Neptu

Neptu utawa neton, iku angka lan kombinasi angka ing kalèndher Jawa kang dijupuk saka dina, pasaran, wulan lan taun Jawa, kanggo ngitung wektu kang apik kanggo miwiti kagiyatan kang wigati.

Miturut pétungan primbon Jawa, ana dina-dina kang apik kanggo ngayahi kagiyatan, nanging ana uga dina kang kurang apik kang sabisa-bisa diéndhani. Nanging pétungan iku mau mung minangka paugeran baé supaya ngati-ati, sebab apa kang bakal kadadéan iku saka kersané Pangéran kang Maha Kuwasa. Minangka conto, tanggal 1 Januari 2001 (wiwitan abad kaping 21 lan wiwitan alaf kaping 3) iku pas tiba dina Senin-Pahing, boboté 13, amarga Senin = 4 + Paing = 9. Angka neton iki bisa dianggo nemtokaké dina sing apik kanggo ijab kabul utawa kagiyatan sing wigati liyané.

Cacahing neptu

Dina lan pasaran

Saben dina lan pasaran ing kalèndher Jawa iku duwé neptu kang béda-béda. Sajeroning budaya Jawa neptu dina lan pasaran iku dibutuhaké banget kanggo ngayahi pétungan wektu lan golèk dina kang becik kanggo miwiti sawijining kagiyatan kang wigati. Cara-cara ngitung dina lan pasaran ing kalèndher Jawa iku diarani wariga gemet. Kanggo cethané, cacahing neptu dina lan pasaran bisa dipirsani tabel ing ngisor iki:

Wulan

Kayadéné dina lan pasaran, wulan utawa sasi ing kalèndher Jawa uga duwé neptu dhéwé-dhéwé.

  • Sura-1
  • Sapar-3
  • Rabiul Awal-4
  • Rabiul Akhir-6
  • Jumadil Awal-7
  • Jumadil Akhir-2
  • Rejeb-3
  • Ruwah-5
  • Pasa-6
  • Sawal-1
  • Dulkaidah-2
  • Besar-4

Taun

  • Alip-1
  • Éhé-5
  • Jimawal-3
  • Jé-7
  • Dal-4
  • Bé-2
  • Wawu-6
  • Jimakir-3

Uga delengen

Réferènsi

Pranala njaba


Tags:

Neptu Cacahing neptuNeptu Uga delengenNeptu RéferènsiNeptu Pranala njabaNeptu1 Januari2001Abad kaping 21DinaJawaKalèndher JawaPasaranPrimbon

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

KatulistiwaKalajengkingGusti Muhammad HattaSatelit alamiPaguyuban Nagara-Nagara Asia Kidul WétanShayne PattynamaAlda RismaPraja Sriwijayaꦥꦺꦠꦿꦺꦴꦩꦏ꧀ꦱ꧀PawadonanSanja Sangu TrebelaMicrosoftTimahMuhammad Arifin IlhamTembung aranHermann HessePlanètLee Jong-sukTarmizi TaherKethoprakMacan tutulAstatin2020-anAntonio RüdigerUranusBabad SokarajaFilologiOmah adat JawaBima (paraga Mahabharata)Aksara CarakanArab SaudiAbimanyuCumbanaBiografiCoboy JuniorDian SastrowardoyoBasa JawaDhomain publikAlan Walker (prodhuser musik)SemikonduktorBank MandiriMie ayamTetanènTembung panyilahPedhotanKumbangJaétunWWE SmackDownAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)YupiterAksaraHacker & Koch G36Taylor SwiftElon MuskHibiki ŌtsukiBlangkonKendhiKartiniKabupatèn RembangSoca1140-anBancakan Weton1998SaturnusRoger DanuartaKarbon dioksidaBismaUnit 731Wong MandailingBeşiktaş JKSugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorakéFilem pornoSepasaranKabupatèn Empat Lawang🡆 More