pamréntah Walandi, lan Mangkunegaran. Masarakat Kraton Surakarta liwung lan gorèh sanget. Icalipun kasedhihan sarta bibaripun barisan-barisan ingkang ngepung menika amargi wontenipun berkah kaliyan pitutur saking tiyang-tiyang sepuh wonten ing Surakarta. Piyambakipun nyukani pitutur supados 4 (sekawan) tiyang sekti ingkang badhe dadosaken kisruh wau dipuncepeng.
Kitab Babad Pakepung dèrèng naté dipuncithak. Naskah menika éndah sanget. Kitab menika ngagem métrum tembang Macapat. Babad Pakepung menika nyariyosaken babagan pamréntahan wonten ing jaman Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV ingkang boten mulus, amargi Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV naté ngraos kepojok. Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV dipunkepung saking kathah angkah, inggih menika saking Walandi, Mangkunegaran, Ngayogyakarta, lan wewengkon brang wetan (sisih wetan).
Kadadéyang menika saged kalaksanan amargi Kangjeng Susuhunan Paku Buwana IV badhé amisahaken dhiri saking Kompeni Walandi lan gadhah pangajeng-ajeng safed dados ingkang paling kuwat wonten ing antawisipun sainganipun wonten ing dhinasti Mataram. Kadadéyan kepojok menika bonten ngantos dangu, kirang langkungipun tigang sasi kémawon wonten ing taun 1790 M.
Wonten ing ngandhap, injih menika cuplikan serat pengantar ingkang wonten ing Babad Pakepung:
Tema cariyos wonten ing Babad Pakepung antawisipun:
Aluraning cariyon ingkan dipun-ginakaken wonten ing naskah Babad Pakepung menika ngagem alur lurus. Mula bukanipun cariyos, anggambaraken kawontenanipun Kraton Surakarta. Wekdal menika Susuhunan Paku Buwana IV, raja ing Surakarta ngawontenaken parembugan kaliyan Kumpeni babagan kontrak pamitran. Kumpeni dipunwakili kaliyan Jéndral Jan Grépé. Parembugan menika boten andadosaken kasil, amargi raja Surakarta angsal pambujukan lan pambalélanipun saking abdi, supados medhotaken pamitran kaliyan Kumpeni. Jendral Kumpeni banjur kepanggih kaliyan Sultan Ngayogyakarta lan ngrembag babagan kasebat. Lajeng, cariyon wiwit angembang. Wonten ing Ngayogyakarta, angsal kamupakatan menawi Surakarta badhe dipunkepung saking kathah arah. Wonten ing babagan menika, Sultan nyuwun pitulungan kaliyan pasukan saking Jawa Tengah lan Jawa Timur, kalebet ugi Madura.
Pucaking cariyos mawi kempalipun bala pitulung Kumpeni wonten ing kitha Semarang. Lajeng, wadya bala prajurit saking Kraton Ngayogyakarta, Mangkunegaran, lan Kumpeni wiwit anyelaki Kraton Surakarta. Jan Grépé nyuwun menawi Panengah lan para mitranipun dipunwenehaken dhateng pihak Kraton Ngayogyakarta, Mangkunegaran, lan Kumpeni. Menawi boten purun, Kraton Surakarta badhe dipungempur lan risak. Kangge margi medal saking prahara menika, Susuhunan Paku Buwana IV ngawontenaken rerembagan kaliyan Radèn Ngabéi Yasadipura. Wonten ing pungkasan rerembagan, saged dipunpundhut margi kangge medal saking prahara, inggih menika Kangjeng Susuhunan purun wenehaken sekawan abdi kinasih ingkang sampun mbaléla wau dhateng Kumpeni Walandi. Saklajengipun, kitha lan Kraton Surakarta pulih dados Kraton ingkang rakyatipun adhem, ayem, lan tenrem. Wonten ing pungkasaning cariyos saking Babad Pakepung menika, dipun cariyosaken menawi dipunputusaken siti wewengkon Pacitan dipunwenehaken Surakarta kangge Kumpeni Walandi
Mula bukanipun kadadeyan menika wonten ing paséban Kraton Surakarta, lan Kraton Surakarta nalikanipun sekawan abdinipun raja ngojok-ojoki Susuhunan Paku Buwana IV supados medhotaken pamitran kaliyan Kumpeni. Latar cariyos salajengipun inggih menika wonten ing Semarang, inggih menika papan kangge kempalipun bala pitilung Kumpeni saking Pati, Jepara, Surabaya, Gresik, Pasuruan, Sumenep, lan Madura. Saklajengipun, saksampunipun sekawan tawanan sampun dipuncepeng, Panengah, Wiradigda, Nursalèh, Bahman dipunpapanaken wonten ing Kapurbayan, papan panggénanipun Pangéran Purbaya. Wonten ing pungkasaning cariyos, sekawan tawanan menika dipunbuwang wonten ing Pulo Drus ing Teluk Jakarta.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Babad Pakepung, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.