Jaran (Equus caballus atawa Equus ferus caballus kuwe salah siji sekang sepuluh spesies modern mamalia sing mlebu genus Equus.
Kewan kiye uwis suwe dadi salah sijining kewan ternak sing penting secara ekonomis, lan uwis nyekel peranan penting kanggo ngangkut wong lan barang selama ewonan taun. Jaran teyeng ditumpaki nang manungsa dipasangi sadel lan uga teyeng digunakna kanggo narik kereta atawa bajak. Nang daerah tertentu, jaran uga dadi sumber panganan. Senajan peternakan jaran diperkirakna uwis dimulai kawit taun 4500 SM, bukti-bukti nek jaran digunakna kanggo keperluan manungsa tembe ditemokna taun 2000 SM.
?Jaran | ||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Status konservasi | ||||||||||||||
Dijinakkan | ||||||||||||||
Klasifikasi ilmiah | ||||||||||||||
| ||||||||||||||
Jeneng binomial | ||||||||||||||
Equus caballus Linnaeus, 1758 |
Jaran berevolusi nganti dadi jaran kaya sing sekiye kuwe mulai sekang perubahan drijiné sing sekiye gari siji gara-gara seleksi alam.
Jaran kuwe nek basa Indonesiane Kuda lan basa Inggrise kuwe Horse.
Jaran-jaran sing enteng, kaya jaran Arab, Morgan, Quarter Horse, Paint lan Thoroughbred bobote bisa nganti 590 kg. jaran sing "abot" atawa jaran beban, kaya misalé Clydesdale, Draft, Percheron, lan Shire boboté bisa nganti 907 kg.
Jaran mlebu nang siklus kewang 12 taun sing ana nang Zodiak Tionghoa sing terkait karo Kalender Tionghoa. Miturut crita rakyat Tionghoa, masing-masing kewan dihubungna karo ciri-ciri kepribadian tertentu, lan wong sing lairé nang taun jaran sifaté: cerdas, mandiri lan berjiwa merdeka. Deleng: Jaran (shio)
Wiki Commons nduweni kategori mengenai Jaran |
Cithakan:Hewan-stub
This article uses material from the Wikipedia Basa Banyumasan article Jaran, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Banyumasan (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.