Amérika Kidul: Buwana

Amérika Kidul punika buwana wonten ing antaraning Samodra Pasifik lan Samodra Atlantik ingkang kasambung kaliyan Amérika Lor ngliwati Tanah Genting Panama.

Buwana punika kaliwatan déning garis khatulistiwa, lan sapérangan ageng dhataran buwana kasebat wonten ing wilahan bumi kidul.

Amérika Kidul: Buwana
Gambar Amérika Kidul ingkang kapundhut saking citra satelit
Amérika Kidul: Buwana
Péta topografi Amérika Kidul

Pérangan kilèn buwana Amérika kidul wujud barisan pagunungan Andes saking lèr dumugi kidul, éwadéné pérangan wétan buwana punika dhataran cendhèk sapérangan ageng wujud basin kali Amazon, kanthi hutan tropis ingkang lebat.

Dipunkinten Amérika Kidul dipunpanggèni sepisanan déning manungsa ingkang migrasi saking Asia ngliwati Tanah Genting Bering (sapunika Selat Bering) tumuju Amérika Lèr lan ngidul tumuju Amérika Kidul. Dipunkinten migrasi tumuju Amérika Kidul punika saking pérangan kidul Samodra Pasifik ngliwali kepuloan ing Oseania.

Wiyaripun Amérika Kidul punika nomer sekawan sasampunipun Asia, Afrika lan Amérika Lèr éwadéné populasinipun wonten ing nomer gangsal sasampunipun Asia, Afrika, Éropa lan Amérika Lèr.

Ékonomi

Ing taun 2002, tingkat pangangguran ing Amérika Kidul inggih punika 10,8%. Amargi inflasi ingkang inggil ing mèh sadaya nagari-nagari Amérika Kidul, suku bunga tumut mundhak lan investasi nurun. Suku bunga limrahipun langkung kalih lipat tinimbang Amérika Sarékat. Contonipun, suku bunga ing Venezuela kirang langkung 22% lan 23% ing Suriname. Kajawi ing Chili, ingkang dipunwiwiti kawit taun 1973 ing mangsa pamrémtahan Augusto Pinochet.

South American Community of Nations punika satunggaling zona dagang bébas ingkang dipunrencanaaken ing buwana punika kanggé nyetunggalaken kalih organisasi perdhagangan bébas ingkang sampun wonten; Mercosur lan Andean Community.

Ing Amérika Kidul, bènten antawisipun ingkang sugih lan miskin ageng sanget. Ing Venezuela, Paraguay, Brasil, lan kathah nagari Amérika Kidul sanèsipun, 20 persèn tiyang ingkang paling sugih saged ndarbèni langkung saking 60% kekayaan nagari, éwadéné 20 persén paling miskin namung ndarbèni kirang saking 5%. Kabèntenan punika saged dipunpirsani ing kathah kitha-kitha ageng Amérika Kidul ingkang ndarbèni griya kumuh lan gubuk celak saking pencakar langit lan apartemén mèwah kelas-inggil.

Pambagéyan wewengkon kanthi pulitik

Entitas pulitik Wewengkon
(km²)
Padunung
(2005)
Kapadhetan
(per km²)
Ibu kitha
Amérika Kidul: Buwana  Argentina 2.766.890 39.537.943 14,3 Buenos Aires
Amérika Kidul: Buwana  Bolivia 1.098.580 8.857.870 8,1 La Paz, Sucre [1]
Amérika Kidul: Buwana  Brasil 8.511.965 186.112.794 21,9 Brasília
Amérika Kidul: Buwana  Chili 756.950 15.980.912 21,1 Santiago, Valparaíso [2]
Amérika Kidul: Buwana  Kolombia 1.138.910 42.954.279 37,7 Bogotá
Amérika Kidul: Buwana  Ekuador 283.560 13.363.593 47,1 Quito
Amérika Kidul: Buwana  Kapuloan Falkland [3] 12.173 2.967 0,24 Stanley
Amérika Kidul: Buwana  Guyana Perancis 91.000 195.506 2,1 Cayenne
Amérika Kidul: Buwana  Guyana 214.970 765.283 3,6 Georgetown
Amérika Kidul: Buwana  Paraguay 406.750 6.347.884 15,6 Asunción
Amérika Kidul: Buwana  Peru 1.285.220 27.925.628 21,7 Lima
Amérika Kidul: Buwana  Georgia Kidul lan Kapuloan Sandwich Kidul [4] 3.093 Grytviken
Amérika Kidul: Buwana  Suriname 163.270 438.144 2,7 Paramaribo
Amérika Kidul: Buwana  Uruguay 176.220 3.415.920 19,4 Montevideo
Amérika Kidul: Buwana  Venezuela 912.050 25.375.281 27,8 Caracas
        Total 17.821.601 371.274.004 20,8

Catatan:

  1. ^ La Paz inggih punika ibu kitha administratif Bolivia; Sucre inggih punika ibu kitha kanthi konstitusi.
  2. ^ Santiago inggih punika ibu kitha administratif Chili; Valparaíso inggih punika lokasi rapat lègislatif.
  3. ^ Dipunklaim déningArgentina.
  4. ^ Biasanipun dipungolongaken dados péranganing kawasan Antartika (amargi celakipun jarak). Kapuloan punika boten gadhah populasi permanèn, namung satunggal golongan ingkang anggotanipun kirang langkung 100 panliti lan pangunjung ingkang dhateng kadhang kala.

Ugi pirsani

Amérika Kidul: Buwana 
Wiki
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Tags:

Amérika LorBawanaKhatulistiwaSamodra AtlantikSamodra Pasifik

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

MacanHabis Gelap Terbitlah TerangRoger DanuartaKorupsiRoti asemGemblongSambilotoHiragana820-anCok SimbaraDarius SinathryaDjauhariGeorge III saking Britania RayaJ-RocksHandil Bakti, Alalak, Barito KualaThe Changcuters1560Gisik KulonÉjakulasiDadar gulungSunan Gunung JatiDrijiWikipédiaChibi Maruko-chanSesorahPandhitaGunung PrauBadan SAR NasionalWest Ham United F.C.1346Naysila MirdadKemayoran, Jakarta PusatBasri Baharuddin SilaÈs tèlèrSandy WalshParikanBabad SokarajaMalik bin AnasBom mobil Aleppo 2017AlgoritmaMasjidil KaramKuciwoSyahriniGoogleNathan Tjoe-A-OnMbobotRangkaian MelatiForbesYati OctaviaKunirGeni.comSurat Al Anbiyaa’Kabupatèn TulungagungSufismeGrogol Petamburan, Jakarta KulonStadion Santiago BernabéuTembungFransiumTirto UtomoMitoniAhmad DahlanYuni SharaÈnsiklopédhi1957Antonio RüdigerWikipédia basa JawaWirangrongCidherJodoh Wasiat BapakSepur Argo ParahyanganAbdullah bin MubarakJaninUni ÉropaSoekarno🡆 More