Jaran nil (Latin: Hippopotamus amphibius) utawa hippo (Grikenlan: ἱπποπόταμος, hippopotamos, saka ἵππος, hippos, jaran, lan ποταμός, potamos, kali') ya iku mamalia saka kulawarga Hippopotamidae kang ukurané gedhé, hèrbivor, kang asalé saka Afrika sub-Sahara.
Hippopotamus | |
---|---|
Common hippopotamus, Hippopotamus amphibius | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Superordho: | Cetartiodactyla |
Ordho: | Artiodactyla |
Famili: | Hippopotamidae |
Génus: | Hippopotamus Linnaeus, 1758 |
Spésies: | H. amphibius |
Jeneng binomial | |
Hippopotamus amphibius Linnaeus, 1758 | |
Range map |
Jaran nil ya iku kéwan dharat kang gedhené nomer telu sawisé gajah lan warak putih.
Jaran nil duwé awak kang gedhé lan abot. Saliyané iku, kulit jaran nil uga duwé warna klawu kang peteng. Jaran nil nduwé gadhing kang ukurané gedhé. Gadhing iki lumrahé minangka njaga awaké saka predator. Jaran nil duwé ciri awaké kang gedhé, cangkem lan untu kang gedhé, sikil kang cacahé papat kang dhapuré gedhé lan cendhek, lan awaké kang gedhé lan ora ana rambuté. Jaran nil kang wis diwasa boboté kurang luwih 1.5 nganti tekan 3 ton. Sanajan awaké gedhé lan sikilé cendhek, Jaran nil bisa lumayu kanthi rikat. Jaran nil bisa lumayu nganti 30 km/jam, lumayuné Jaran nil ngluwihi lumayuné manungsa lumrahé. Jaran nil duwé watek agresif lan dianggep salah sijiné kéwan kang paling mbebayani ing Afrika. Kéwan kang duwé kekerabatan paling cerak karo jaran nil ya iku golongan Cetacea, kaya ta paus, lumba-lumba lan pesut. Saliyané iku kéwan babi lan kéwan-kwan kang duwé kuku kang cacah ganep uga duwé kakerabatan kang cerak karo Jaran nil.
Jaran nil urip ing Afrika subsahara. Jaran nil lumrahé urip ing sacedhaké banyu tawa kaya ta tlaga lan kali. Kurang luwih ana jaran nil kang cacahé 125 éwu nganti 150 éwu kang urip ing Afrika. Jaran nil kang paling akèh urip ing Zambia lan Tanzania. Jaran nil uga kalebu kéwan kang misuwur ing kebun binatang. Ing Indonésia, Jaran nil uga diingu ing kebon binatang.
Ancaman kang mbebayani tumrap jaran nil ya iku anané perburuan alasan amarga jaran nil kena didol kanthi dijupuk daging lan untu siyungé.
Jaran nil iku kalebu kéwan hèrbivor kang mangan suket utawa tetuwuhan. Nalika awan, Jaran nil manggon ing banyu utawa blethok supaya awaké adhem. Ing banyu, Jaran nil urip sajeroning golongan-golongan lan nguwasani salah sijiné tlatah. Jaran nil uga turu, kawin lan manak ing banyu. Nalika bengi Jaran nil metu saka banyu utawa blethok lan mangan suket. Ing dharat, jaran nil urip kanthi golongan-golongan lan ora duwé wewengkon teritorial.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Jaran nil, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.