Tahu Sumedang: Panganan khas Indonésia

Tahu Sumedhang ya iku tahu kas kang asalé saka laladan Sumedang, Jawa Kulon.

Tahu iki digawé saka kréativitas bojoné Ongkino. Wong wadon iki kang duwé pamikiran kang sepisanan kanggo nggawé Tou Fu (saka basa Tionghoa, Hokkian "tau hu", kang tegesé padha. Jeneng iki banjur owah dadi tahu.

Tahu Sumedang: Panganan khas Indonésia
Tahu Sumedang
Tahu Sumedang: Panganan khas Indonésia
Tahu Sumedang ing kranjang rotan

Taun ganti taun, Ongkino lan bojoné terus nggawé lan dadi pengusaha tahu sumedhang. Ing taun 1917 anak tunggal Ongkino kang jenengé Ong Bung Keng nyusul wong tuwané ing Sumedhang. Keng banjur nutugaké usaha tahu sumedhang iki. Keng nutugaké pangudiné wong tuwané nganti umur 92 taun sadurungé dhèwèké mati. Tahu sumedhang kang wis misuwur nganti saiki uga duwé carita mistik. Carita iki dicaritaké Suryadi, dhèwèké putuné Ongkino. Critané nalika taun 1928 panggonan usaha mbah buyuté iki ditekani Bupati Sumedhang kang jenengé Pangeran Soeria Atmadja kang lagi liwat nalika arep lunga menyang Situraja. Ing carita iki Bupati Sumedhang numpak dhokar.

Tahu kalebu panganan kang ngandhut protéin kang akèh amarga tahu digawé saka dhelè kuning kang ngandhut protéin nabati. Protèin migunani kanggo nambah dhuwur ing awak mligi kanggo bocah-bocah. Tahu sumedhang digawé saka dhelè. Dhelè direndhem nganti mekar, banjur digiling karo banyu. Saka dhelè kang digiling iki banjur diasilaké aci kang bakalé digodhog ing bak gedhé kanthi suhu kang dhuwur. Asil godhogan aci banjur disaring lan direndhem ing bilang kang digawé saka cuka lan banyu. Bilang kang wis digodhog banjur disèlèhaké kurang luwih limang menit. Banyu sisa rendheman banjur dicidhuk lan dibuwang. Olahan tahu banjur dicithak ing wadhah kang diarani papan lan dijarké pirang-pirang menit. Olahan tahu kang wis dicithak banjur diiris lan direndhem ing bak gedhé kang isiné banyu uyah. Sawisé iku tahu sumedhang siyap digoréng.

Cathetan suku


Tags:

Basa TionghoaJawa KulonKabupatèn SumedangTahu

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Olah-olahSurat Ali ImranPersija JakartaTogorNurwègenTok PisinPitulungMadrimYusril Ihza MahendraGunung SlametꦱꦱꦶGathotkacaWong SimalungunLaskar PelangiAndra and The BackBoneDiego MaradonaISBNSpanyolDele AlliBenny LinPulo MaduraBaladéwaIbnu SutowoGita WirjawanParamitha RusadyWikiquoteSagittariusCitra KiranaJawa WétanAksara CarakanMia KhalifaKalikuning, Tulakan, PacitanPanganan sekolahFormaldehidaGunung PatuhaGunung RinjaniAllah22 JuniPraja ing Amérika SarékatShinobiSakuntalaAhmad DahlanRiauYamaha L2 SuperMakauRicardo SalampessyDhini AminartiKoréa KidulUniversal Music GroupJambuRama TambakJatiasih, BekasiIdul FitriHabib Muhammad Luthfi bin YahyaIdris Elbaꦄꦏ꧀ꦱꦫꦕꦫꦏꦤ꧀ÉropaBulusBasa JawaIbnu KhaldunAl CaponeKembang apiBimasektiVenusGuti HernandezPratélan désa ing NurwègenMichelle ObamaRuud van NistelrooyGunungPawadonanMeteorHa (aksara Jawa)Uni ÉropaCoursera🡆 More