Mauritius

Républik Mauritius iku nagara kapuloan ing kidul-kulon Samodra Hindia, watara 900 km sisih wétan Madagaskar.

Saliyané Pulo Mauritius, nagara iki uga nyakup Kapuloan Cargados Carajos, Rodrigues lan Kapuloan Agalega. Mauritius kalebu sajeroning Kapuloan Mascarene, karo Pulo Reunion duwèké Perancis 200 km sisih kidul-kulon Mauritius.

Republic of Mauritius
République de Maurice
Gendéraning Mauritius
Gendéra
Aditamènging Mauritius
Aditamèng
Motto: Stella Clavisque Maris Indici
(Latin: "Bintang lan Kunci Samodra Hindia")
Gunagita: Motherland
Dunungpenering Mauritius
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Port Louis
JawatbasaInggris, Prancis, Kreol
PapréntahanDhémokrasi parlementer
Kamardikan
• Banyu (%)
0,05%
Population
• Pikira-kira 2006
1.211.308 (149)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$14,93 miliar (120)
• Saben wong
US$12.215 (54)
ArtacihnaRupee (MUR)
Laladan wektuUTC+4
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+4
Kodhé bèl230
TLD internèt.mu

Sajarah

Pulo Mauritius tinemu déning bangsa Portugal taun 1505, lan pisanan dijajah déning Walanda taun 1638. Walanda njenengaké "Mauritius" kanggo mèngeti Pangeran Maurice saka Nassau. Perancis nguwasani pulo iku sajeroning abad ka-18 nuli njenengaké Ile de France. Mauritius sabanjuré dikuwasani déning Britania Raya taun 1810 lan dibalèkaké menyang jeneng asalé.

Kamardikan direngkuh taun 1968 kanthi papréntahan republik kang kalebu sajeroning kumpulan Persemakmuran taun 1992. Mauritius minangka nagara dhémokrasi kang relatif stabil kanthi pemilihan umum reguler lan cathetan hak asasi manungsa kang baik. Aliran investasi mancanagara menyang Mauritus cukup akèh, dadi salah siji nagara kanthi pendapatan per kapita paling dhuwur ing Afrika.

Pulitik

Kepala nagara Mauritius ya iku Présidhèn kanthi mangsa kalungguhan limang taun kang dipilih déning Majelis Nasional, parlemen unikameral Mauritius. Saka total 66 anggota parlemen, 62 wong dipilih liwat kasil swara paling akèh lan 4 liyané dipilih kanggo makili etnik minoritas, gumantung marang kasil pemilu. Parlemen dibawahi Nayakotama lan sawatara mantri.

Pamérangan administratif

Pulo Mauritius kapérang dadi 9 dhistrik:

  • Black River
  • Flacq
  • Grand Port
  • Moka
  • Pamplemousses
  • Plaines Wilhems
  • Distrik Port Louis
  • Riviere du Rempart
  • Savanne

Katelu pulo ing ngisor iki minangka dependensi duwèké Mauritius:

  • Kapuloan Agalega
  • Cargados Carajos
  • Rodrigues

Uga delengen

  • Pratélan nagara
  • Pratélan nagara miturut bawana
  • Pratélan nagara miturut amba wewengkon
  • Pratélan lagu kabangsan
  • ISO 3166-1

Pranala njaba


Tags:

Mauritius SajarahMauritius PulitikMauritius Pamérangan administratifMauritius Uga delengenMauritius Pranala njabaMauritiusMadagaskarNagaraPerancisReunionSamodra Hindia

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Masjid Agung DemakIra WibowoHotman Paris HutapeaMateo KovačićGNOMEOlahan GhanaThe BeatlesDilraba DilmuratJorge LorenzoTumpengSulukLiga Champions UEFASastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating DiyuPétrukMauritaniaPakta WarsawaAsmaradanaWeteng babiMohammad HattaKumarinSepur Gaya Baru Malam SelatanJawa WétanSistem ambeganMusikSwiwi pedhesPrasasti YupaAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)PuputanꦗꦮMlinjoAbdurrahman As-SudaisOscar's OasisJonathan FrizzyWaring Wéra WanuaKeylor NavasBenito MussoliniBledagIndhonésiaGongYuyuMinati AtmanegaraHeckler & Koch MP5ReebokSurat As SajdahInul DaratistaMieke AmaliaKaum TsamudCitra KiranaSistem operasi komputerSanta AgnesVoltaireRaghavanKempyangAgung LaksonoIndhonésia/jvAlan TuringDerby RomeroDelimaHimalayaLukman SardiKarnaJa'far ash-ShadiqBanserRuth SahanayaTanakhKaliwadas, Sumber, CirebonCitraanTegesé Aksara JawaBatagorJayabaya (kalawarti)Portsmouth F.C.Alat kelaminBumbon crakènKabupatèn Wakatobi🡆 More