Sutra

Sutra wujud serat protéin alami kang bisa ditenun dadi tèkstil.

Jinis sutra kang paling umum ya iku sutra saka kepompong kang diasilaké larva uler sutra murbei (Bombyx mori) kang diternak (paternakan uler iku diarani serikultur). Sutra duwé tèkstur mulus, lembut, nanging tidak licin. Rupa meling-meling kang dadi daya tarik sutra asalé saka struktur kaya prisma segi tiga sajeroning serat mau kang gawé kain sutra bisa mbiasaké cahya saka manéka pojok.

Sutra
Patang jinis ngengat sutra ternakan kang wigati.
Sutra
Wong bakul kain sutra ing Khotan.
Sutra
Pamintalan bolah sutra saka kepompong uler sutra.

"Sutra alasan" diasilaké déning uler saliyané uler sutra murbei lan bisa uga diolah. Manéka sutra alasan ditepungi lan digunakaké ing Cina, Asia Kidul, lan Éropah wiwit biyèn, nanging skala prodhuksiné mesthi adoh luwih cilik tinimbang sutra ternakan. Sutra alasan béda saka sutra ternakan saka sisih warna lan tèkstur, sarta kepompong alasan kang diklumpukaké lumrahé wis dirusak déning ngengat kang metu sadurungé kepompong mau dijupuk, saéngga bolah sutra kang mbentuk kepompong iku wis pedhot dadi cendhak. Uler sutra ternakan dipatèni kanthi diclup menyang banyu umub sadurungé metuné ngengat diwasa, utawa dicoblos nganggo dom, saéngga kabèh kepompong bisa diurai dadi sahelai bolah kang ora pedhot. Iki marakaké sutra bisa ditenun dadi kain kang luwih kuwat. Sutra alasan lumrahé uga luwih angèl diclup warna tinimbang sutra ternakan.

Sutra uga diasilaké déning sapérangan jinis gegremet liya, nanging mung jinis sutra saka uler sutra kang gawé tèkstil. Tau uga dilakokaké kajiyan tumrap sutra-sutra liya kang ngétokaké prabédan saka aspèk molekul. Sutra diasilaké mligi déning larva gegremet kang ngalami metamorfosis jangkep, nanging uga diasilaké déning sapérangan gegremet diwasa kaya déné Embioptera. Prodhuksi sutra uga kerep ditemoni mligi ing gegremet ordho hymenoptera (lebah, tabuhan, lan semut), lan sok-sok minangka gawé susuh. Jinis-jinis arthropoda kang liya uga ngasilaké sutra, mligi arachnida kaya déné laba-laba.

Pranala njaba

Sutra 
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Sutra ing KamusWiki.

Tags:

CahyaLarvaMurbeiProtéinSeratTenunTèkstilUler sutra

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

ÉjakulasiSinarmas GroupKomengMaskumambangMila RodinoBima (paraga Mahabharata)Lintang alihHalloweenNeptuSepi ing Pamrih Ramé ing GawéFotografiKluwungNajelaa Shihab22 MèiPawadonanLesungEris (planit)Ivan GunawanBasa JawaGunung LawuErisSMK Negeri 2 BloraErling HaalandKansai PaintTaman Nasional RedwoodAchmad SoebardjoWajikAri SihasaleTantowi YahyaJawaDhaptar Mentri Dalam Negeri Republik IndonesiaSistem operasi komputerYouTubeBale Sigala-galaLydia KandouAsteroidSurat Al Qadr5 FèbruariCristiano RonaldoBrandon SalimThiwulDurmaSepur MalabarMohammad HattaGambangOmah adat JawaGoogleRangkaian MelatiMikro-organismeKanoKazakhstanBabi Panggang KaroNapoléon BonaparteSepur Argo ParahyanganTemulawakKiyamatFilipinaHappy AsmaraBasa ngokoSurat Al 'AnkabuutMicrosoft WindowsKemayoran, Jakarta PusatFerry MaryadiSlipi, Palmérah, Jakarta KulonTapéArimbiPratélan Mahamantri JepangPucungAngsangBaronganRizky RidhoSoenarkoAri SigitPratélaning Wali Kutha SurabayaParto PatrioRyan DelonDhomain publikLee Min Ho🡆 More