Koran: Babaran jadwalan isi warta kadadéan, artikel, fitur, édhitorial, lan tawa

Koran yaiku lembaran-lembaran dluwang utawa kertas kang isiné warta lan kapérang dadi kolom-kolom (8-9 kolom).

Koran kababar saben dina utawa kala-kala. Tembung koran ing basa Jawa dijupuk saka basa Walanda krant kang sadurungé dijupuk saka basa Prancis courant. Koran iku racaké dicithak ing kertas kang béyané murah. Dluwang iku karan kertas koran.

Koran: Jinis tulisan ing koran, Sajarah Koran ing Donya, Sajarah Koran ing Indonésia

Jinis tulisan ing koran

Akèh macemé tulisan kang ana ing koran. Ana tulisan kang metuné saben dina, ana tulisan kang metuné ing dina-dina kang wis ditemtokaké. Jinis tulisan kang metuné saben dina ing koran yaiku:

    • Berita utawa warta. Koran kang terbité saben dina paling akèh ngemot berita lémpang (straighnews)yaiku berita saka laporan para reporter utawa wartawan.
    • Tajuk yaiku pamikiran rédaksi marang kawicaksanan, peristiwa, utawa kedadeyan tartamtu.
    • Opini yaiku pamikiran wong kang ahli ing babagan kang ditulis ing opini iku.
    • Feature yaiku tulisan kang isiné ngenani penggalian lebih dalam mligi ing aspek Human Interest.
    • Pojok yaiku tulisan kang didokok ing pojokan, sakaca karo tajuk, panemu (opini) lan surat pembaca. Lumrahé, tulisanné iku mung rong kalimat singkat kang isiné kalimat berita lan kalimat tanggapan/sentilan
    • Karikatur iki kolom kang isiné gambar kang kadang uga ngemot carita-carita nyentil marang kadadéan kang lagi booming.
    • Surat Pembaca iku isiné masalah-masalah warga. Wujudé bisa wujud panyaruwé utawa kritik.

Sajarah Koran ing Donya

Koran wiwit dikènal wong yaiku ing jaman Romawi Kuno (59SM). Koran sepisanan iku isih awujud tulisan tangan kang ditémpél ing témbok. Isiné koran iku ngenani sosial lan pulitik. Déné koran céthak kang sepisanan iku saka Cina. Metu ing taun 700-an kanthi jeneng Di-Bao (Ti-Pao). Metode nggarapé yaiku nganggo balok kayu kang diukir nganggo huruf Cina. Wujud koran kang sawisé yaiku: ''Newsletter'' ing taun 1400-an. Beritané ngenani bisnis lan bab dodolan ing Éropah. Ing taun 1500-an ngrembaka manèh dadi lembar berita/ newssheet.

Wetuné koran-koran ing Éropah diwiwiti karo mesin cethak temuané Johann Gutenberg ing satengahing abad XV kang nggampangaké prosès prodhuksi. Dhisik berita kang dimot mung siji kedadeyan tur metuné ora tèratur. Banjur ngalami évolusi lan terbit kanthi teratur kaya kang dilakoni minggon Avisa Relation oder Zeitung, wiwit taun 1609 ing Strasbourg, Jerman. Pranyata abad XVII dadi abad wigati lairé koran ing Éropah.

Ing taun 1665 Inggris wiwit produksi koran. Koran kang sepisanan yaiku The London Gazette kang wetuné isih kala-kala. Ariwarti sèpisanan ing Inggris yaiku The London Daily Courant (1702). The Times, koran Inggris kang terbit wiwit abad XVII nganti saiki yaiku koran kang paling dhisik nganggo sistem cetak rotasi. Ditemokakéné télégram lan jaringan kabèl internasional ing satengahing taun 1800-an marakaké wartawan bisa luwih rikat golék berita.

Sajarah Koran ing Indonésia

Koran: Jinis tulisan ing koran, Sajarah Koran ing Donya, Sajarah Koran ing Indonésia 
KORAN

Ing Indonésia, wis wiwit ana ing taun 1744, nalika papréntahané Gubjen Van Imhoff,yaiku Bataviasche Nouvelles. Nanging umuré mung rong taun. Nalika taun 1776, ing Jakarta metu koran Vendu Nieus,kang ngemot manéka warna barang lélangan. Koran minggon iki mandheg terbit mèrga Gubjén Daendeles mengambil alih ''percetakan''.

Deandels nerbitaké Bataviascche Koloniale Courant (1810) kang umuré uga cekak amarga Walanda kudu nyingkir kanggo Inggris. Inggris ngèrti prèlune koran, mangka dicétak Java Government Gazette, kanggo corong pamarintah. Pas Walanda balik dadi panguwasa Indonésia, koran iku diganti dadi Bataviasche Courant (1816), banjur dadi Javasche Courant (1827). Tahun 1942, Walanda sumingkir mèrga Jepang mara. Koran banjur dijupuk papréntahan anyar lan diowahi dadi Ken Po, kang artiné berita pamaréntah.

Koran swasta kang diterbitaké ing Indonésia diwiwiti déning wartawan landa kang arané W.Bruining. Koran terbitané Bruining iku jenengé Batavia Advertentieblad. Déné pribumi kasil duwé koran dhéwé yaiku ing taun 1854 ing Weltevreden Gambir, Jakarta. Banjur mètu majalah Bianglala saka pihak Zanding. Mingguan basa Jawa Bromartani terbit sèpisanan ing taun 29 Maret 1855. Nanging mboh géné Van der Muelen ing de Courant Stijhoff (Leiden 1885), ngomong yèn prakarsa iku nembé mètu taun 1856, nalika terbit Soerat Kabar Basa Melajoe ing Surabaya. Wiwit iku akèh koran melayu kang dikelola wong landa asli utawa peranakan.

Taun 1904 pers Indoensia bangkit, nalika Raden Mas Djokomono karo akte notaris Simon Mendirikan NV Javaansche Boekhandel & Drukkerij en handel in Schrijfbehoeften Medan Prijaji ing Bandung, ditutké mètuné minggon Medan Prijaji (1907). Pas wèktu iku kanggo sepisanan bangsa Indonésia duwé koran dhéwé.

Fungsi Koran

Koran utawa Surat kabar kang dadi salah sawijining ''médhia massa'' duwé peran lan fungsi kang gedhé ing prosès pambentukan identitas nasional. Manéka warna tulisan kang ana ing koran iku ngréwangi nyiptakaké pemahaman anyar marang warga ngènani wèktu, wewengkon lan basa. Telung unsur iku kang mbentuk kesadaran wong-wong yèn dhèwèké iku péranganing ''komunitas'' kang arané "bangsa".

Cathetan suku

Tags:

Koran Jinis tulisan ing koranKoran Sajarah ing DonyaKoran Sajarah ing IndonésiaKoran Fungsi Koran Cathetan sukuKoranBasa PrancisDluwangWarta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Agus Harimurti YudhoyonoTata SuryaGambuhFosforSelat SalaKaum TsamudBani UmayahKabupatèn SumbawaHacker & Koch G36YérusalemAura KasihManuel RoxasLiga Super IndonésiaCalon ArangSanja Sangu TrebelaKleponGlenn FredlyGading MartenGendari640MauritiusPangéranAmérika SarékatBekakakJakartahPersija JakartaNagasariKendel ngringkel, dhadhag ora godhagRahwanaWikiWisanggeniAsem lemakKendhiBaworLuhut Binsar PanjaitanPurwakanthiPucungCitra KiranaFilipinaSisingamangaraja XIIDurmaJalen BrunsonAntonio RüdigerAllahKenongLumut kerakAdolf HitlerKucingKorupsiPerang BubatIrfan BachdimAlang-alangTinWikibooksDéklarasi DjuandaAlamGunung WilisMacan tutulGunung MerapiAline AditaBanaspatiKarbonMohammad HattaWiki CommonsInggrisC++Mikul dhuwur, mendhem jeroNanna (mitologi)Hibiki ŌtsukiPevita PearceBasa Jawa Krama🡆 More