Basa pamrograman, utawa kerep uga diistilahké kanthi jeneng Basa komputer, iku tèknik komando/instruksi standar kanggo maréntah komputer.
Basa pamrograman iki minangka sawijining sèt aturan sintaks lan semantik kang dianggo ndefinisi program komputer. Basa iki ndadèkaké programmer bisa nemtokaké kanthi persis data endi kang bakal diolah déning komputer, kepriyé data iki bakal disimpen/diteruskan, lan jinis langkah apa kanthi persis kang bakal dijupuk sajeroning manéka kaanan.
Komputer iku mesin kang bisa nindakaké saprangkat préntah dhasar (instruction sèt). Komputer mung bisa diwènèhi préntah kang dumadi saka préntah-préntah dhasar mau. Préntah-préntah kang luwih rumit (upamané ngurut pratélan miturut abjad) kudu diterjemahna dadi serangkaian préntah-préntah dhasar kang bisa dimangertèni komputer (préntah-préntah kang kalebu sajeroning instruction sèt komputer mau) kang wusanané bisa ngrampungaké tugas kang dikarepaké, sanadyan dilakokaké nganggo sawatara operasi dhasar, dudu sasawijining operasi rumit. Basa Pamrograman minangka notasi kang dipigunakaké kanggo deskripsi prosès komputasi sajeroning format kang bisa diwaca déning komputer lan manungsa. Prosès komputasi lumrahé didefinisi kanthi formal migunakaké konsèp matematika saka Mesin Turing. Sayektiné Basa Pamrograman dirancang kanggo fasilitasi komunikasi antara manungsa karo komputer
Ing ngisor iki pratélan Basa pamrograman komputer:
Basa pamrograman |
---|
ALGOL | APL | Ada | BASIC| C | C++ | C# |CSS| COBOL | Common Lisp | Eiffel | FORTH | Fortran | Haskell | Java | JavaScript | Jython | LISP | LOGO | Mesa | Modula-2 | Oberon | Ocaml | Objective-C | Perl | PHP | Prolog | PL/I | Pascal | PostScript | Python | Ruby | Scheme | Smalltalk | SQL | Tcl | Visual Basic |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Basa pamrograman, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.