Arachnida

Uropygi

Arachnida
Arachnida
"Arachnida"
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Subfilum: Chelicerata
Klas: Arachnida
Cuvier, 1812
Acarina
Amblypygi
Araneae
Opiliones
Palpigradi
Pseudoscorpionida
Ricinulei
Schizomida
Scorpiones
Solifugae

Arachnida yaiku salah sawijiné kelas kéwan invertebrata Arthropoda subfilum Chelicerata. Tuladha saka Arachnida yaiku mangga , kalajengking, lan tungau. Luwih saka 75.000 spésies Arachnida kang bisa tinemu déning para èlmuwan yaiku jinis mangga. Arachnida kalebu kéwan karnivora amarga racaké mangsa gegremet lan terestial kang urip ing dharat.

Ciri-ciri

Padatan, Arachnida kalebu kéwan kang urip ing dharatan. Nanging, uga ana kang urip ing sagara. Awaké kawangun saka sefalotoraks, abdomen, lan 4 pasang sikil. Arachnidéa duwé mripat tunggal, awaké berbuku lan bisa dibédakaké jinis lanang lan jinis wadon. Kéwan iki ora nduwé antena lan mandibula.

Sistem pencernaan Arachnidaé kawangun saka lambé, tenggorokan, lambung, usus alus, anus, lan klanjer racun kanggo matèni mangsané. Rèspirasi Arachnida nganggo paru-paru buku lan trakéa. Sistem èkskrèsiné kanthi saluran Malphigi lan sistem sarafé yaiku sistem saraf tangga tali, déné fertilisasiné kanthi cara internal lan ora ngalami metamorfosis. Reprodhuksi Arachnida kadadèn kanthi cara sèksual, yaiku nyawijiné ovum lan spèrma ing jero awak kéwan wadon. Kéwan lanang lan wadon kapisah kang diarani diesis.

Klasifikasi

Arachnida kapérang dadi telung ordho, yaiku Arachnoidea, Scorpionida, lan Acarina.

Arachnoidea

Tuladha kéwan kang kalebu ordho Arachnoidea yaiku:

  • Mangga jaring kubah (ing Bostwana, Afrika Kidul)
  • Mangga Liphistius (ing alas Asia Tenggara)
  • Mangga penjerat (ing Malaysia)
  • Mangga pemburu (ing Meksiko)
  • Mangga srenggala
  • Mangga racun Latrodectes natans lan Laxosceles reclusa
  • Tarantula (Rhechostica hentz)

Scorpionida

Kéwan iki nduwé weteng wujudé ros-ros lan ing ros kang pungkasan malih dadi piranti kanggo mbéla dhiri. Tuladhané yaiku:

  • Kalajengking (Vejovis sp, Hadrurus sp, Centrurus sp)
  • Tonggeng (Buthus)

Acarina

Tuladahané yaiku:

  • Caplak kudis (Sacroptes scabiei)
  • Caplak unggas (Dermanyssus)
  • Caplak sapi (Boophilus annulatus)
  • Tungau (Dermacentor sp.)

Deleng uga

Cathetan suku


Tags:

Arachnida Ciri-ciriArachnida KlasifikasiArachnida Deleng ugaArachnida Cathetan sukuArachnida

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GathotkacaWader cakulTom HollandultravioletKapuloan MalukuXabi AlonsoGita WirjawanWayangKendhang gendhingRuwatanPutihAgeng TirtayasaPizza HutItriumJesse JamesJatinangor, SumedangTembung entarAhmad DahlanBimasektiPèmpèkTembung ancer-ancerPiknik wudaAnies BaswedanKrajan Sumedang LarangGisella AnastasiaWayang kulitFerry MaryadiTokugawa IeyasuIowaAmien RaisIndonBlangkonIkeaDhakonSrengéngé mlethèkMustarMark van BommelDivisi Regional I Sumatra Lor lan AcehHamtaroMbobotWignyanSepi ing Pamrih Ramé ing GawéLadhangKamentrian Kaséhatan Republik IndonésiaTyo NugrosSurat Al MuzzammilMila RodinoYésus KristusGudhegPananggalan JawaAchmad SoebardjoÉjakulasiSepur JoglosemarkertoPallywoodRangkaian MelatiParto PatrioSepfy LiaJeruk purutWingko babatMuhammad Arsyad al-BanjariManuel RoxasKendhang batanganKodhokNyadranArjuna25 AgustusKim Soo-HyunMoskouDaérah IstiméwaTeuku RyanKanoSlenthemAntimonIsraèlDenzel Washington🡆 More