Gunung Lawu: Stasiun

Gunung Lawu (3.265 m) dumunung ing Pulo Jawa, Indonésia, persisé ing wates Provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan.

Aksara Latin
     

Status gunung iki ya iku gunung geni "istirahat" lan wis suwé ora aktif, katon saka rapeté vegetasi sarta pucuké kang kena érosi. Ing lerengé ana kepundhan cilik kang isih ngetokaké keluk (fumarol) lan welirang (solfatara). Gunung Lawu duwé kawasan alas Dipterokarp Bukit, alas Dipterokarp Atas, alas Montane, lan alas Ericaceous.

Gunung Lawu
Gunung Lawu: Pendhakian, Rujukan, Uga delengen
Titik dhuwur dhéwé
Èlevasi3,265 mèter (10,712 ft)
Prominèn3,118 mèter (10,230 ft)
Isolasi127 kilometres (79 mi)
PratélanUltra
Ribu
Géografi
LocationJawa, Indonésia
Géologi
Jinisé gunungStratovolcano
Panjeblug pungkasan1885

Gunung Lawu duwé loro pucuk, Pucuk Hargo Dalem lan Hargo Dumilah. Kang pungkasan iki minangka pucuk kang paling dhuwur.

Ing lèrèng gunung iki ana sawatara panggonan kang populèr minangka jujugan plesiran, mligi ing laladan Tawangmangu, Cemorosewu, lan Sarangan. Rada mengisor, ing sisih kulon ana loro komplek candhi saka mangsa pungkasan Majapahit: Candhi Sukuh lan Candhi Cetho. Ing sikil gunung iki uga dumunung komplek pamakaman kerabat Praja Mangkunagaran: Astana Girilayu lan Astana Mangadeg. Ing cedhak komplek iki dumunung Astana Giribangun, pasaréan kanggo kulawarga présidhèn kaloro Indonésia, Suharto.

Pendhakian

Gunung Lawu populèr kanggo kagiyatan pendhakian. Saben malem 1 Sura akèh wong ziarah kanthi ndhaki nganti tekan pucuk. Saking populèré, ing pucuk gunung malah ana kang dodolan panganan.

Pendhakian standar bisa diwiwiti saka rong panggonan (basecamp): Cemorokandang ing Tawangmangu, Jawa Tengah, sarta Cemorosewu, ing Sarangan, Jawa Timur. Gerbang lumebu kaloroné kapisah mung 200m.

Pendhakian saka Cemorosewu liwat loro sumber banyu: Sendang Panguripan dumunung antara Cemorosewu lan Pos 1, lan Sendang Drajat antarané Pos 4 lan Pos 5.

Pendhakian liwat Cemorokandang bakal ngliwati 5 selter kanthi jalur kang relatif wis katata kanthi apik.

Rujukan

Uga delengen

Pranala njaba


Tags:

Gunung Lawu PendhakianGunung Lawu RujukanGunung Lawu Uga delengenGunung Lawu Pranala njabaGunung LawuAlas MontaneGeniIndonésiaJawa TengahJawa WétanProvinsiPulo Jawa

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

RerengganAdeleAsmaaulhusnaAura KasihBlogStadion SiliwangiLuxemburgFinlanKapadhetanStephen ChowBale Sigala-galaKomoroRomanisasiGunung SinaiGFDLMesir KunaGravitasiTetuwuhanTsukasa AoiUpacara tingkebanSesorahPagawéanChairul TanjungCelempungAbimana AryasatyaRaditya DikaGianluigi BuffonGuinéa-BissauAndi Alfian MallarangengJavaScriptSumatraZeusGyda saka SwèdhenInternètAnjaniSujarah Maritim NuswantaraLindhuBiografiMasjid Menara KudusRama TambakTransistorBekicotIsraèlKosherSrikandhiJermanWatakTembung wilangan babonSandy WalshFrans KaisiepoPaskahTribadMawarCenilSiputOECDCangkrimanMaulana Jumadil KubroBlangkonGuamBanyu14 OktoberBantar Gebang, BekasiHypertext markup languageSyahriniBasa NguJawaDrijiErling HaalandAsem kloridTedhak sitènPétrukSteve JobsBanggaladésa🡆 More