Flu Babi

Flu babi (Basa Inggris: Swine influenza viruses utawa SIV) iku tegesé kasus influenza sing disebabaké déning Orthomyxoviruses endemic sajeroning populasi babi.

Flu Babi
Babi bisa nyandhang virus influenza sng bisa nular marang manungsa.

Strains SIV sing dikenali nganti dina iki diklasifikasèkaké minangka Influenzavirus C utawa salah siji saka warna-warna subtipe saka génus Influenzavirus A.

Flu babi nulari manungsa saben taun lan lumrahé marang wong sing sesénggolan karo babi, sanadyan ana uga kasus panularan liwat manungsa. Gejalané kalebu: nggreges (demam), disorientasin, sendhi krasa kaku, muntah, lan ora sahar nganti tumekaning pati. Virus Influenza A sub tipe H1N1, H1N2, H3N1 lan H3N2 dikenali minangka jalaran infeksi SIV. lan H2N3. Ing taun 2005 tinemu H5N1 nulari setengah saka populasi babi ing sawatara panggonan ing Indonesia, nanging tanpa njalari tandha-tandha.[butuh sitiran] Chairul Nidom, sawijining virologist saka Universitas Airlangga babagan lelara tropis ing Surabaya, Jawa Wétan, nganakaké riset mandhiri; ngetès getih saka 10 babi sing katon séhat dikandhangaké cedhak peternakan pitik ing Jawa Kulon sing kena wabah flu burung, Nature nglapuraké.[butuh sitiran] Lima saka sampel babi ngandhut virus H5N1. Pamaréntah Indonesia wiwit dina iku nemu asil sing padha ing sawatara tlatah liya. Tès tambahan 150 babi ing sajabanè tlatah mau asilé négatif.

Rujukan

Tags:

BabiBasa InggrisInfluenzaOrthomyxoviridae

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Chicago, IllinoisGongManganKuwé kepithingBendiWatek JawaSaddam HusseinRerengganVeve ZulfikarSugiarta SriwibawaAvenged SevenfoldMarie AntoinetteGudhegAtomWidi WidajatÉjaan Basa JawaLuna MayaWikipédiaMacaRuwatanSrikayaPiknik wudaTetedhan segantenꦢꦤ꧀ꦢꦁNASAAngkor WatRembulanTom CruisePattimuraNajwa ShihabBedaliZlatan IbrahimovićGunung RaungBrandon SalimSurpanakaJepangErling HaalandParisWangsalanAlamDarius Sinathrya1953WisanggeniKahitnaUnggah-ungguh mertamuCrash Landing on YouMartha TilaarAksara JawaWayangꦈꦊꦒ꧀ꦈꦊꦒ꧀SemarSurat Al BaqarahMikèl ArtétaKabupatèn SumbawaWiki CommonsLumpangMegawati PrabowoGajah MadaTembung aranTahu SumedangMikul dhuwur, mendhem jeroAntarejaKerak telorSistem operasi komputerPlanètDewan Perwakilan Rakyat DaerahSoehartoMijilNagita SlavinaGarasi (band)SarungKethoprakBlog🡆 More