Dhakon: Dolanan

Dhakon, (Hanacaraka: ꦣꦏꦺꦴꦤ꧀ ) utawa congklak, iku dolanan kang nganggo piranti kayu, bisa uga saka tembaga utawa plastik kang luwih sedherhana, kang didèkèki ing lemah.

Ing kana, isa dilegoki pitu, sanga, utawa sewelas legokan, lan digawé rong larik, terus ing pucuk kiwa tengen dhèwè-dhèwè panganggé ana legokan gedhè loro. Saliyané iku, butuh kecik cacahé padha karo legokan mau. Saumpama cacahé pitu, tegesé butuh kecik 7x7x2= 98, sangang legokan 9x9x2=162, yèn sewelas legokan 11x11x2=242.

Dhakon: Étimologi, Jeneng ing panggonan liya, Tata cara dolanan
Dolanan dhakon.
Dhakon: Étimologi, Jeneng ing panggonan liya, Tata cara dolanan
Gambar dakon

Étimologi

Dhakon iku asal saka tèmbung dhaku olèh panambang -an. Dhaku tegesé ngakoni barang dhèwèké. Dadi, ing dolanan dhakon iku ancasé ngakoni barang duwèké dhéwé. Tumrap masarakat Jawa, lan bocah-bocah wadon ing taun 1970-an, dhakon pancèn wis ora asing. Dhakon kayu awujud ukiran akèh tinemu ing kraton. Pancèn, dolanan dhakon wis dadi favorit tumrap bocah-bocah, mliginé ing lingkungan kraton. Éman, déné bocah-bocah saiki wis akèh kang ora tepung lan kulina dolanan dhakon.

Jeneng ing panggonan liya

Ing Malaysia, dolanan iki kondhang kanthi jeneng congkak lan istilah iki uga dikenal ing sawatara tlatah ing Sumatra kanthi kabudayan Melayu. Saliyané iku, ing Lampung, dolanan iki kondhang kanthi jenneng dentuman lamban déné ing Sulawesi kondhang kanthi jeneng mokaotan, maggaleceng, aggalacang lan nogarata. Jeroning basa Inggris, dolanan iki karan mancala.

Tata cara dolanan

  1. Legokan cilik diisi kecik, cacahé padha karo cacahé legokan.
  2. Giliran kang lumaku dhisik. diundhi nganggo pingsut.
  3. Carané lumaku, kang oléh giliran milih siji lègokan ing ngarepé, kecik kang ning kana dijupuk, terus ditibakaké siji-siji ing legokan wiwit sisih tengené. Saterusé legokan tengen diisi, uga lumbung sisih tengen. Yén keciké isih turah, diterusaké muter ing legokan lawané.
  4. Yèn kecik paling pungkasan entèké pas ing lumbung, giliran diterusaké musuhé.
  5. Yèn kècik paling pungkasan entéké pas ing legokan kang kosong, giliran mandheg, ganti lawané.
  6. Yèn kecik pungkasan tiba ing legokan sabrang kang ana isiné, kabèh dipindhah menyang lumbung dhèwè.

Cathetan suku

Tags:

Dhakon ÉtimologiDhakon Jeneng ing panggonan liyaDhakon Tata cara dolananDhakon Cathetan sukuDhakonHanacaraka

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Wader cakulPallywoodKakaisaran BizantinSemarang Kidul, Kutha SemarangKumbakarnaXXX (filem 2002)Stadion Siliwangi1050Kincir anginPepinoSurat Al QadrPheng Xat LaoKabupatèn SukabumiOrong-orongInstagramGeni.comIrfan BachdimNitrogenAlbert EinsteinNew York (praja)LuxemburgPotooooooooSeni tayubpamiyaraLuhut Binsar PanjaitanKuwé natalImamAnies Baswedan28 FèbruariWisanggeniLiga PremierMarokoLebak Bulus, Cilandhak, Jakarta KidulMarmutKlawuGobag sodorParamitha RusadyMi ongklokBloggerSam LongJeruk purutSpacetoonDonna AgnesiaGethukAndra and The BackBonePrzemyślKuyangTaksonomi (biologi)KluwihHotman Paris HutapeaKabupatèn PurbalinggaNathan AkéWayangPowiat PłońskSkala TTKalium permanganatHak ciptaNgebruk, Sumberpucung, MalangGirona FCAisyah AqilahGunung MerbabuAntonio RüdigerNadiem MakarimZainuddin MZSekolah Tinggi Akuntansi NegaraTung Desem WaringinFebby FebiolaADO Den HaagHayam WurukJenang KudusShantyRinrin Marinka🡆 More