Kalendher Gregorian

Kalendher Gregorian kuwe kalendher sing sekiye paling akeh dienggo nang Dunia Barat.

Kalendher Gregorian kiye modifikasi sekang kalendher Julian. Sing ngusulna yakuwe Dr. Aloysius Lilius sekang Napoli-Italia, lan disetujui nang Paus Gregorius XIII tanggal 24 Februari 1582. Kuwe sebabe kalendher kiye banjur dijenengi Gregorian. Penanggalan taun kalendher kiye adhedhasar taun Masehi.
Kalendher kiye diciptakna jalaran kalendher Julian digagas kurang akurat, amarga wiwitan musim semi (21 Maret) soyo maju dadi perayaan Paskah sing uwis disarujuki wiwit Konsili Nicea I taun 325 ora tepat maning.

Bedane karo kalendher Julian

Sawijining taun nang kalendher Julian suwene 365 dina 6 jam. Tapi amarga Bumi ngubengi srengenge suwene mung 365 dina 5 jam 48 menit 46 detik, mulane saben milenium, kalendher Julian kelewihan 7 nganti 8 dina (11 menit 14 detik pertaun). Masalah kiye dipecahna nganggo dina kabisat sing madan sejen nang kalendher anyar kiye. Nang kalendher Julian, saben taun sing teyeng dibagi karo 4 dadi taun kabisat. Tapi nang kalendher Gregorian kiye, taun sing teyeng dibagi karo 100 mung dianggep dadi taun kabisat nek taun kiye uga teyeng dibagi karo 400. Misale taun 1700, 1800, lan 1900 dudu taun kabisat. Tapi taun 1600 lan 2000 kuwe dadi taun kabisat.

Masalah

Seuwise kalendher Gregorian dicanangna, ora kabeh negara gelem nganggo. Lagi pirang abad seuwise kiye, meh saben negara barat gelem nganggo. Contone Rusia sing tembe nganggo taun 1918. Dadine Revolusi Komunis Rusia sing sekiye dipengeti saben tanggal 7 November, diarani Revolusi Oktober.
Gereja Ortodoks nganti sekiye esih nganggo kalendher Julian.

Liya-liya

Wiwit tanggal 1 Januari 1622, 1 Januari ditetapna dadi wiwitane taun. Sedurunge saben negara Eropa nduwe wiwitan taun sing sejen-sejen.

Sasi

Kalendher Gregorian 
The knuckle mnemonic.

Saben taun dibagi dadi 12 sasi:

Penanggalan Gregorian Suwene dina
Januari 31
Februari 28/(29)
Maret 31
April 30
Mei 31
Juni 30
Juli 31
Agustus 31
September 30
Oktober 31
November 30
Desember 31
Total 365/(366)

Deleng uga

Pranala jaba

Tags:

Kalendher Gregorian Bedane karo kalendher JulianKalendher Gregorian Liya-liyaKalendher Gregorian SasiKalendher Gregorian Deleng ugaKalendher Gregorian Pranala jabaKalendher Gregorian158221 Maret24 Februari325ItaliaMasehi

🔥 Trending searches on Wiki Basa Banyumasan:

San MarinoKebonarum, KlatenSingapuraHamzah HazKabupaten PurwakartaLondokSidareja, CilacapUndaan, KudusCengal, Ogan Komering Ilir10 JuliKabupaten BogorBalung27 MeiDaftar Gubernur Sulawesi TenggaraSoeharto60024 MaretBlimbing, MalangKabupaten Aceh KulonNangkaKabupaten BanyuwangiMalaysiaStasiun Pasar TuriKuri, Teluk BintuniBanyu1886Abdul Haris NasutionJeruksawit, Gondangrejo, KaranganyarBatang Peranap, Indragiri Hulu2004EnsiklopediaSaturnusMaltaPerancisDenny CaknanBelawa, Wajo1957Sistem koordinat geografiCowonganTayu, PatiDaftar pemain bal-balan IndonesiaMajapahitKabupaten Tasikmalaya1933Kerajaan Galuh PurbaKota SurakartaBegalanTanjung Karang Timur, Bandar LampungKabupaten KebumenDaftar Gubernur Kalimantan TengahKabupaten RembangPanekan, MagetanSrengengeBMS TVDaftar Gubernur BaliBatalyon raiderDaftar kabupaten lan kota nang BantenUlly ArthaKerajaan GaluhCipondoh, TangerangBlankOn Linux15 MeiKadipaten Pasir LuhurLabuan, Pandeglang29 JuniZona waktuKarawaci, TangerangStasiun KaranganyarStasiun Surabaya GubengSelakau, SambasDaftar Gubernur Sumatera BaratKabupatenAnoman🡆 More