Trakéa

Trakéa (batang tenggorokan) punika pipa ingkang dawa kira-kira 9 cm.

Tkakèa kasusun atas enem bélas ngantos rongpuluh cincin-cincin balung rawan ingkang kabéntuk C, cincin balung rawan punika ing pérangan wingking, botén kasambung ya iku ing panggènan trakèa kantèl ing esofagus. Sapunika migunani kanggé nahanakén supados trakea ajeg kabuka. Cincin-cincin balung rawan diiket kaliyan jaringan fibrosa, sanèsipun ugi wonten pinten-pinten jaringan otot. Trakea dipunlapisi kaliyan kendhangan yiyid ingkang dipunhasilaken déning epitelium bersila. Silia-silia punika gerak ing inggil ing arah laring saéngga kaliyan obahan punika debu lan butir-butir lembut sanèsipun ingkang derek mlebet punika ngirup napas saged dipunmedalaken. Ing paru-paru trakea punika nyabang ngantos kalih wujud bronkus. Trakea utawi saluran udara inggih punika tiub ingkang ukuran kira-kira 12 cm ing panggènipun anterior kaliyan esofagus. Trakea manjang saking rawan krikoid larinks ing inggil balung vertebra toraks kaping gangsal lan salajengipun bagi ing bronkus primer tengen lan kiwa. Rengka wujud trakea saking 16 20 cecincin rawan hialin ingkang boten jangkep, nyerupai huruf C. Pérangan huruf ingkang boten jangkep punika ngarah ing posterior lan dipunisi déning otot cincin. Ing panggènan trakea nyabang, wonten satunggal sudut ing antawis bronkus primer tengen saha kiwa ingkang dipuntepang dados Karina. Trakea dipunlapisi déning Epitelium Kolumna pseudostratum bersilium.

Trakéa
Trakéa
Pengenal
MeSHD014132
TA98
TA23213
FMA7394
Terminologi anatomi
[[[d:|besut ing Wikidata]]]

Fungsi Trakea

Fungsi trakea inggih punika kanggé nyediaken panggènan kanggé udara ingkang dipunbeta mlebet lan udara ingkang dipunmedalaken. Dados dalan mlebet udara ing paru-paru, ngusir debu-debu alus ingkang lolos saking penyarinagn ing gronggongan irung. Organ pernapasan trakea saking faring udara nglampahi laring, pangenane pita swanten, saking laring, udara mlebet trakea. Trakea dipunsebat ugi pipa angin utawi saluran udara. Trakea gadhah dawa kirang langkungipun 11,5 cm kaliyan diameter 2,4 cm. Trakea kasusun saking sekawan lapisan, inggih punika lapisan mukosa, lapisan submukosa, lapisan balung rawan, lan lapisan adventitia. Lapisan mukosa punika saking sel-sel epitel berlapis semu bersila ingkang ngandut sel goblet ingkang ngasilaké lendir (mucus). Silia lan lendir gadhah fungsi nyaring debu utawa reget ingkang sampun mlebet. Lapisan submukosa punika saking jaringan ikat. Lapisan balung rawan punika kirang langkunge wonten 18 balung rawan dumadi horuf C. Lapisan adventitia punika saking jaringan ikat. Dinding trakea dipunlapisi lendir ing dinding trakea. Lendir punika gadhah fungsi nahan kanggé nahan benda asing ing membran sel epitel. trakea gadhah fungsi dados saluran udara pernapasan nuju ing alveolus. Trakea punika organ tunggal ing tengah ingkang gadhah dawa rata-rata ing tiyang diwasa 11 cm.

Cathetan suku


Tags:

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

GravitasiWader cakulMario GötzeKasus génitifMedia CirebonBiruKethukWarangganaRerengganJesse JamesBasa kramaAntimonEmil DardakHibiki ŌtsukiIwel-iwelKandangan, Hulu Sungai KidulNadiem MakarimAgeng TirtayasaGudhegDhakonFedi NurilNovèlRama TambakAntibiotik beta-laktamMakauSrabi2001Kulawarga (biologi)C++2006Andra JunaidiMohammad Hatta5 FèbruariPlanitBiskopDelimaUzbèkistanKamatSoekarnoDenzel WashingtonKangen Band (Grup Musik)Gerakan Pramuka IndonesiaReza RahadianJenang sungsumMark van BommelLemperSCTVDavid BeckhamBinahongSurat Ali ImranKemayoran, Jakarta PusatMerkuriusPurwakanthi1530-anBaronganIwan FalsCangkrimanJay IdzesTembung wodKabupatèn LamonganHasyim Asy'arieSrengéngé mlethèkDenny CaknanJinising paragrafMartha TilaarKandangan TVGambyong pareanomHalloweenTeguh OstenrikSpanyolPérakSurat Adh Dhuha🡆 More