Samudra Atlantika

Cithakan:Limang Samodra Samodra Atlantika iku samodra gedhé dhéwé kaloro ing donya, nyakup watara 1/5 lumahing bumi.

Tembung Atlantik asalé saka mitologi Yunani sing tegesé "Sagara Atlas".

Samodra iki awangun aksara S, mujur saka belahan bumi lor tekan belahan bumi kidul, kapérang loro déning garis khatulistiwa dadi Atlantika Lor lan Atlantika Kidul. Diwatesi déning Amérika Lor lan Amérika Kidul ing sisih kulon samudera lan Éropa lan Afrika ing sisih wétan samodra.

Samodra Atlantika kagandhèng karo Samodra Pasifik, ing sisih lor bumi déning Samodra Arktik lan ing sisih kidul bumi déning Lintasan Drake. Hubungan gawéan manungsa antara Samodra Atlantik karo Samodra Pasifik digawé liwat Terusan Panama. Wates antara Samodra Atlantik karo Samudera Hindia ing sisih wétan, diwatesi ing garis 20° Bujur Wétan. Wates antara Samodra Atlantik karo Samodra Arktik ya iku garis saka Grunlan menyang Svalbard ing sisih lor Nurwègen.

Samudra Atlantika
Samodra Atlantik katon saka pasisir kulon Irlandia ing dina sing padhang.

Nyakup watara 20% lumahing bumi, Samodra Atlantik dumunung ing urutan kaloro gedhé dhéwé bab ukurané sawisé Samodra Pasifik. Diitung karo sagara ing saubengé samodra iki ambané 106.450.000 km²; yèn sagara ing saubengé ora diitung, jembaré 82.362.000 km².

Pelabuhan

Abidjan (Pasisir Gading), Akra (Ghana), Amsterdam (Walanda), Antwerp (Bèlgi), Bahia Blanca (Argentina), Baltimore (AS), Banjul (Gambia), Belfast (Karajan Manunggal), Bergen (Nurwègen), Betio (Kiribati), Bissau (Guinea-Bissau), Bordeaux (Prancis), Boston (AS), Bremen (Jerman), Brest (Prancis), Bristol (Karajan Manunggal, Buenos Aires (Argentina), Cadiz (Spanyol), Cape Town (Afrika Kidul), Casablanca (Maroko), Cayenne (Guyana Prancis), Charleston (AS), Cherbourg-Octeville (Prancis), Conakry (Guinea), Cork (Républik Irlandia), Cotonou (Benin), Dakar (Senegal), Douala (Kamerun), Dublin (Républik Irlandia), Dunkirk (Prancis), Edinburgh (Karajan Manunggal), Fortaleza (Brasil), Georgetown (Guyana), Glasgow (Karajan Manunggal), Hamburg (Jerman), Halifax (Kanada), Jacksonville (AS), La Coruña (Spanyol), Lagos (Nigeria), Las Palmas (Kapuloan Canary, Spanyol), Le Havre (Prancis), Libreville (Gabon), Lisboa (Portugal), Liverpool (Karajan Manunggal), Lomé (Togo), London (Karajan Manunggal), Luanda (Angola), Malabo (Guinea Ekuatorial), Monrovia (Liberia), Montevideo (Uruguay), Montreal (Kanada), New Haven (AS), New York (AS), Newcastle upon Tyne (Karajan Manunggal), Newport News (AS), Norfolk (AS), Nouakchott (Mauritania), Oslo (Nurwègen), Ostend (Bèlgi), Paramaribo (Suriname), Philadelphia (AS), Port Harcourt (Nigeria), Porto (Portugal), Porto Novo (Benin), Portsmouth (Karajan Manunggal), Portsmouth (AS), Providence (AS), Rabat (Maroko), Recife (Brasil), Rio de Janeiro (Brasil), Rotterdam (Walanda), Salvador (Brasil), Santander (Spanyol), Santos (Brasil), Savannah (AS), Sevilla (Spanyol), Southampton (Karajan Manunggal), Tangier (Maroko), Trondheim (Nurwègen), Vigo (Spanyol), Pasisir Walvis (Namibia), Wilmington (AS)

Catatan – transportasi

Terusan Kiel lan Terusan Saint Lawrence iku rong jalur banyu sing wigati.

Uga delengen

Pranala njaba


Tags:

Samudra Atlantika PelabuhanSamudra Atlantika Uga delengenSamudra Atlantika Pranala njabaSamudra AtlantikaBumiMitologi YunaniSamodra

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Soto LamonganWiki FoundationTransistorKerata basaWikimaniaAdolf HitlerBèkelanRama TambakJadahMijilWindows 95Stadion Gelora Bung KarnoCristiano RonaldoWulu kéwanPakubuwana XIIOséanografiAnies BaswedanAksara CarakanSandy WalshRante MasAfiksGambuhBrokohanPramoedya Ananta ToerAllahÉkosistemSurat Al BaqarahBlangkonTabang, Kutai KartanegaraWalisangaBedaliSunan GiriBaladéwaL'Origine du mondeGethukZhang ZiyiKethoprakWikramawardhanaAntariksawan1984Nadiem MakarimYono DaryonoSoto BangkongFilipinaRyamizard RyacuduJesse JamesSega gorèngRocket RockersDilraba DilmuratBabad Tanah JawiInterstellar (filem)Wayback MachineBiruBanjirErling HaalandPecelBillie EilishPersik KediriBunga Citra LestariEgy Maulana VikriImam BonjolAlina KukushkinaAmateur Night (filem)Carita Aji SakaKembenGarasi (band)KleponBob SadinoThiwulAtambua, Belu🡆 More