Lydia Kandou

Lydia Kandou utawa jeneng jangkepé Lydia Ruth Elizabeth Kandou (lair ing Jakarta, Indonesia, 21 Fèbruari 1963; umur 61 taun) iku sawijiné aktris kang asalé saka Indonésia.

Lydia Kandou wis main filem Indonésia nalika dasawarsa 1980-an awal.

Lydia Kandou
Lydia Kandou
LairLydia Ruth Elizabeth Kandou
PakaryanArtis, Panyanyi, Modhel
Dhuwur167 cm (5 ft 6 in)
BojoJamal Mirdad
AnakNaysila Mirdad
Kenang Kana
Nana Mirdad
Nathana Ghaza

Biografi

Lydia Kandou lair ing Jakarta. Nanging Lydia Kandou duwé katurunan saka Manado lan Walanda. Urip kang dilakoni Lydia akèh godhané. Nalika isih cilik, Lydia Kandou kerep lara-laranen. Saéngga dhèwèké ora éntuk yèn mbanget senengé, ora éntuk yèn mbanget kagété lan mbanget susahé. Amarga penyakité iki, Lydia Kandou banjur kerep dipisahké saka mas lan mbaké, Lydia uga ora éntuk dolanan karo sadulur-sadulur lan kanca-kancané. Nalika biyén Lydia ora ngerti kenapa ibuké nglakokaké iki tumrap dhèwèké. Pungkasané Lydia bisa ngerti yèn kang dilakokaké ibuné iki kanggo kaséhatané Lydia.

Amarga kerep dhéwékan, Lydia urip dadi bocah wédok kang isinan, tampilané prasaja lan ora néko-néko anggoné paesan. Nalika Lydia Kandao ditawani dadi modhél uga rada kangélan amarga dhèwèké duwé sipat isinan. Nanging akèh wong kang ngajari Lydia Kandou. Kanthi gladhèn sithik mbaka sithik, Lydia banjur sukses ing kariré. Saliyané iku, ibuné Lydia uga mènèhi semangat terus kanggo Lydia. Wiwit SMP, Lydia wis ngrokok, mulané saliyané mangan Lydia Kandao uga senam lan nglangi kanggo njaga kaséhatan awaké. Saliyané iku Lydia Kandou uga duwé kasenengan masak.

Nalika wiwitan taun 1980, Gope Samtani saka Rapi Film ménéhi peran tumrap Lydia ing filem Aladin dan Lampu Wasiat (Aladin and His Magic Lamp) kang misuwur iku. Ing filem iki, Lydia main bareng karo Rano Karno.Raam Punjabi saka Parkit Film uga mènèhi Lydia kasempatan kanggo ngembangaké aktingé ing filem, kaya ta 5 Cewek Jagoan (Five Deadly Angels) lan Perawan Rimba (Jungle Virgin Force). Film-filem kang dibintangi nggawé Lydia dadi artis Indonésia kang misuwur nalika iku. Saiki anak-anaké Lydia ya iku Nana Mirdad lan Naysila Mirdad uga akting lan main filem.

Cathetan suku


Tags:

196321 FèbruariAktrisFilemIndonesiaIndonésiaJakarta

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

St. PetersburgKedhokteranKalanjanaNew DelhiRama TambakDhomain publikTransponderMacapatGubernurPaus Innosentius IVSpektrum elektromagnetikBanaadirRomaKerja Sama Ekonomi Asia PasifikUdanJazzLupisBanyu20Adobe Flash PlayerRamaSrabiPrancisOstraliJulius CaesarSoedarpo SastrosatomoSwitserlanBudaKagunan27Surat Al BaqarahGuyanaKalium nitrat45FacebookAlasKolombiaPeruFebruari 2012RumeniPariwaraYoniAntarktikaWewengkon dependensi8Den HaagPakistanWadonZhou EnlaiBonangBendiAlkitabTémbok SesambatOklahomaPlexus brachialisIndhiSurat Al IkhlashGarèngKali SavaIwak teriInggrisSonyParikanNusantaraAsmaradanaArané pérangan awakBal-balanAbad ping 239Wuku JulungwangiGaon ChartHeather StormPada pangkatAlginatJeneng ing Kraton NgayogyakartaGunem🡆 More