Influenza

Influenza, kang luwih ditepungi kanthi sebutan flu, wujud lelara nular kang disebabaké déning virus RNA saka famili Orthomyxoviridae (virus influenza), kang nyerang unggas lan mamalia.

Tandha-tandha kang paling umum saka lelara iki yaiku ndredheg, mriyang, perih tenggorokane, perih otot, sirah abot, watuk, lemes, lan malaise.

Influenza
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal
Influenza
TEM saka virus influenza, digedhèkaké kurang luwih tikel kaping 100.000.
ICD-10 J10, ICD-10 Chapter J|J11
ICD-9 487
DiseasesDB 6791
MedlinePlus 000080
eMedicine med/1170  ped/3006
MeSH D007251

Sanajan asring kijolan karo lelara mèmper influenza liyané, mligi selesma, influenza wujud lelara kang luwih abot tinimbang selesma lan disababaké déning jinis virus kang béda Influenza bisa nimbulaké eneg, lan muntah, mligi ing bocah-bocah, nanging tandha-tandha mau luwih asring ana ing lelara gastroenteritis, kang babar pisan ora ana gegandhèngané, kang uga sok-sok kanthi ora trep diarani "flu weteng". Flu sok-sok bisa nimbulaké pneumonia viral kanthi langsung uga nimbulaké pneumonia bakterial sékundhèr.

Lumrahé, influenza ditularaké liwat udara liwat watuk utawa wahing, kang bakal nimbulaké aerosol kang ngandhut virus. Influenza uga bisa ditularaké liwat kontak langsung karo tai manuk utawa umbel, utawa liwat kontak karo lumahan kang wis kena kontaminasi. Aerosol kang kagawa déning udara (airborne aerosols) dinuga nimbulaké sapérangan gedhé infèksi, sanajan jalur panularan endi kang paling duwé peran sajeroning lelara iki durung cetha temenan. Virus influenza bisa diinaktivasi déning sinar srengéngé, disinfektan, lan deterjen. Asring ngumbah tangan bakal ngurangi risiko infèksi amarga virus bisa diinaktivasi karo sabun.

Influenza nyebar menyang saindhenging donya sajeroning epidemi mangsan, kang nimbulaké pepati 250.000 lan 500.000 wong saben tauné, malah nganti mayuta-yuta wong ing sapérangan taun pandemik. Rata-rata 41.400 wong mati saben tauné ing Amérikah Sarékat sajeroning kurun wektu antara taun 1979 tekan 2001 amarga influenza. Nalika taun 2010 Pusat Pangendhalian lan Panyegahan Lelara ing Amérikah Sarékat ngowahi carané nglapuraké prakiran pepati amarga influenza sajeroning 30 taun. Saiki Pusat Pangendhalian lan Panyegahan Lelara nglapuraké yèn ana kisaran angka pepati wiwit saka 3.300 nganti 49.000 pepati per tauné.

Telu pandemi influenza dumadi nalika abad karongpuluh lan wis niwasaké puluhan yuta wong. Saben pandemi mau disababaké déning munculé galur anyar virus iki ing manungsa. Asring uga, galur anyar iki muncul nalika virus flu kang wis ana nyebar ing manungsa saka spésies kéwan kang liya, utawa nalika galur virus influenza manungsa kang wis ana njupuk gen anyar saka virus kang lumrahé nginfèksi unggas utawa babi. Galur unggas kang diarani H5N1 wis nimbulaké kakuwatiran munculé pandemi influenza anyar, sawisé kamunculané ing Asia nalika taun 1990-an, nanging virus mau durung évolusi dadi wangun kang nyebar kanthi gampang saka manungsa-menyang-manungsa. Nalika sasi April 2009 sawijining galur virus flu anyar ngalami évolusi kang ngandhut campuran gen saka flu manungsa, babi, lan unggas, kang ing awalé diarani "flu babi" lan uga ditepungi minangka influenza A/H1N1, kang muncul ing Mèksiko, Amérikah Sarékat, lan sapérangan nagara liya. Organisasi Kaséhatan Donya (WHO) kanthi resmi ndhéklarasikaké wabah iki minangka pandemi nalika tanggal 11 Juni 2009 (delengen pandemi flu 2009). Dhéklarasi WHO ngenani pandemi tingkat 6 wujud indhikasi panyebaran virus, dudu abot-ènthèngé lelara, galur iki sajatiné duwé tingkat mortalitas kang luwih asor tinimbang wabah virus flu biyasa.

Vaksinasi marang influenza lumrahé sumadiya kanggo wong-wong ing nagara ngrembaka. Kéwan ingon unggas asring divaksinasi kanggo nyegah tumpes tapisé kabèh kéwan ingon. Vaksin kanggo manungsa kang paling asring dipigunakaké yaiku vaksin influenza trivalen (trivalent influenza vaccine [TIV]) kang ngandhut antigen kang wis dimurnèkaké lan diinaktivasi marang telung galur virus. Lumrahé, vaksin jinis iki ngandhut matérial saka rong galur virus influenza subtipe A lan siji galur influenza subtipe B. TIV ora duwé risiko nularaké lelara, lan duwé réaktivitas kang asor banget. Vaksin kang diformulasikaké kanggo setaun mungkin dadi ora èfèktif kanggo taun sabanjuré, amarga virus influenza ngalami évolusi kanthi rikat, lan galur anyar bakal rikat nggantèkaké galur kang sadurungé. Obat-obatan antivirus bisa dipigunakaké kanggo nambani influenza, neuraminidase inhibitor (kaya ta Tamiflu utawa Relenza). .

Klasifikasi

Flu
Influenza 

Jinis-jinis virus

Sajeroning klasifikasi virus, virus influenza kalebu virus RNA kang wujud telu saka lima genera sajeroning famili Oethomyxoviridae:

  • Virus influenza A
  • Virus influenza B
  • Virus influenza C

Virus-virus mau duwé kakerabatan kang adoh karo virus parainfluenza manungsa, kang wujud virus RNA kang wujud péranganing famili paramyxovirus kang wujud jalaran umum saka infèksi ambegan ing bocah, kaya ta croup (laryngotracheobronchitis), nanging bisa uga nimbulaké lelara kang sarupa karo influenza ing wong diwasa.

Virus influenza A

Genus iki duwé siji spésies, virus influenza A. Unggas akuatik alasan wujud inang alamiah kanggo pérangan gedhé variétas influenza A. Sok-sok, virus bisa ditularaké marang spésies liya lan bisa nimbulaké wabah kang duwé dhampak gedhé ing paternakan unggas dhomèstik utawa nimbulaké sawijining pandemi influenza manungsa.

Virus jinis A wujud patogèn manungsa paling virulen ing antarané katelu jinis influenza lan nimbulaké lelara kang paling abot. Virus influenza A bisa dipérang manèh dadi subdhivisi wujud serotipe-serotipe kang béda dhedhasar tanggepan antibodi marang virus iki. Serotipe kang wis dikonfirmasi ing manungsa, diurutaké dhedhasar guènggung pepati pandemi ing manungsa, yaiku:

  • H1N1, kang nimbulaké Flu Spanyol nalika taun 1918, lan Flu Babi nalika taun 2009
  • H2N2, kang nimbulaké Flu Asia nalika taun 1957
  • H3N2, kang nimbulaké Flu Hongkong nalika taun 1968
  • H5N1, kang nimbulaké Flu Manuk nalika taun 2004
  • H7N7, kang duwé potènsi zoanatik kang ora biyasa
  • H1N2, endemik ing manungsa, babi, lan unggas
  • H9N2
  • H7N2
  • H7N3
  • H10N7

Virus influenza B

Genus iki duwé siji spésies, yaiku virus influenza B. Influenza B mèh kanthi èksklusif mung nyerang manungsa lan luwih arang dibandhingaké karo influenza A. Kéwan liya kang dikawruhi bisa kena infèksi déning influenza B yaiku asu laut lan garangan. Jinis influenza iki ngalami mutasi kaping 2-3 luwih alon dibandhingaké jinis A lan mula saka iku karagaman génétiké luwih sithik, mung ana siji serotipe influenza B. Amarga ora ana karagaman antigenik, sapérangan tingkat kakebalan marang influenza B lumrahé dièntuki ing umur enom. Nanging, mutasi kang dumadi ing virus influenza B cukup kanggo gawé kakebalan permanèn dadi ora mungkin. Owah-owahan antigèn kang alon, dikombinasikaké karo gunggung inang kang winates (ora mungkinaké pepindhahan antigèn antarspesies), agawé pandemi influenza B ora dumadi.

Virus influenza C

Genus iki duwé siji spésies, virus influenza C, kang nginfèksi manungsa, asu, lan babi, sok-sok nimbulaké lelara kang abot lan èpidemi lokal. Nanging, influenza C luwih arang dumadi dibandhingaké karo jinis liya lan lumrahé mung nimbulaké lelara ènthèng ing bocah-bocah.

Struktur, sipat, lan tata jeneng subtipe

Virus influenza A, B, lan C sarupa banget ing struktur sakabèhé. Partikel virus iki dhiameteré 80-120 nanometer lan lumrahé kurang-luwih wanguné kaya bal, sanadyan wangun filamèntosa mungkin waé ana. Wangun filamèntosa iki luwih asring dumadi ing influenza C, kang bisa minangka struktur kaya bolah kanthi dawa tekan 500 mikrometer ing lumahan saka sèl kang kena infèksi. Nanging, sanadyan manéka wanguné, partikel saka kabèh virus influenza duwé komposisi kang padha. Komposisi mau wujud envelope virus kang ngandhut loro jinis glikoprotein, kang mbungkus sawijining inti punjer. Inti punjer mau ngandhut genom RNA lan protèin viral liya kang mbungkus lan ngreksa RNA. RNA cenderung kapérang saka sauntaian nanging ing kasus-kasus mirunggan bisa wujud rong untaian. Ing virus, génom virus ora kapérang saka rerangkèn asem nukleat; nanging lumrahé kapérang saka pitu utawa wolung pérangan RNA negative-sense kang kasègmèntasi, saben pérangan RNA ngandhut siji utawa loro gèn. Contoné, génom influenza A ngandhut 11 gèn sajeroning wolung pérangan RNA, kang ngodhe 11 protèin: hemagglutinin (HA), neuraminidase (NA), nukleoprotein (NP), M1, M2, NS1, NS2 (NEP: nuclear export protéin), PA, PB1 (polymerase basic 1), PB1-F2 lan PB2.

Hemagglutinin (HA) lan neuraminidase (NA) wujud loro flikoprotèin gedhé kang ana ing sanjabaning partikel virus. HA wujud lektin kang dadi mèdhiasi ikatan (binding) virus marang sèl targèt lan lumebuné génom virus ing sèl targèt, sauntara NA kalibat sajeroning uculé anak virus saka sèl kang kainfèksi, kanthi nyigar gula kang silih iket ing partikel virus diwasa. Oleh karena itu, protéin ini merupakan target bagi obat-obat antivirus. Lan manèh, kaloroné wujud antigèn, ing endi antibodi marang antigèn mau bisa diriptakaké. Virus influenza A diklasifikasikaké dadi subtipe dhedhasar rèspons antibodi marang HA lan NA. Jinis-jinis HA lan NA mau wujud pambédan H lan N sajeroning pamènèhan jeneng virus, umpamané H5N1. Ana 16 subtipe H lan 9 subtipe N kang wis dikawruhi, nanging mung H 1, 2, lan 3, sarta N 1 lan 2 kang lumrahé tinemu ing manungsa.

Réplikasi

Virus bisa nglakoni réplikasi mung ing sèl urip. Infèksi lan réplikasi influenza wujud prosès mawa tahap: pisanan, virus kudu gawé ikatan karo sèl lan ngleboni sèl, banjur mindhahaké genomé ing sawijining papan ing endi virus mau bisa mrodhuksi dhuplikat saka protèin virus lan RNA, banjur nyusun komponèn-komponèn mau dadi partikel virus anyar, lan pungkasan, metu saka sèl inang.

Virus influenza gawé ikatan liwat hemagglutinin karo gula asem sialat ing lumahing sèl èpitèl, lumrahé ing irung, tenggorok, lan paru-paru mamalia, lan usus unggas (tahap 1 ing gambar infèksi). Sawisé hemagglutinin dipecah déning protease, sèl bakal nglebokaké virus liwat prosès endositosis.

Sawisé ana ing njero sèl, kaanan asem sajeroning éndosom bakal njalari loro kedadèn dumadi: pisanan, péranganing protèin hemagglutinin bakal nyawijikaké envelope virus karo mèmbran vakuola, banjur kanal ion M2 bakal mungkinaké proton kanggo pindhah ngliwati envelope virus lan ngasamaké inti virus, kang bakal nyababaké inti dadi kaurai lan ngeculaké RNA virus lan protèin inti. Molekul RNA virus (vRNA), protèin aksesoris, lan RNA polymerase kang gumantung ing RNA (RNA-dependent RNA polymerase) bakal dieculaké ing sitoplasma (Tahap 2). Kanal ion M2 bakal disekat (diblok) déning obat amantadine, kang bakal nyegah infèksi.

Protèin inti iki bebarengan karo vRNA bakal minangka komplèks kang bakal ditranspor menyang inti sèl, ing endi polimerase RNA kang gumantung RNA bakal miwiti transkripsi vRNA komplemèntèr sense positif (langkah 3a lan b). vRNA bisa metu nuju sitoplasma lan ngalami translasi (langkah 4) utawa tetep bertahan ing nukléus. Protèin virus kang anyar disintèsis bisa disèkrèsi liwat apparatus Golgi nuju lumahing sèl (ing neuraminidase lan hemagglutinin, langkah 5b) utawa ditranspor manèh nuju inti sèl kanggo gawé ikatan karo vRNA lan minangka partikel génom virus kang anyar (langkah 5a). Protèin virus liyané duwé makarya kang manéka ing sèl inang, kalebu ngurai mRNA sèlulèr lan migunakaké nukléotida bébas kanggo sintèsis vRNA lan uga nyandhet translasi mRNA lan uga nyandhet translasi mRNA sèl inang.

vRNA negative-sense kang génom saka calon virus, RNA polimerase kang gumantung RNA (RNA-dependent RNA polymerase), lan protèin virus liya bakal disusun dadi virion. Molekul hemagglutinin lan neuraminidase bakal gawé golongan minangka sawijining tonjolan ing lumahing sèl. vRNA lan protèin inti virus bakal ninggal inti sèl lan ngeboni panonjolan mèmbran iki (langkah 6). Virus diwasa bakal nglakokaké budding off saka sèl sajeroning sawijining wangun bal kang kapérang saka mèmbran fosfolipid inang, éntuk hemagglutinin lan neuraminidase kang kakandhut sajeroning lapisan mèmbran iki (langkah 7). Kaya sadurungé, virus bakal gawé ikatan liwat hemagglutinin; virus diwasa bakal ngeculaké dhiri yèn neuraminidaseé wis mecah résidhu asem sialat saka sèl inang. Obat kang nyandhet neuraminidase, kaya déné oseltamivir, bakal nyegah uculé virus infèksius anyar lan nyegah réplikasi virus. Sawisé uculé virus influenza anyar, sèl inang bakal mati.

Amarga ora anané ènzim proofreading RNA, polimerase RNA kang gumantung RNA kang ngopi génom virus bakal nglakokaké kasalahan kurang luwih saben 10 éwu nukléotida, kang selaras karo rata-rata saka vRNA influenza. Mula saka iku, sapérangan gedhé saka virus influenza kang rampung dironcé iku mutan; iki bakal nimbulaké hanyutan antigèn, kang wujud owah-owahan alon ing antigèn ing lumahing virus sairing karo lumakuné wektu. Pamisahan génom dadi wolu sègmèn vRNA kang kapisah mungkinaké panyampuran utawa reassortment saka vRNA yèn punjul sajinis virus influenza nginfèksi sawijining sèl tunggal. Iki bakal nimbulaké owah-owahan rikat saka génétika virus kang bakal nimbulaké papindhahan antigèn, kang wujud owah-owahan dumadakan saka sawijining antigèn menyang antigèn liyané. Owah-owahan gedhé kang dadakan mungkinaké virus kanggo nginfèksi spésies inang anyar lan bisa kanthi rikat ngatasi kakebalan protèktif kang wis ana. Iki wigati sajeroning mékanisme munculé pandemi, kang didhiskusikaké ing ngisor iki sajeroning pérangan Epidemiologi.

Tandha lan tandha-tandha

Tandha-tandha kang paling sènsitif kanggo ndhiagnosis influenza
Tandha-tandha: Sènsitivitas Spésivisitas
Mriyang 68–86% 25–73%
Watuk 84–98% 7–29%
Irung mampet 68–91% 19–41%

  • Katelu temuan mau, mligi mriyang, kurang sènsitif marang pasièn kanthi umur punjul 60 taun.

Tandha-tandha influenza bisa diwiwiti kanthi rikat, sadina nganti rong dina sawisé infèksi. Lumrahé tandha-tandha pisanan yaiku ndrodhog utawa rumangsa adhem, nanging mriyang uga asring dumadi ing awal infèksi, kanthi suhu awak watara 38-39 °C (kurang luwih 100-103 °F). Akèh wong krasa lara banget saéngga ora bisa tangi saka papan anggoné turu suwéné pirang-pirang dina, kanthi rasa lara lan nyeri saawak, kang krasa luwih abot ing tlatah geger lan sikil. Tandha-tandha influenza bisa ngambah:

  • Mriyang lan krasa adhem kang èkstrem (ndrodhog, gumeter)
  • Watuk
  • Irung mampet
  • Nyeri awak, mligi sendhi lan tenggorok
  • Kekeselen
  • Nyeri sirah
  • Iritasi mata, mata mbanyu
  • Mata abang, kulit abang (mligi rai), sarta semu abang ing tutuk, tenggorok, lan irung
  • Ruam petechiae
  • Ing bocah, tandha-tandha gastrointestinal kaya déné diare lan nyeri abdomen, (bisa dumadi parah ing bocah kanthi influenza B)

Sok-sok angèl mbédakaké antarané selesma lan influenza ing tahap awal saka infèksi iki, nanging flu bisa diidhèntifikasi yèn ana mriyang dhuwur ndadak kanthi rasa kesel kang èkstrém. Diare lumrahé dudu tandha-tandha saka influenza bocah, nanging iki bisa ditemoni ing sapérangan kasus "flu manuk" H5N1 ing manungsa lan bisa dadi tandha-tandha ing bocah-bocah. Tandha-tandha kang paling asring ana ing influenza dituduhaké ing tabèl ing sisih tengen.

Amarga obat-obat antivirus èfèktif sajeroning nambani influenza yèn diwènèhaké kawit awal (deleng pérangan terapi ing ngisor), wigati kanggo ngidhèntifikasi kasus kanthi gasik. Saka tandha-tandha-tandha-tandha kang disebutaké ing ndhuwur, kombinasi mriyang karo watuk, nyeri tenggorok lan/utawa irung mampet bisa ngundhakaké akurasi diagnositik. Loro panalitèn analisis kaputusan nuduhaké yèn nalika ana wabah influenza lokal, prevalensiné punjul 70%, Mula pasièn kanthi salah siji kombinasi saka tandha-tandha mau bisa ditambani kanthi inhibitor neuraminidase tanpa pamriksan. Malah nalika ora anané wabah lokal, pangobatan bisa dibeneraké ing pasièn tuwa nalika mangsa influenza suwéné prévalènsiné punjul 15%.

Kasumadyan pamriksan laboratorium kanggo influenza terus ngalami paningkatan. Punjer Pangendhalian lan Panyegahan Lelara (CDC) Amérikah Sarékat, ngrangkum pamriksan laboratorium paling anyar kang cumawis. Miturut CDC, pamriksan diagnostik rikat (rapid diagnostic test) duwé sènsitivitas 70-75% lan spésifisitas 90-95% dibandhingaké karo kultur virus. Pamriksan iki mligi migunani ing mangsa influenza (prévalènsi = 25%) tanpa anané wabah langsung, utawa mangsa periinfluenza (prévalènsi = 10%).

Mekanisme

Panularan

Shedding virus influenza (wektu ing ngendi sawijining wong bisa nularaké virus marang wong liya) diwiwiti sadina sadurungé tandha-tandha muncul lan virus bakal diuculaké suwéné antara 5 tekan 7 dina, sanajan sapérangan wong mungkin ngeculaké virus suwéné périodhe kang luwih suwé. Wong kang katular influenza paling infèktif ing dina kaloro lan katelu sawisé infèksi. Gunggung virus kang diculaké katoné gegandhèngan karo mriyang, gunggung virus kang diculaké luwih gedhé nalika suhuné luwih dhuwur. Bocah-bocah luwih infèksius tinimbang wong diwasa lan bocah mau ngeculaké virus sadurungé ngalami tandha-tandha nganti rong minggu sawisé infèksi. Panularan influenza bisa dimodhèlaké kanthi matématis, kang bakal mbantu sajeroning prédhiksi kepriyé virus nyebar sajeroning populasi.

Influenza bisa disebaraké sajeroning telu cara utama: lumantar panularan langsung (nalika wong kang kainfèksi wahing, ana ilu irung kang lumebu kanthi langsung menyang mata, irung, lan tutuk saka wong liya); lumantar udara (nalika sawijining wong nyedhot aerosol (butiran cuwèran cilik sajeroning udara) kang diasilaké nalika wong kang kainfèksi watuk, wahing, utawa idu), lan lumantar panularan tangan-menyang-mata, tangan-menyang-irung, utawa tangan-menyang-tutuk, saka lumahan kang kakontaminasi utawa saka kontak personal langsung kaya déné salaman. Modhèl panularan endi kang paling wigati isih durung cetha, nanging kabèh duwé kontribusi sajeroning panyebaran virus. Ing rute panularan udara, ukuran droplèt kang cukup cilik kanggo disedhot duwé dhiameter 0,5 nganti 5 μm lan inhalasi sadroplèt mungkin cukup kanggo nimbulaké infèksi. Sanajan sapisan wahing bisa ngeculaké nganti 40.000 droplèt, sapérangan gedhé saka droplèt mau cukup gedhé lan bakal ilang saka udara kanthi rikat. Pira suwéné virus influenza bisa tahan sajeroning droplèt udara katoné diprabawai déning kadhar kalembaban lan radhiasi ultraviolèt: kalembaban asor lan kurangé cahya srengéngé ing mangsa adhem mbantu tahané virus iki.

Amarga virus influenza bisa tahan ing njaba awak, virus iki uga bisa ditularaké liwat lumahan kang kakontaminasi kaya déné lembaran dhuwit, gagang lawang, saklar lampu, lan bandha-bandha rumah tangga liyané. Suwéné wektu virus bisa tahan marang sawijining lumahan manéka wektuné, virus bisa tahan suwéné sadina utawa rong dina ing lumahan kang atos lan ora duwé pori kaya déné plastik utawa métal, suwéné kurang luwih limalas menit ing kertas tissue garing, lan mung limang menit ing kulit. Nanging, yèn virus ana sajeroning mukus/lendhir, lendhir mau bisa ngreksa virus saéngga tahan ing sajeroning wektu kang suwé (nganti 17 dina ing dhuwit kertas). Virus flu manuk bisa tahan ing sajeroning wektu kang durung dikawruhi nalika ana sajeroning kaanan beku. Virus ngalami inaktivasi déning pamanasan nganti 56 °C (133 °F) suwéné minimun 60 menit, lan uga déning asem (ing pH <2).

Patofisiologi

Mékanisme kepriyé infèksi influenza bisa nimbulaké tandha-tandha ing manungsa wis disinaoni kanthi intènsif. Salah saji mékanisme kang dipercaya yaiku kanthi inhibisi hormon adrenokortikotropik (ACTH/Adrenocorticotropic Hormone) kang nimbulaké pamudhunan kadhar hormon kortisol. Ngawruhi gèn endi kang sok sajeroning galur virus tinentu bisa mbiyantu mrédhiksi kepriyé virus mau bisa nular lan sepira aboté infèksi kang bakal dumadi (mrédhiksi patofisiologi saka sawijining galur virus).

Contoné, péranganing prosès kang mungkinaké virus influenza nginvasi sawijining sèl yaiku panguraian saka protèin hemagglutinin virus déning salah saji ènzim protease manungsa. Ing virus kang infèksiné asifat ringan lan avirulèn, struktur hémagglutinin kang ana mung bisa diurai déning protease kang tinemu sajeroning tenggorok lan paru, saéngga virus iki ora bisa nginfèksi jaringan liya. Nanging, ing galur kang virulèn banget, kaya ta H5N1, hémagglutinin kang kakandhut sajeroning virus bisa diurai déning variétas protease kang manéka, saéngga mungkinaké virus nyebar menyang sakabèhing awak.

Protèin hémagglutinin virus duwé tanggung jawab sajeroning nemtokaké spésiès endi kang bisa diinfèksi déning sawijining galur virus uga papan saluran ambegan endi kang bisa duwé ikatan karo sawijining galur virus influenza. Galur kang bisa ditularaké kanthi gampang saka manungsa-marang-manungsa duwé protèin hémagglutinin kang duwé ikatan karo résèptor ing saluran ambegan pérangan ndhuwur, kaya ta ing irung, tenggorok, lan tutuk. Suwaliké, strain H5N1 kang mbebayani banget duwé ikatan karo résèptor kang paling akèh tinemu ing njero paru. Prabédan ing papan infèksi iki mungkin wujud péranganing alesan ngapa galur H5N1 nimbulaké pnéumonia virus kang abot ing paru, nanging ora ditularaké kanthi gampang liwat watuk lan wahing.

Tandha-tandha kang asring ana ing flu kaya ta mriyang, sirak cekot-cekot, lan kekeselen wujud asil saka sapérangan gedhé sitokin lan chemokin proinflamasi (kaya ta interferon utawa tumor necrosis factor (TNF)) kang diprodhuksi déning sèl kang kainfèksi influenza. Ora kaya rhinovirus kang nimbulaké selesma (common cold/masuk angin), influenza nimbulaké karusakan jaringan, saéngga tandha-tandha kang dumadi ora kabèh disebabaké déning rèspons inflamasi. Rèspons imun kang gedhé iki bisa nimbulaké “badai sitokin” kang bisa ngancam nyawa. Kadadéan iki dinuga wujud jalaran saka pati kang ora biyasa ing flu manuk H5N1, lan galur pandemik 1918. Nanging, kamungkinan liyané yaiku sapérangan gedhé sitokin kang diasilaké mung wujud asil saka réplikasi virus kang gedhé banget kang ditimbulaké déning galur mau, lan rèspons imun ora mènèhi kontribusi marang lelara.

Panyegahan

Vaksinasi

Vaksinasi marang influenza kanthi vaksin influenza asring dirékomendhasikaké marang golongan risiko dhuwur, kaya ta bocah-bocah lan lansia, utawa marang panandhang asma, diabetes, lelara jantung, utawa wong-wong kang ngalami gangguan imun. Vaksin influenza bisa diprodhuksi liwat sapérangan cara; cara kang paling umum yaiku kanthi nuwuhaké virus ing endhog pitik kang wis diwohi. Sawisé dimurnèkaké, virus banjur bakal diaktivasi (upamané, mawa détergen) kanggo ngasilaké vaksin virus kang ora aktif. Minangka alternatif, virus bisa dituwuhaké ing endhog nganti kélangan virulensiné banjur virus kang avirulen diwènèhaké minangka vaksin urip. Èfèktivitas saka vaksin influenza iku manéka rupa. Amarga tingkat mutasi virus kang dhuwur banget, vaksin influenza tinentu lumrahé mènèhaké pangreksan suwéné ora punjul sapérangan dina. Saben tauné, WHO mrédhiksikaké galur virus endi kang paling mungkin sirkulasi ing taun sabanjuré, saéngga mungkinaké perusahaan farmasi kanggo ngembangaké vaksin kang bakal nyumadyakaké kakebalan kang paling apik marang galur mau. Vaksin uga wis dikembangaké kanggo ngreksa sato iwèn unggas saka flu manuk. Vaksin iki bisa èfèktif marang sapérangan galur lan minangka strategi preventif, utawa dikombinasikaké karo culling (pamuliaan) minangka usaha kanggo nyuresaké wabah.

Ana kamungkinan kena influenza sanajan wis divaksin. Vaksin bakal diformulasi ulang saben mangsa kanggo galur flu spésifik nanging ora bisa nyakup kabèh galur kang kanthi aktif nginfèksi kabèh manungsa ing mangsa mau. Merlokaké wektu suwéné enem sasi manèh manufaktur kanggo mformulasikaké lan mrodhuksi mayuta-yuta dosis kang diperlokaké kanggo ngadhepi epidemi mangsan; sok-sok, galur anyar utawa galur kang ora dinuga pinunjul ing wektu tinentu lan nginfèksi wong-wong sanajan wong-wong mau wis divaksinasi (kaya déné kang dumadi ing Flu Fujian H3N2 ing mungsa flu 2003-2004). Uga ana kamungkinan éntuk infèksi sadurungé vaksinasi lan dadi lara déning galur kang kuduné dicegah déning vaksinasi, amarga vaksin merlokaké wektu rong minggu sadurungé dadi èfèktif.

Ing muangsa 2006-2007, CDC kaping pisanané ngrékomendasikaké bocah kang umuré kurang saka 59 sasi kanggo nampa vaksin influenza taunan. Vaksin bisa nimbulaké sistem imun kanggo réaksi nalika awak nampa infèksi kang sabeneré, lan tandha-tandha infèksi umum (akèh tandha-tandha selesma lan flu mung wujud tandha-tandha infèksi umum) bisa mijil, sanajan tandha-tandha mau lumrahé ora padha aboté utawa tahan suwéné influenza. Èfèk samping kang paling mbebayani yaiku réaksi alèrgi abot ing matérial virus uga résidu saka endhog pitik kang dipigunakaké kanggo nuwuhaké virus influenza; nanging réaksi mau arang banget.

Minangka tambahan saliyané vaksinasi marang influenza mangsan, paneliti ngupaya kanggo ngembangaké vaksin marang kamungkinan pandemi influenza. Perkembangan, prodhuksi, lan distribusi vaksin inluenza pandemik kang rikat bisa nylametaké nyawa mayuta-yuta wong nalika dumadi pandemi influenza. Amarga mung ana wektu kang cendhak antarané idhèntifikasi galur pandemik lan kabutuhan vaksinasi, para paneliti lagi nggolèk pilihan moda prodhuksi vaksin saliyané liwat endhog. Tèknologi vaksin urip kang diinaktivasi (kanthi basis endhog utawa kanthi basis sèl), lan tèknologi rékombinan (protèin lan partikel mèmper virus), bakal mènèhaké aksès wektu nyata (real time) kang luwih apik lan bisa diprodhuksi kanthi luwih kejangkau, saéngga ngundhakaké aksès kanggo wong-wong kang urip ing nagara-nagara kanthi pangasilan sedheng lan asor, ing endi dadi asal kamungkinan pandemi. Tekan Juli 2009, punjul 70 uji klinis kang dikawruhi wis ditindakaké utawa lagi ditindakaké ngenani vaksin influenza pandemi. Ing sasi September 2009, Badan POM Amérikah Sarékat nyarujuki papat vaksin marang virus influenza H1N1 2009 (galur pandemik nalika wektu iku), lan njaluk stok vaksin mau sumadiya sajeroning sasi sabanjuré.

Pangendhalian infèksi

Cara kang cukup èfèktif kanggo ngedhunaké panularan influenza salah sajiné yaiku njaga kaséhatan pribadi lan kabiyasan higiénis kang becik: kaya ta ora ndumuk mata, irung lan tutuk; asring ngumbah tangan (mawa banyu lan sabun, utawa mawa cuwèran pangumbah kanthi basis alkohol); nutup tutuk lan irung nalika watuk lan wahing, ngéndhani kontak cerak karo wong kang lara; lan tetep ana ing ngomahé dhéwé nalika lagi lara. Ora idu uga disaranaké. Sanajan masker rai bisa mbiyantu nyegah panularan nalika ngrawat wong kang lara ana bukti-bukti kang matentangan ngenani mupangan babagan mau ing masarakat. Ngrokok ngundhakaké risiko panularan influenza, lan uga nimbulaké tandha-tandha lelara kang luwih abot.

Amarga influenza nyebar liwat aerosol lan kontak karo lumahan kang kakontaminasi, pangresikan lumahan mau bisa mbiyantu nyegah sapérangan saka infèksi. Alkohol wujud bahan sanitasi kang èfèktif marang virus influenza, sauntara senyawa amonium kuarterner bisa dipigunakaké bebarengan karo alkohol saéngga èfèk sanitasi mau bisa tahan luwih suwé. Ing rumah sakit, senyawa amonium kuarterner lan bahan pamutih dipigunakaké kanggo ngresiki ruwangan lan piranti kang sadurungé dipigunakaké déning pasièn kanthi tandha-tandha influenza. Ing ngomah, babagan mau bisa dilakokaké kanthi èfèktif kanthi migunakaké bahan pamutih chlorine kang dièncèraké.

Ing pandemi kapungkur, panutupan sekolah, gréja, lan biyoskup nyandhet panyebaran virus nanging ora duwé dampak kang gedhé marang angka pepati sakabèhé. Durung bisa dipesthèkaké apa ngedhunaké patemon publik, upamané kanthi nutup sekolah lan papan makarya, bakal ngedhunaké panularan amarga wong kang nandhang influenza bisa waé isih pindhah saka sawijining papan menyang papan liyané; panyerakan kaya iki uga bakal angèl dilakokaké lan mungkin ora disenengi. Yèn sapérangan cilik wong ngalami infèksi, ngisolasi wong kang lagi lara bisa ngurangi risiko panularan.

Pangobatan

Wong kang nandhang flu disaranaké kanggo akèh istirahat, minum akèh cuwèran, ngéndhani panggunaan alkohol lan rokok, lan yèn diperlokaké, ngonsumsi obat kaya ta asetaminofen (parasetamol) kanggo ngredhakaké tandha-tandha mriyang lan perih otot kang gegandhèngan karo flu. Bocah-bocah lan nom-noman kanthi tandha-tandha flu (mligi mriyang) sabeciké ngéndhani panggunaan aspirin nalika infèksi influenza (mligi influenza jinis B), amarga bisa nimbulaké Sindrom Reye, sawijining lelara ati kang langka nanging duwé potènsi nimbulaké pepati. Amarga influenza disababaké déning virus, antibiotik ora duwé prabawa marang infèksi; kajaba diwènèhaké kanggo infèksi sékundhèr kaya déné pneumonia baktérialis. Pangobatan antiviral bisa èfèktif, nanging sapérangan galur influenza bisa nuduhaké résistènsi marang obat-obat antivirus baku.

Loro kelas obat antivirus kang dipigunakaké marang influenza yaiku inhibitor neuraminidase lan inhibitor protéin M2 (derivat adamantane). Inhibitor neuraminidase saiki luwih disenengi tumrap infèksi virus amarga kurang toksik lan luwih èfèktif. CDC ngrékomendhasikaké supaya ora migunakaké inhibitor M2 ing mangsa influenza 2005-06 amarga dhuwuré tingkat résistènsi obat. Amarga wanita ngandhut katoné bakal kena dhampak kang luwih gedhé tinimbang populasi umum déning virus influenza H1N1 2009, pangobatan sacepeté kanthi obat-obat anti influenza wis dirékomendhasikaké. Ing Konferènsi Pèrs influenza H1N1 November 2009, WHO ngrékomendhasikaké wong ing golongan risiko dhuwur, kalebu wanita ngandhut, bocah umur kurang saka rong taun lan wong kanthi masalah ambegan, supaya wiwit ngonsumsi obat-obat antivirus sacepeté sawisé ngalami tandha-tandha flu. Obat anti virus kang dipigunakaké kalebu oseltamivir (Tamiflu) lan zanamivir (Relenza).

Inhibitor neuraminidase

Obat-obat antivirus kaya déné oseltamivir (mèrek dagang Tamiflu) lan zanamivir (mèrek dagang Relenza) wujud inhibitor neuraminidase kang didhesain kanggo nyandhet panyebaran virus ing awak. Obat-obatan iki asring èfèktif marang influenza A lan B. Cochrane Collaboration ninjo manèh obat-obat iki lan nyimpulaké yèn obat-obat iki bisa ngurangi tandha-tandha lan komplikasi. Galur influenza kang béda duwé drajat résistènsi kang béda marang obat antivirus iki, lan ora mungkin kanggo mpédhiksi segedhé apa résistènsi kang diduwèni galur pandemik ing mangsa ngarep.

Inhibitor M2 (adamantanes)

Obat-obat antivirus amantadine lan rimantadine bakal mblokadhe kanal ion virus (protéin M2) lan nyegah virus kanggo nginfèksi sèl. Obat-obatan mau sok-sok èfèktif marang influenza yèn diwènèhaké kawit awal ing infèksi nanging mesthi ora èfèktif marang influenza B amarga virus influenza B ora duwé molekul M2. Résistènsi kang kaukur tumrap amantadine lan rimantadine ing isolat Amerka saka H3N2 wis ngalami paningkatan tekan 91% nalika taun 2005. Dhuwuré tingkat résistènsi iki mungkin disababaké déning sumadyané wiyar saka amantadine minangka obat kang didol tanpa resèp dhokter kanggo pangobatan selesma ing nagara-nagara kaya déné Cina lan Ruslan, lan panggunaané kanggo nyegah wabah influenza ing kéwan ingon unggas.

Prognosis

Prabawa influenza adoh luwih abot lan tahan luwih suwé tinimbang selesma. Sapérangan gedhé wong bakal mari dhéwé ing sajeroning wektu seminggu tekan rong minggu, nanging kang liyané bakal ngalami komplikasi kang ngancam nyawa (kaya déné pneumonia). Influenza misa njalari pepati, mligi ing wong kang lemah, enom lan tuwa, utawa ngalami lelara kronis. Wong-wong kanthi sistem imun kang lemah, kaya déné panandhang infèksi HIV tingkat lanjut utawa pasièn panampa transplan (kang sistem imuné ditekan karo obat kanggo nyegah panulakan organ transplan), nandhang lelara kang luwih abot. Golongan risiko dhuwur liyané yaiku wanita ngandhut lan bocah cilik.

Flu bisa nambah ala masalah kaséhatan kronis. wong-wong kanthi emfisema, bronkitis kronis utawa asma bisa ngalami kangèlan ambegan nalika ngalami flu, lan influenza bisa nimbulaké saya alané lelara jantung koroner utawa gagal jantung kongestif. Ngrokok wujud faktor risiko liya kang gegandhèngan karo lelara kang luwih abot lan mortalitas kang luwih dhuwur kang ditimbulaké déning influenza.

Miturut WHO: “Saben mangsa adhem, puluhan yuta wong kena flu. Sapérangan gedhé mung lara lan ora nyambut gawé suwéné seminggu, sauntara para lanjut usia duwé risiko pati kang luwih dhuwur amarga lelara iki. Awaké dhéwé ngawruhi yèn kurban mati ing saindhenging donya ngluwihi atusan èwu wong saben tauné, nanging malah ing nagara maju, gunggung mau ora bisa dipesthèkaké, amarha pihak mèdhis kang duwé kuwajiban lumrahé ora mvèrifikasi wong kang mati amarga influenza lan wong kang mati kanthi lelara-mèmper-flu.” Malah wong séhat bisa kena, lan masalah sérius kang ditimbulaké déning influenza bisa dumadi ing umur pira waé. Wong kanthi umur punjul 50 taun, bocah kang enom banget, lan wong saka kabèh umur kanthi kaanan mèdhis kronis luwih mungkin kanggo éntuk komplikasi influenza, kaya déné pneumonia, bronkitis, infèksi sinus lan kuping.

Ing sapérangan kasus, réspons autoimun marang influenza bisa mènèhaké kontribusi marang sindrom Guillain-Barré (GBS). Nanging, amarga akèh infèksi liya kang bisa ngundhakaké risiko lelara iki, influenza wujud jalaran kang wigati mung nalika dumadi epidemi. Sindrom iki wis dipercaya uga minangka èfèk samping kang langka saka vaksin influenza. Sanajan sawijining lapuran panalitèn mènèhaké insidensi gedhéné sakasus per sayuta vaksinasi, sawijining panalitèn gedhé ing Cina, kang dilapuraké ing NEJM kang nyakup mèh 100 yuta dosis vaksin marang flu”babi” H1N1 2009 mung tinemu sewelas kasus sindrom Guillain-Barré, (0,1%) saka total insidensi ing wong kang divaksin, sabeneré luwih asor saka tingkat kedadèyan lelara ing Cina, lan ora ana èfèk samping kang tinemu; "rasio risiko-mupangat, kang biyasa ditrepaké ing vaksin lan kabèh sajeroning pangobatan médhis, banget luwih condong marang panggunaan vaksin." Éntuk infèksi influenza dhéwé ngundhakaké risiko pepati (tekan 1 saka 10.000) lan ngundhakaké risiko ngalami GBS nganti tingkat kang luwih dhuwur tinimbang kang ditimbulaké déning panggunaan vaksin (kurang luwih kaping 10 ing panggunaan prakiran saiki).

Epidemiologi

Variasi mangsan

Influenza nggayuh prévalènsi pucuk nalika mangsa adhem, lan amarga wilahan bumi lor lan kidul ngalami mangsa adhem ing wektu kang béda saben tauné, ana loro mangsa flu saben tauné. Mula WHO (dibantu déning National Influenza Centers) gawé rékomèndhasi kanggo loro formulasi vaksin saben tauné; siji kanggo wilahan bumi lor, lan siji kanggo kidul.

Wis suwé dadi pitakonan kenapa wabah flu dumadi kanthi mangsan, ora dumadi kanthi mangsan sadawané taun. Siji wedharan kang mungkin yaiku amarga wong ana sajeroning ruwangan luwih asring ing mangsa adhem, wong-wong mau ana sajeroning kontak cerak luwih asring, lan babagan mau ngundhakaké panularan saka wong-menyang-wong. Paningkatan tingkat lelaku amarga prèinan mangsa adhem ing wilahan bumi pérangan lor mungkin uga nyekel peranan. Faktor liyané yaiku suhu kang adhem njalari udara luwih adhem, kang bisa nggaringaké mukus/lendhir, nyegah awak kanggo ngusir partikel virus kanthi èfèktif. Virus uga tahan luwih suwé ing lumahan ing suhu kang luwih adhem lan transmisi aerosol saka virus paling dhuwur ing lingkungan kang adhem (kurang saka 5 °C) kanthi kalembaban rélatif kang asor. Kalembaban udara kang asor ing mangsa adhem katoné wujud jalaran utama saka transmisi influenza mangsan ing iklim sedheng.

Nanging, owah-owahan mangsan ing tingkat infèksi uga dumadi ing wewengkon tropis, lan ing sapérangan nagara pucuk infèksi katon mligi ing mangsa udan. Owah-owahan mangsan sajeroning tingkat kontak kang magepokan karo mangsa sekolah (semèster) wujud faktor utama sajeroning lelara anak liyané kaya déné campak lan pertussis, mungkin uga nyekel peranan sajeroning kombinasi lelara flu. Kombinasi saka èfèk mangsan cilik iki bisa digedhèkaké kanthi résonansi dinamis siklus endogen lelara. H5N1 nuduhaké pola mangsan ing manungsa lan unggas.

Sawijining hipotèsis alternatif kang njelasaké pola mangsan ing infèksi influenza yaiku èfèk kadhar vitamin D tumrap kakebalan marang virus. Pendhapat iki pisanan diajokaké déning Robert Edgar Hope-Simpson nalika taun 1965. Dhèwèké ngajokaké yèn jalaran epidemi influenza ing mangsa adhem mungkin gegandhèngan karo fluktuasi mangsan vitamin D, kang timbul ing kulit ing sangisoré prabawa radhiasi UV srengéngé (utawa radhiasi artifisial). Iki bisa njelasaké kenapa influenza dumadi mligi nalika mangsa adhem lan ing mangsa udan ing tlatah tropis, nalika wong akèh ana sajeroning ruwangan, adoh saka sinar srengéngé, lan kadhar vitamin D-né ngalami pamudhunan.

Panyebaran epidemi lan pandemi

Amarga influenza disababaké déning manéka spésiès lan galur virus, saben tauné sapérangan galur bisa cures sauntara galur kang liyané nimbulaké epidemi, sauntara galur kang liyané nimbulaké pandemi. Lumrahé, loro mangsa flu taunan (siji sajeroning sawilahan bumi), ana telu nganti limang yuta kasus abot lan nganti 500.000 pepati ing saindhenging donya, kang nyukupi kritéria epidemi influenza taunan. Sanajan insidènsi influenza bisa banget manéka saka taun-menyang-taun, kurang luwih 36.000 pepati lan punjul 200.000 rawat inep gegandhèngan kanthi langsung karo influenza saben tauné ing Amérikah Sarékat. Kurang luwih kaping telu sajeroning saabad, dumadi pandemi, kang bakal nginfèksi sapérangan gedhé populasi donya lan bisa njalari patiné mayuta-yuta wong (delengen pérangan sajarah). Sawijining panalitèn mrakirakaké yèn sawijining galur kanthi virulènsi kang padha karo influenza 1918 muncul saiki, mula virus mau bisa matèni 50 nganti 80 yuta wong.

Virus influenza anyar ngalami évolusi spontan lumantar mutasi utawa lumantar reassortment. Mutasi bisa nimbulaké owah-owahan cilik ing hemagglutinin lan antigen neuraminidase ing lumahan virus. Iki diarani antigenic drift, kang kanthi alon-alon nimbulaké akèh variasi galur nganti salah siji bisa nginfèksi manungsa kang kebal marang galur kang wis ana sadurungé. Varian anyar iki banjur nggantèkaké galur kang luwih tuwa amarga galur mau kanthi rikat nyapu populasi manungsa – asring nimbulaké epidemi. Nanging, amarga galur kang ditimbulaké déning kèlinan mau bakal cukup sarupa karo galur sadurungé, sapérangan wong bakal isih imun marang virus mau. Suwaliké, yèn virus influenza ngalami reassortment, wong-wong bakal olèh antigen kang anyar – umpamané reassortment antarané galur unggas lan galur manungsa; iki diarani pepindhahan antigen. Yèn virus influenza manungsa duwé antigen kang anyar, saben wong bisa kena infèksi, lan virus influenza anyar mau bakal nyebar kanthi ora kakontrol lan nimbulaké pandemi. Béda karo modhèl pandemi kang didhasaraké marang katutan lan pepindhahan antigen, sawijining panyerakan alternatif wis diajokaké ing endi pandemi périodik ditimbulaké déning interaksi saka sawijining rangkéyan galur virus kang tetep karo populasi manungsa kang kanthi konstan ngalami owah-owahan imunitas marang galur virus kang béda.

Sajarah

Ètimologi

Tembung influenza asalé saka basa Italia kang tegesé “prabawa”, iki ngrujuk marang jalaran lelara; awalé lelara iki disebutaké disababaké déning prabawa astrologis kang kurang apik. Owah-owahan pendhapat mèdhis njalari modhifikasi jeneng dadi influenza del freddo, kang tegesé “prabawa adhem”. Tembung influenza pisanan dipigunakaké sajeroning basa Inggris kanggo nyebut lelara kang awaké dhéwé kawruhi saiki nalika taun 1703 déning J Hugger saka Univèrsitas Edinburgh sajeroning thesisé kang judhulé "De Catarrho epidemio, vel influenza, prout in India occidentali sese ostendit".

Istilah biyèn kang dipigunakaké kanggo influenza yaiku epidemic catarrh, grippe (saka basa Prancis, pisanan dipigunakaké déning Molyneaux nalika taun 1694), sweating sickness, lan mriyang Spanyol (mligi ing galur flu pandemi 1918).

Pandemi

Tandha-tandha influenza manungsa dijlèntrèhaké kanthi cetha déning Hippocrates kurang luwih 2.400 taun kapungkur. Sanajan virus katoné njalari epidemi sadawané sajarah manungsa, data historis ngenani influenza angèl kanggo diinterprétasikaké, amarga gejalané bisa sakrupa karo tandha-tandha lelara ambegan liyané. Lelara iki mungkin wis nyebar saka Éropah menyang Amérika nalika kolonisasi Amérika déning wong-wong Éropah; amarga mèh kabèh warga Antilles mati déning epidemi kang mèmper karo influenza kang nyebar nalika taun 1493, sawisé tekané Christopher Columbus.

Lapuran pisanan kang nyakinaké ngenani pandemi influenza yaiku wabah nalika taun 1580, kang awalé ing Ruslan lan nyebar menyang Éropah liwat Afrika. Ing Roma, punjul 8.000 wong mati, lan sapérangan kutha Spanyol mèh kabèh cures. Pandemi terus lumaku kanthi sporadis tekan abad ka 17 lan 18, kanthi pandemi 1830-1833 kang mligi nyebar kanthi wiyar; pandemi mau nginfèksi kurang luwih saprapat saka warga kang kapapar.

Wabah kang paling misuwur lan paling matèkaké yaiku pandemi flu 1918 (pandemi flu Spanyol) (influenza jinis A, subtipe H1N1), kang dumadi antarané taun 1918 tekan 1919. Ora dikawruhi kanthi cetha sapira akèhé pati kang ditimbulaké, nanging prakirané watara 20 nganti 100 yuta wong. Pandemi iki diarani “pambantéyan médhis gedhé dhéwé sajeroning sajarah” lan mungkin wis matèni wong padha akèhé karo Pepati Ireng. Angka pepati kang gedhé banget iki disebabaké déning tingkat infèksi kang dhuwur banget ngancik 50% lan tingkat tandha-tandha kang abot banget, dinuga disababaké déning badai sitokin. Tandha-tandha flu nalika taun 1918 ora biyasa banget nganti influenza ing awalé salah didiagnosis minangka mriyang dengue, kolera, utawa uga mriyang tifoid. Sawijining pangamat nulisaké, “Salah sawijining komplikasi kang paling abot yaiku panggetihan saka selaput lendhir, mligi saka irung, lambung, lan usus. Panggetihan saka kuping lan panggetihan petechia uga dumadi.” Mayoritas pepati disababaké déning pneumonia bakterial, infèksi sékundhèr kang ditimbulaké déning influenza, nanging virus uga matèni wong kanthi langsung, nimbulaké panggetihan masif lan edema paru.

Pandemi flu 1918 (pandemi flu Spanyol) bener-bener mandonya, malah nyebar tekan Kutub Lor lan Kapuloan Pasifik kang adoh. Lelara kang abot banget matèni watara 2 nganti 20% saka panandhang kang kainfèksi, ora kaya tingkat pepati epidemi flu kang lumrahé mung 0,1%. Tandha-tandha liya saka pandemi iki yaiku kedadèyan iki sapérangan gedhé matèni wong diwasa enom, kanthi 99% pepati pandemi influenza dumadi ing wong-wong kanthi umur sangisoré 65, lan punjul setengahé umur 20 tekan 40 taun. Iki ora biyasa amarga influenza lumrahé paling matèkaké ing umur enom banget (sangisoré umur 2 taun) lan ing umur tuwa banget (sandhuwuré 70 taun). Mortalitas total saka pandemi 1918-1919 ora dikawruhi, nanging diprakirakaké watara 2,5% nganti 5% saka kabèh populasi donya wis mati amarga flu iki. Akèhé 25 yuta mungkin wis mati sajeroning 25 minggu pisanan; minangka tetimbangan, HIV/AIDS wis matèni 25 yuta panandhangé sajeroning 25 taun pisanan.

Pandemi flu kang dumadi sabanjuré ora duwé dampak gedhé banget. Pandemi mau yaiku Flu Asia 1957 (jinis A, galur H2N2) lan Flu Hongkong 1968 (Tipe A, galur H3N2), nanging wabah kang luwih cilik iki malah matèni mayuta-yuta wong. Ing pandemi kang dumadi ing samburiné antibiotik wis sumadiya kanggo ngendhalèkaké infèksi sékundhèr lan iku wis mbiyantu ngurangi mortalitas tinimbang Flu Spanyol 1918.

Pandemi flu kang wis dikawruhi
Jeneng pandemi Wektu Pepati Tingkat pepati Subtipe kang duwé peran Tingkat Aboté Pandemi
Flu (Ruslan) Asia 1889–1890 1 yuta 0,15% kamungkinan H3N8 NA
Pandemi flu 1918
(Flu Spanyol)
1918–1920 20 nganti 100 yuta 2% H1N1 5
Flu Asia 1957–1958 1 nganti 1,5 yuta 0,13% H2N2 2
Flu Hong Kong 1968–1969 0,75 nganti 1 yuta <0,1% H3N2 2
Pandemi flu 2009 2009–2010 18.000 0,03% H1N1 NA

Virus influenza pisanan kang kasil diisolasi asalé saka unggas, nalika taun 1901 agèn kang nimbulaké lelara kang diarani “fowl plague” diliwataké lumantar filter Chamberland, kang duwé pori kang ukurané cilik banget kanggo diliwati déning bakteria. Etiologi influenza, famili virus Orthomyxoviridae, pisanan tinemu ing babi déning Richard Shope nalika taun 1931. Panemon iki banjur diumiluni déning isolasi virus saka manungsa déning saklompok panaliti kang dipanggedhèni déning Patrick Laidlaw saka Konsili Panalitèn Brtainia Raya nalika taun 1933. Nanging, nalika taun 1935, nalika Wendell Stanley pisanan ngristalisasikaké tobacco mosaic virus, sipat non sélulèr saka virus dikawruhi.

Laku signifikan pisanan sajeroning nyegah influenza yaiku dikembangaké vaksin virus mati kanggo influenza nalika taun 1944 déning Thomas Francis, Jr.. Iki wujud perkembangan saka karya Frank Macfarlane Burnet, sawijining wong Australia, kang nuduhaké yèn virus bakal kélangan virulènsiné nalika dhèwèké dikultur sajeroning endhog pitik kang wis dibagi. Aplikasi saka temon iki déning Francis mungkinaké dhèwèké lan tim panalitiné ing Universitas Michigan kanggo ngembangaké vaksin influenza pisanan, kanthi panjurung saka Angkatan Bersenjata Amérikah Sarékat. Dinas Katentaraan duwé katerlibatan ing panalitèn iki amarga pengalaman ing influenza nalika Perang Donya I, nalika èwonan wadya mati déning virus sajeroning étungan sasi. Dibandhingaké karo vaksin, perkembangan obat anti-influenza luwih alon, kanthi diwetokaké lisènsi amantadine nalika taun 1966, lan mèh telung puluh taun sabanjuré, golongan obat sabanjuré (inhibitor neruaminidase) dikembangaké.

Masarakat lan kabudayan

Influenza nimbulaké beban béya langsung amarga ilangé prodhuktivitas lan béya pangobatan mèdhis kang diakibataké, lan uga béya ora langsung wujud laku-laku prévèntif. Ing Amérikah Sarékat, influenza duwé tanggung jawab kanggo total beban gedhéné punjul 10 yuta dollar per taun, sauntara wis diprakirakaké yèn pandemi ing mangsa ngarèp bisa nimbulaké tuna atusan yuta dolar sajeroning wangun beban langsung lan ora langsung. Nanging, dampak ékanami saka pandemi kang sadurungé durung disinaoni kanthi intènsif, lan sapérangan panulis wis nduga yèn influenza Spanyol sabeneré duwé èfèk jangka dawa positif ing patuwuhan pendapatan per-kapita, sanajan ana pamudhunan kang gedhé ing populasi punggawa lan èfèk déprèsi jangka cendhak kang abot. Panalitèn liya wis ngupaya kanggo mrédhiksi beban béya saka sawijining pandemi kang padha aboté karo flu Spanyol 1918 ing ékanami Amérikah Sarékat, ing endi 30% saka kabèh punggawa dadi lara, lan 2,5% ngalami pati. Angka lelara watara 30% lan suwéné lelara watara telung minggu bakal ngedhunaké prodhuk dhomèstik bruto gedhéné 5%. Beban tambahan bisa muncul saka pangobatan mèdhis saka 18 yuta nganti 45 yuta wong, lan beban ékanami kabèh bakal dadi kurang luwih 700 yuta dolar.

Béya pancegahan uga dhuwur. Pamaréntah ing saindhenging donya wis ngentèkaké mayuta-yuta dolar Amérika sajeroning persiapan lan parencanaan sajeroning ngadhepi kamungkinan pandemi flu manuk H5N1, kanthi beban béya kang magepokan karo panukonan obat lan vaksin lan uga ngembangaké latihan bencana lan strategi sajeroning ngundhakaké pangawasan wewatesan. Pada 1 November 2005, Présidhèn Amérikah Sarékat George W. Bush mengeluarkan the National Strategy to Safeguard Against the Danger of Pandemic Influenza (Strategi Nasional kanggo Ngreksa Bebaya Pandemi influenza) kang dijurung déning panjaluk dana marang kongrès gunggungé 7,1 yuta dollar kanggo miwiti implemèntasi rencana mau. Ing donya internasional, ing tanggal 18 Januari 2006, nagara-nagara danar wis janji kanggo nyumbang 2 yuta dolar kanggo merangi flu manuk ing Konferènsi Prajanjian Internasional ngenani influenza Unggas lan Manungsa (International Pledging Conference on Avian and Human Influenza) kang ditindakaké suwéné rong dina ing Cina.

Sajeroning pambijian pandemi H1N1 2009 ing nagara-nagara kapilih ing wilahan bumi pérangan kidul, data nuduhaké yèn kabèh nagara ngalami dampak sosio/ékanami sajeroning wates wektu lan/utawa géografis tartamtu lan pamudhunan sauntara sajeroning kapariwisataan kang mligi disababaké déning kewedèn bakal lelara H1N1 2009. Isih awal banget kanggo nemtokaké apa pandemi H1N1 wis nimbulaké dampak ékanami jangka dawa.

Panalitèn

Influenza 
Dr. Terrence Tumpey mriksa virus flu Spanyol 1918.

Panalitèn ing influenza nyakup panalitèn ing virologi molekulèr, kepriyé virus nimbulaké lelara (patogenesis), rèspon imun inang, génom virus, lan kepriyé panyebaran virus (epidemiologi). Panalitèn iki mbiyantu pangembangan laku nangkal influenza; contoné, pamahaman kang luwih becik ngenani rèspons sistem imun awak mbiyantu pangembangan vaksin, lan gambaran kang dhetil ngenani kepriyé influenza nyerang sèl mbiyantu dikembangaké obat-obat antivirus. Salah siji program panalitèn dhasar kang paling wigati yaiku Influenza Genome Sequencing Project (Proyèk panemton urutan génom influenza), kang nyiptakaké pustaka (pratélan kumpulan) sékuèns (gèn) influenza; pustaka iki bisa mbiyantu nemtokaké faktor endi kang gawé sawijining galur luwih matèkaké tinimbang galur liyané, gèn endi kang paling mangaruhi imunogenisitas, lan kepriyé virus évolusi saka wektu menyang wektu sabanjuré.

Panalitèn vaksin anyar wigati banget, amarga vaksin kang sumadiya saiki alon banget lan larang kanggo diprodhuksi lan kudu diformulasi ulang saben tauné. Panemton urutan (sequencing) saka génom influenza lan tèknologi DNA rékombinan bisa nyepetaké tinemu galur vaksin anyar kanthi mungkinaké panaliti ngganti antigèn anyar ing galur vaksin kang wis dikembangaké sadurungé. Tèknologi anyar uga nembé dikembangaké kanggo nuwuhaké virus ing kultur sèl, kang njanjèkaké angka prodhuksi kang luwih dhuwur, béya kang luwih asor, kualitas kang luwih apik lan surge capacity kang luwih apik. Panalitèn ing vaksin influenza A universal, kang dituduhaké ing domain èksternal saka protéin M2 transmémbran virus (M2e), nembé ditindakaké déning University of Ghent déning Walter Fiers, Xavier Saelens, lan klompoké lan saiki wis kasil ngliwati uji klinis fase 1.

Sapérangan biologic, vaksin lan imunobiologic terapeutik uga nembé ditliti kanggo nambani infèksi kang disebabaké déning virus. Biologi terapeutik dirancang kanggo ngaktivasi rèspon imun tumrap virus utawa antigèn. Lumrahé biologic ora nargètaké jalur métabolik kaya déné obat-obat antivirus, nanging ngrangsang sèl imun kaya déné limfosit, makrofag, lan/utawa antigen presenting cells kanggo mènèhi rèspon imun tumrap èfèk sitotoksik marang virus. Modhèl influenza, kaya déné influenza mencit (murine influenza) wujud modhèl kang apik kanggo dipigunakaké kanggo nguji èfèk biologic profilaksis lan terapeutik. Contoné Lymphocyte T-Cell Immune Modulator nyandhet patuwuhan virus ing modhèl influenza mencit.

Infèksi ing kéwan liya

Influenza nginfèksi akèh spésiès kéwan, lan transfer galur virus antar spésiès bisa dumadi. Unggas dinuga wujud inang kéwan utama saka virus influenza. Nembelas wangun hémagglutinin lan sanga wangun néuraminidase wis diidhèntifikasi. Kabèh subtipe kang wis dikawruhi (HxNy) tinemu ing unggas, nanging akèh subtipe endemik ing manungsa, asu, jaran, lan babi; populasi onta, garangan, kucing, asu laut, cerpelai (mink) lan iwak lodan uga nuduhaké bukti-bukti infèksi utawa paparan tumrap influenza. Varian saka virus flu sok-sok dijenengi miturut spésiès ing endi galur mau endemik utawa adhaptasi. Varian utama saka jeneng-jeneng kang migunakaké konvènsi iki yaiku: flu unggas, flu manungsa, flu babi, flu jaran, lan flu asu. (Flu kucing lumrahé ngrujuk marang rhinotracheitis virus kucing utawa Feline calicivirus lan dudu wujud infèksi kang asalé saka virus influenza.). Ing babi, jaran, lan asu, tandha-tandha influenza sarupa karo ing manungsa, mawa watuk, mriyang, lan kéhalangan nepsu mangan. Frékuènsi lelara iki ing kéwan ora disinaoni padha apiké ing infèksi marang manungsa, nanging wabah influenza ing asu laut pelabuhan nimbulaké kurang luwih 500 patiné asu laut ing pasisir New England nalika taun 1979-1980. Ing sisih liya, wabah ing babi asring dumadi lan ora nimbulaké angka pepati kang abot.

Flu unggas

Tandha-tandha flu ing unggas manéka lan mungkin ora spésifik. Tandha-tandha kang ngetutaké infèksi flu unggas kanthi patogenesitas kang asor bisa wujud wulu kang morak-marik, pamudhunan cilik sajeroning prodhuksi endhog, utawa pamudhunan bobot awak dikombinasikaké karo lelara ambegan ènthèng. Amarga tandha-tandha kang ènthèng iki bisa gawé diagnosis ing lapangan dadi angèl, ngetutaké panyebaran flu unggas merlokaké uji laboratorium saka sampel kang asalé saka unggas kang kainfèksi. Sapérangan galur kaya déné H9N2 Asia virulèn banget marang kéwan ingon unggas lan bisa nimbulaké tandha-tandha kang luwih èkstrém lan mortalitas kang signifikan. Ing wangun kang paling patogenik, influenza ing pitik lan kalkun nimbulaké munculé tandha-tandha ndadak lan pepati mèh 100% sajeroning rong dina. Amarga virus nyebar kanthi rikat ing kaanan kang padhet kaya déné ing paternakan intènsif pitik lan kalkun, wabah iki bisa nimbulaké dampak ékanami kang gedhé kanggo paternak unggas.

Galur H5N1 kang wis adhaptasi marang unggas lan patogèn banget (diarani HPAI A(H5N1), cekakan saka "highly pathogenic avian influenza virus of type A of subtype H5N1") nimbulaké flu H5N1, kang lumrahé ditepungi minangka flu unggas, utawa "flu manuk", lan endemik ing akèh populasi manuk, mligi ing Asia Kidul-wétan. Galur turunan Asia saka HPAI A (H5N1) nyebar kanthi global. Epizootik (epidemi ing makluk urip dudu manungsa) lan panzootik (lelara kang ngenani kéwan saka akèh spésiès, mligi sajeroning wewengkon kang wiyar banget), wis matèni puluhan yuta unggas lan njalari pepati disengaja atusan yuta unggas liya sajeroning upaya kanggo ngendhalèkaké panyebarané. Sapérangan gedhé réferènsi ing médhia marang “flu manuk” lan sapérangan gedhé réferènsi marang H5N1 yaiku ngenani galur spésifik iki.

Saiki, HPAI A(H5N1) wujud lelara unggas, lan ora ana bukti kang nuduhaké panularan kang èfisièn manungsa-marang-manungsa saka HPAI A(H5N1). Ing mèh kabèh kasus, wong-wong kang kainfèksi wis ngalami kontak fisik kang èkstènsif karo unggas kang kainfèksi. Ing mangsa ngarep, H5N1 bisa mutasi utawa ngalami réassortment dadi galur kang mampu ditularaké antar manungsa kanthi èfisièn. Owah-owahan kang diperlokaké nganti iki dumadi durung dikawruhi kanthi becik. Nanging, amarga dhuwuré angka pepati lan virulènsi H5N1, kaanan endemiknya, lan inang réservoir biologis kang gunggungé gedhé lan tansaya tambah, virus H5N1 wujud ancaman pandemi donya ing mangsa flu taun 2006-07, lan milyaran dolar wis diklumpukaké lan dientèkaké sajeroning nliti H5N1 lan ngrencanakaké kanggo kamungkinan pandemi influenza.

Flu babi

Ing babi, influenza babi nimbulaké mriyang, awak lemes, wahing, watuk, kangèlan ambegan, lan pemudhunan nepsu mangan. Ing sapérangan kasus infèksi bisa nimbulaké aborsi. Sanajan mortalitas lumrahé asor, virus bisa nimbulaké pamudhunan bobot awak lan patuwuhan kang ala, nimbulaké dampak karugèn ékanami kanggo para paternak. Babi kang kainfèksi bisa ngalami kélangan bobot watara 12 pon bobot awak sajeroning jangka wektu 3 nganti 4 minggu.

Nalika taun 2009, galur virus H1N1 kang asalé saka babi, kang asring diarani “flu babi” njalari pandemi flu 2009, nanging ora ana bukti yèn virus iki èndemik ing babi (temenan wujud flu babi) utawa bisa nular saka babi menyang manungsa, nanging virus iki nyebar saka manungsa-marang-manungsa. Galur iki wujud réassortment saka sapérangan galur H1N1 kang lumrahé tinemu kanthi kapisah, ing manungsa, unggas, lan babi.

Cathetan sikil

Wacan terusan

Pranala njaba

Tags:

Influenza KlasifikasiInfluenza Tandha lan tandha-tandhaInfluenza MekanismeInfluenza PanyegahanInfluenza PangobatanInfluenza PrognosisInfluenza EpidemiologiInfluenza SajarahInfluenza Masarakat lan kabudayanInfluenza PanalitènInfluenza Infèksi ing kéwan liyaInfluenza Cathetan sikilInfluenza Wacan terusanInfluenza Pranala njabaInfluenzaFamiliMamaliaOrthomyxoviridaeUnggasVirusWatuk

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Blilu tau pinter durung nglakoniIsopodaLondonSetatsiyun Semarang TawangISO 3166-1Suriname875Astra InternationalMesinBima (paraga Mahabharata)Martha Christina TiahahuSimpoaYoyok Riyo SudibyoElipsNeurologi1953Golèk banyu beningSetatsiyun sepurLionel MessiChairil AnwarJeff BezosSabak digitalArgonEdinburghSiputJohn von NeumannGaman nuklirIrakMuhammad bin Idris asy-Syafi`iAncient Symbols (blok Unicode)Pola1574Alex FergusonRamaDonald TrumpBiografiManganBale Sigala-galaLadrangKéwan gegremetanADO Den Haag10 JanuariPangkurRebabISBNSinarmas GroupIndonésiaKaisarKolombiaZeusFilem pornoStade de FranceFosforWétan Tengah1555Universitas StanfordPecelCumbanaSepi ing Pamrih Ramé ing GawéSajarah PrancisPananggalan JawaBanggaladésaGancaranIwak maburAlfabèt fonètis NATONurwègenBermudaMagdalena AnderssonTembung wodOstenrikHypertext markup languageAsuSinomTedhak sitèn🡆 More