Alexander Agung

Alexander Agung (utawi Alexander Agung utawi Iskandar Agung utawi Iskandar Dzulqarnain / Makutha Sungu Kalih) (basa Yunani: Μέγας Ἀλέξανδρος (Megas Alexandros), basa Inggris: Alexander the Great) punika satunggaling penakluk asal Makedonia.

Alexander dipunlairaken dhateng mrika nalika taun 356 SM. Ramanipun inggih punika Raja Filipus II, raja Makedonia, ingkang ngintun Alexander dhateng satunggaling filsuf misuwur saking Yunani, inggih punika Aristoteles ingkang ngajaraken ngèlmu logika filsafat Yunani. Raja Filipus II séda nalika Alexander taksih yuswa 20 taun lan Alexander lajeng nggantosaken ramanipun wonten ing taun 336 SM. Kalih taun salajengipun Alexander nyerang Pèrsi lan ngawonaken Raja Pèrsi Darius III ing taun 333 SM, lajeng miyaraken ekspansinipun dhateng Suriah lan Irak, lajeng dhateng India, nanging boten siyos amargi para prajuritipun sampun sayah sanget.

Aleksander Agung
Basileus Makedonia
Alexander Agung
Aleksander perang ngelawan raja Darius III. Saka Mosaik Aleksander, Musiyum Arkéologi Nasional Napoli
Mréntah 336–323 SM
Nami jangkep Aleksander III dari Makedonia
Gelar
Pendahulu Filipus II dari Makedonia
Pangganti
  • Aleksander IV dari Makedonia
  • Filipus III dari Makedonia
Garwa Roxane dari Baktria
Stateira II dari Pèrsi
Parysatis II dari Pèrsi
Yoga Aleksander IV dari Makedonia
Dinasti Dinasti Argead
Bapa Filipus II dari Makedonia
Ibu Olympias dari Epiros
Alexander Agung
Reca Alexander Agung wonten British Musiyum.

Sajarah

Ing wekdal kirang langkung 10 taun, Alex sampun nguasani sapérangan ageng nagari-nagari ageng ing wekdal punika, lajeng wangsul dhateng Yunani. Ing margi, Alex mampir wonten ing Babilonia, kanggé lereh, nanging lajeng gerah katisen sadangunipun 11 dinten lan salajengipun séda taun 323 SM, wekdal yuswanipun dèrèng ngantos 33 taun. mboten cetha jalaran sédanipun. Sapérangan wonten ingkang nginten yèn panjenenganipun séda sasampunipun gerah malaria saking cakotan lemut nalika badhé naklukaken India. Wonten ugi ingkang nginten bilih sedanipun amargi lelara sanès kados ta acute pancreatitis utawi lelara sanès ingkang dipunsebabaken déning virus West Nile virus. Sewetawis versi ingkang pungkasan nginten yèn panjenenganipun dipunpercados nganggé racun ing antawisipun kasebat racun hellebore utawi racun strychnine, ingkang dipunlebetaken dhumateng minuman anggur déning rencangipun. Versi kaping kalih punika mèmper kaliyan sédanipun Napoleon Bonaparte.

Alexander Agung 
Donya nalika sédanipun Alexander, nuduhaken kemaharajaanipun wonten ing konteks geopolitik ingkang langkung ageng

Sanadyan namung mrèntah sadangunipun 14 taun, salebeting masa kepemimpinan Alexander saged yasa satunggiling kamaharajan ingkang langkung ageng tinimbang sadaya kamaharajan ingkang naté wonten. Dumugi wekdal panjenenganipun séda, tlatah ingkang dipunandahi sampun tikel kaping sèketipun tlatah ingkang dipunwarisaken dhumateng piyambakipun. Satunggiling prestasi ingkang ngédap-édapi (kinten-kinten, boten ngantos langkung saking enem Kaisar ingkang sanggem nyaingi pretsasi punika).

Amargi penaklukan lan ekspansinipun punika wau, Alexander Agung ugi nyebaraken kabudayan hellenis ingkang awujud perpaduan kabudayan Yunani kuna, Laut Tengah, Mesir, lan Pèrsi. Prabawa Hellenisme punika malah dugi India lan Tiongkok. Khusus wonten ing Tiongkok, prabawa kabudayan punika saged dipuntelusuri antawisipun kanthi wontenipun artefak ingkang pinanggih wonten ing Tunhuang.

Sadèrèngipun séda, panjenenganipun ugi yasa kitha Alexandria ing nagari Mesir, kanthi kapustakan ingkang komplit lan dipunbikak ngantos sèwu taun dangunipun, lan salajengipu dados pusat pasinaonan paling hébat ing donya.

Gelar Agung

Gelar The Great utawi Agung dipunparingaken déning masarakat donya wekdal punika amargi kamasyhuran kraton ingkang panjenenganipun pimpin lan wiyar wewengkon jajahanipun sanajan yuswanipun taksih enèm sanget. Panjenenganipun ugi dipunpercanten minangka Raja kaping sepindhah ingkang naté nguwaosi tigang bawana (Éropah, Afrika, dan Asia), ingkang wekdal punika sampun kepétang luar biyasa utawi ngédap-édapi, amargi bawana Amérika lan Australia nalika samanten dèrèng pinanggih.

Sajarah Alexander Agung saged pinanggih ugi wonten ing kitab suci Al Qur'an, Surah Al Kahfi 83-101, kanthi sebatan Dhulqarnain (Raja ingkang nganggé makutha sungu kalih).

Ugi pirsani

Pranala njawi

Alexander Agung 
Wiki
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Gladri

Alexander Agung 
Alexander Mosaic, showing Battle of Issus, from the House of the Faun, Pompeii
Alexander Agung 
Campaigns and landmarks of Alexander's invasion of Southern Asia.
Alexander Agung 
A diary from the year 323–322 BC that records the death of Alexander. Located at the British Musiyum, London
Alexander Agung 
Coin of Alexander bearing an Aramaic language inscription.

Cithakan:Pratélan ingkang Agung

Tags:

Alexander Agung SajarahAlexander Agung Gelar AgungAlexander Agung Ugi pirsaniAlexander Agung Pranala njawiAlexander Agung GladriAlexander AgungAristotelesBasa InggrisBasa YunaniIndiaIrakMakedoniaPèrsiSuriah

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Manuel AkanjiBrajamustiKalajengkingFranz Ferdinand (Grup Musik)Wulan GuritnoBayurSoimah Pancawatiꦧ꧀ꦊꦢꦒ꧀Dewa 19Filippo InzaghiCesc FàbregasPawonKopassusSMK Negeri 2 BloraBasa KwangtungHidrogenGadho-gadhoSurat Al KautsarNakulaPulusBanserArtikelAntonio RüdigerKabupatèn MorowaliLucas VázquezMa Dong-seokEgy Maulana VikriWayang kancilWashington, D.C.Shinji KagawaKim Soo-HyunGuwa PindulWikipédia basa JawaISO 3166-1SnowpiercerJulie EstelleGajahGlenn FredlyBendiKompiYupiterWiji kopiISBNWilangan pecahanGamelanꦄꦕꦂꦮꦺꦴꦃJalur SutraKangen Band (Grup Musik)Liga Super IndonésiaIan MaatsenSlankSiti Hardijanti RukmanaTukul ArwanaPerang Yom KippurTembung sesulihAyushitaReebokKemangPangumbaran TintinTopan (Srimulat)HafniumSalim A. FillahDadar gulungWayang bèbèrSunan KudusVeve Zulfikar564Garuda Wisnu KencanaLiga Champions UEFAANTVErling HaalandMichael JacksonKepanjen, Gumukmas, JemberDarius SinathryaKomputerKuwé lapisIwak pitikPsikopat🡆 More