Soto Bangkong

Soto Semarang utawi ingkang misuwur kanthi sebatan Soto Bangkong punika salah satunggaling dhaharan khas Semarang, Jawa Tengah.

Soto semarang kathah dipunremeni tiyang amargi gadhah ciri khas saking sate kerang ingkang dipunkum kecap manis minangka lawuhipun. Duduh soto semarang ingkang warninipun coklat ugi ingkang bedakaken saking soto-soto jinis sanèsipun. Dipun wastani soto bangkong amargi miterat sujarahipun, bilih nalika sepisanan soto punika misuwur ing kitha Semarang, soto bangkong punika dipunsadé wonten ing Jl. A. Yani, Jl. M. T. Haryono saha Jl. Brigjen Katamso utawi ingkang asring dipunsebat jalan Bangkong ing Semarang. Amargi gadhah ciri khas ingkang bènten kaliyan jinis soto sanèsipun, mila soto ingkang dipunsadé ing jalan bangkong punika dipunwastani soto bangkong. Sapunika soto bangkong dipunsade boten namung ing kitha Semarang kemawon nanging sampun nyebar ing kitha-kitah sanès ing Pulo Jawa.

Soto Bangkong
soto semarang
Soto Bangkong
soto semarang komplit

Bahan-bahanipun

Bahan-bahan ingkang dipun-ginakaken kanggé damel soto semarang inggih punika:

  1. 500 gr ayam, dipungodhog ngantos empuk, dipunpendhet dagingipun, lajeng dipunsuwir-suwiri
  2. 50 gr mi soun lajeng dipunkum toya anget kering, rendam air hangat hingga lunak, potong-potong
  3. 3 sdm lisah
  4. 1 lbr ron salam
  5. 1 btg sereh dipungeprak
  6. 2 lbr daun jeruk purut
  7. 1.250 ml kaldu ayam
  8. 2 btg ron bawang dipuniris tipis
  9. 2 btg seledri dipuniris alus
  10. 4 sdm kecap manis
  11. 2 sdm brambang goreng
  12. 1 bah jeruk nipis dipunkethok-kethok

Bumbu-bumbu

Bumbu-bumbu ingkang dipunbetahaken kanggé damel soto semarang inggih punika:

  1. 4 butir kemiri
  2. 1 sdt mrica butir
  3. 1 sdt ketumbar
  4. 1 cm jae
  5. 1 cm kunir
  6. 2 sdt sarem

Pelengkap

Nalika dhahar soto semarang, badhé langkung éco manawi dipunjangkepi kaliyan bahan-bahan pelengkap, kados ta:

  1. sekul putih
  2. Bawang putih ingkang dipungorèng
  3. ron bawang,
  4. Sate Kerang
  5. jeruk nipis
  6. brambang gorèng
  7. kecap
  8. sambel rawit ingkang dipundamel saking lombok abang lan lombok ijem dipunsukani sarem lajeng dipunuleg ngantos alus.

Caranipun Damel

Caranipun damel soto semarang inggih kados makaten:

  • lisah dipunpanasi, lajeng sadaya bumbu ingkang sampun dipunuleg ngantos alus, ron salam, saha serèh dipunosèng ngantos gandanipun arum.
  • Dipun lebetaken ayam, sarem, saha kecap, lajeng dipunundhak ngantos rata. Manawi sampun saged dipunsukani toya lajeng dipuntengga ngantos umub.
  • Ayam dipunmasak ngantos mateng lajeng saged dipunangkat manawi sampun. Ayam ingkang taksih wutuh lajeng dipunsuwir-suwiri lan saged dipunlebetaken malih wonten duduh soto. Duduh soto lajeng dipungodhog malih ngantos umub, lan saged dipunangkat manawi sampun.
  • Lebetaken toge utawi cambah lan soun wonten ing mangkok saji kanthi dipuntata ingkang saé lajeng duduh soto saged dipunlebetaken wonten mangkok kasebat ugi.
  • Soto sampun samekta dipunsajékaken nalika taksih panas kanthi dipunjangkepi kaliyan bahan pelengkap saha sambel rawit.

Uga delengen

Cathetan suku

Tags:

Soto Bangkong Bahan-bahanipunSoto Bangkong Bumbu-bumbuSoto Bangkong PelengkapSoto Bangkong Caranipun DamelSoto Bangkong Uga delengenSoto Bangkong Cathetan sukuSoto BangkongJawa TengahPulo JawaSemarangSoto

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Rafael StruickSurat Al HadiidGojekMidodareniYusril Ihza MahendraLampraisCarita Aji SakaRukun ImanSaptawaraUBlock OriginUniversitas Pertahanan IndonésiaISBN5 DhésèmberBrexitWali BandWiki FoundationPerang Badar14 SèptèmberSochiDasanamaSurat Ali ImranIndhonésia/jvBal-balanWungu Dalem YésusReza RahadianSerat WédhatamaDian SastrowardoyoTom CruiseYérusalemPitulungPerang Arab-Israèl 1948Arané pérangan awakUpacara tingkebanꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦧꦱꦗꦮHakoniwaRevo Arka Giri SoekatnoBasa RuslanCacing pecutBalabakMacaGamelan JawaMétabolit sékundèrSrabiMontor mabur nirawakKempulKimia medisPangeretGirona FCLadak kecengklakPong-ponganDidi KempotJoseph John ThomsonAstra InternationalNyadranPananggalan JawaSadéwaAngkor WatKutha Purwakertaꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮSalokaTaling tarungSepi ing Pamrih Ramé ing GawéSusuPerang LemponganJulius CaesarHabib RizieqPedhotanMangsa katigaTembung aranSujiwo Tejo🡆 More