Mitologi Yunani

Mitologi Yunani yaiku kumpulan mitos lan legenda kang asalé saka Yunani Kuna lan isiné kisah-kisah ngenani déwa lan pahlawan, sipat donya, lan asal usul uga teges saka ritual lan kultus wong-wong Yunani Kuna.

Mitologi Yunani minangka péranganing agama ing Yunani Kuna. Para sejarawan modhèren nyinaoni mitologi Yunani kanggo mangerteni kaanan pulitik, agama, lan peradaban kang ana ing Yunani Kuna, lan uga kanggo golèk pemahaman ngenani pembentukan mitos iku. Sing akèh déwa Yunani digambarake kaya manungsa, dilairke nanging ora tau ngalami wayah tuwa, ora tedas apa waé lan uga bisa ora katon, lan saben déwa duwé karakteristik kang béda-béda. Amarga saka iku, para déwa uga duwé gelar kanggo karakteré, kang dimungkinaké uga punjul sisji. Déwa-dewi iki kadang kala uga mbantu manungsa, lan uga nglakoni katresanan karo bangsa manungsa lan bisa ngasilaké anak, kang awujud manungsa setengah déwa. Anak-anak saka para déwa lan manungsa iku kang sabanjuré didadèkaké pahlawan. Mitologi Yunani kanthi eksplisit ana ing kumpulan carita lan karya seni Yunani Kuna, kaya lukisan vas lan benda-benda ritual kanggo déwa. Mitologi Yunani njlentrehake asal mula donya lan nyritakake panguripan lan petualangan saka déwa, dewi, pahlawan, lan makluk-makluk mitologi. Mitologi Yunani wiwitane disebarake kanthi cara tradisi lésan. Saiki sapérangan informasi kang ngenani mitologi Yunani bisa digoleki ana ing sastra Yunani. Sumber literatur Yunani tuwa dhéwé yaiku wiracarita Iliad lan Odisseia kang isiné kisah kang pusate ana ing peristiwa ngenani Perang Troya. Saliyané iku puisi karya Hesiodos—Theogonia lan Erga kai Hemerainyritakake ngenani penciptaan donya, pergantian kekuasaan déwa, pergantian jaman manungsa, asal mula kesengsaraan manungsa, lan asal mula ritual kurban. Mitologi Yunani uga ana ing Himne Homeros, wiracarita saka Siklus Epik, karya seni tragedi saka abad kaping lima, tulisan-tulisan para sejarawan lan penyair saka jaman Yunani Kuna, lan uga naskah kuna saka Kamaharajan Romawi karya penulis-penulis kaya Plutarkhos lan Pausanias.

Mitologi Yunani
Trinitas Yunani lan distribusi telung kerajaan ing bumi: Zeus God (Langit), Poseidon (Sagara lan sagara) lan Hades (Underworld). Theos (allah-allah cilik) yaiku anak saka Trinitas kasebut.
Mitologi Yunani
Pertemuan Para Déwa, déning Jacopo Zucchi.
Wikibooks
Wikibooks
Wikibooks gadhah buku kanthi sesirah

Sumber

Panemon-panemon arkéologi wis nuduhaké sumber-sumber wigati ngenani rincian mitologi Yunani, yaiku ngenani para déwa lan pahlawan akèh ana ing dekorasi ing artefak. Desain geometris ing tembikar saka abad kaping wolu SM nggambaraké adegan-adegan saka siklus Troya saliyané saka petualangan Herakles. Sumber-sumber iku nambahi bukti kang wis ana. Mitologi Yunani wis mènèhi prabawa budaya, seni, lan sastra donya kulon lan terus dadi péranganing warisan lan basa kulon. Wiwit jaman kuna nganti tekan saiki, akèh penyair lan seniman kang njupuk inspirasi saka mitologi Yunani, lan menokake relevansi lan makna kontemporer ana ing tema-tema mitologi Yunani.

Cathetan suku


Tags:

DéwaKosmologiLegendaManungsaMitosWiracaritaYunani Kuna

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Asian Football ConfederationJulius CaesarSaridin (Syeh Jangkung)MalukuDavid BeckhamLos AngelesKumbakarnaPersija JakartaJepangVidéoLegawaSepur MalabarYuni SharaWisanggeniDrumMasjid NabawiTembung aranKodhok1530-anCumbanaBuwana AmérikaDha (aksara Jawa)Gunung MerbabuTiara AndiniMahfud MDKim Soo-HyunKuwé lapisLaura BasukiKulawarga (biologi)Wadya BayaranXHamsterSoenarkoKabupatèn BatanghariMangsa pancarobaNapoléon Bonaparte13 AgustusWhitney HoustonPeking (gamelan)Aryo WahabMerkuriusBani UmayahJesse JamesLee Jong-sukGibran RakabumingSaronPratélan Mahamantri JepangSabuk astéroidSepur JoglosemarkertoTatune arang kranjangGamelanFriendsterCrash Landing on YouBanjirPencak silatPangidhèntifikasi Obyèk DigitalCut Nyak MeutiaGravitasiMa'ruf AminGambangKangen Band (Grup Musik)Serat WulangrèhYusril Ihza MahendraPizza HutTantowi YahyaMetanaBima (paraga Mahabharata)Lucien Lévy-BruhlAnak Jalanan (sinetron)BekakakDanny WelbeckSurat LuqmanAmbaJurudemungFilem pornoSimon Petrus🡆 More