Uzbèkistan

Républik Usbekistan (kadhangkala diéja Uzbekstan utawa Ozbekistan), jeneng resminé Républik Uzbekistan (basa Uzbek: O‘zbekiston Respublikasi utawa O‘zbekiston Jumhuriyati; Sirilik: Ўзбекистон Республикаси; basa Ruslan: Республика Узбекистан), iku nagara ing Asia Tengah, sing sadurungé minangka péranganing Uni Soviet.

Nagara kanthi wewengkon sing kakurung dharatan iki wewatesan karo Kazakhstan ing sisih kulon lan lor; Kirgizstan lan Tajikistan ing sisih wétan; lan Afganistan lan Turkmenistan ing sisih kidul. Basa resmi siji-sijiné ya iku basa Uzbek, siji basa Turkik, nanging basa Ruslan tetep dipigunakaké, sisa paninggalan papréntahan Soviet. Watara 1 yuta suku Tajik, siji golongan ètnis sing isih sak rumpun karo bangsa Pèrsi, manggon ing nagara iki, lan minangka 4,8% saka sing ndunungi. Tembung Ozbek kawangun saka oz ("sajati/asli") lan bek ("pemimpin/bangsawan"), saéngga "Ozbek" tegesé "bangsawan" utawa "pamimpin sajati".

O‘zbekiston Respublikasi
O‘zbekiston Jumhuriyati
Gendéraning Uzbekistan
Gendéra
Aditamènging Uzbekistan
Aditamèng
Motto: 
Gunagita: O`zbekiston Respublikasining Davlat Madhiyasi
Dunungpenering Uzbekistan
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Tashkent
JawatbasaUzbek
PapréntahanRépublik
Kamardikan
• Banyu (%)
4,9%
Population
• Pikira-kira 2005
26.851.195 (42)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
AS$45,75 miliar (74)
• Saben wong
AS$1.766 (154)
ArtacihnaSom (UZS)
Laladan wektuUTC+5
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+5
Kodhé bèl998
TLD internèt.uz
Uzbèkistan

Sajarah

    Artikel utama: Sajarah Uzbekistan

Wewengkon Uzbekistan wis dipanggoni wiwit milennium kaloro SM. Ana temon-temon piranti purba manungsa sarta monumen-monumen ing laladan Ferghana, Tashkent, Bukhara, Khorezm (Khwarezm, Khorasmia) lan Samarkand.

Alexander Agung naklukaké Sogdiana lan Baktria ing taun 327 SM, anggarwa Roxana, anak ketua suku Baktria. Nanging, panaklukan iki ora nulung Alexander amarga rakyat tetep nglawan, saéngga bala Alexander pungkasané kalah ing tlatah iki.

Sajeroning maabad-abad wewengkon Uzbekistan diprintah déning Kakaisaran Iran, kaya déné Kakaisaran Parthia lan Sassanian.

Uga delengen

  • Andijan
  • Pratélan nagara

Pranala njaba

Cathetan suku


Tags:

Uzbèkistan SajarahUzbèkistan Uga delengenUzbèkistan Pranala njabaUzbèkistan Cathetan sukuUzbèkistanAfganistanAsia TengahBasa RuslanKazakhstanKirgizstanPèrsiSuku TajikTajikistanTurkmenistanUni Soviet

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

OrtodoksKabupatèn LebakAline AditaSistem koordhinat géyografisTvOneRuwahanAgus Harimurti YudhoyonoUnit 731Widy Soediro NichlanyPlanètGading MartenWunguStronsiyumOlah-olahan JawaWikipédia basa JawaFardhu 'ainUpacara WiwitUleg-ulegUlate bening leriJam GadangKolaIslamRebut balung tanpa isiIis DahliaTembung panyilahBrigadir JéndralKuwé kembang goyangꦩꦼꦱꦶꦤ꧀ꦗꦲꦶꦠ꧀Muhammad Chatib BasriSurat Al QadrAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)YogyakartaGunung MerapiHidrogenWayang golèkShayne PattynamaSusi AirJesse JamesSemen Padang FCDurmaZeusRengginangAlisSocaꦱꦫꦶꦠꦼꦧꦸCitra KiranaMlathiGudang garamAbimanyuBlangkonKomando Daerah Militer II/SriwijayaAfrika KidulJaétunTahu campurLaskar PelangiMohamed Ahmed NassarLaut MatiProxima CentauriGoogleMikèl ArtétaSemikonduktor2008DhandhanggulaGaliyumꦧꦺꦱꦺꦏ꧀Wulan GuritnoCenil1509PutihPaul WalkerPecelNanna (mitologi)Arjuna🡆 More