Jaran (basa krama: kapal; Latin: Equus caballus utawa Equus ferus caballus) iku salah siji saka sepuluh spésies modhèren mamalia saka génus Equus.
Jaran | |
---|---|
Cumbon | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Perissodactyla |
Famili: | Equidae |
Génus: | Equus |
Spésies: | E. caballus |
Jeneng binomial | |
Equus caballus Linnaeus, 1758 |
kéwan iki wis suwé wujud salah siji kéwan ternak sing wigati kanthi ékonomis, lan wis nyekel peran wigati ing pangangkutan wong lan barang suwéné èwonan taun. Jaran bisa ditunggangi déning manungsa kanthi migunakaké sèdhel lan bisa uga kanggo narik, kaya ta kréta, utawa luku. Ing sapérangan laladan, jaran uga digunakaké minangka sumber panganan. Sanajan paternakan jaran diprakirakaké wis diwiwiti taun 4500 SM, bukti-bukti panggunaan jaran kanggo kaperluan manungsa gèk tinemu dumadi wiwit taun 2000 SM.
Jaran sing entheng, contoné jaran Arab, Morgan, Quarter Horse, Paint, lan Thoroughbred boboté bisa tekan watara 590 kg. Jaran sing "abot" utawa jaran beban, contoné Clydesdale, Draft, Percheron, lan Shire boboté bisa nganti 907 kg.
Jaran ana ing siklus kéwan 12 taun sing muncul ing Zodiak Tionghoa sing ana kaitané karo Kalèndher Tionghoa. Miturut carita rakyat Tionghoa, saben kéwan dihubungaké karo ciri-ciri pribaden tinamtu, lan wong-wong sing lair ing taun jaran duwé sipat: cerdas, swatantra lan duwé jiwa mardika. Pirsanana: Jaran (shio)
Wiki Commons duwé médhia ngenani Equus caballus. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Jaran, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.