Cèt banyu iku cara nglukis nganggo cèt kang digawé saka pigmèn kang dienepaké ing larudan kang akèh kandhutan banyuné.
Cèt banyu uga kanggo ngarani médhia lan karya kang digawé saka bahan iku.
Bahan kang lumrah digunakaké nglukis iku kertas. Liyané kang uga bisa digunakaké ya iku lontar, dluwang, plastik, vélum, kulit, kain, kayu lan kanvas. Kertas cèt banyu kerep digawé wutuh utawa sapérangan saka katun, kang mènèhi tèktur apik lan minimalaké dhistorsi nalika teles. Lukisan kang lumrahé sumrawang lan gumilar amarga pigmèn minangka kaanan alami kang nyamaraké warnaning pigmèn. Lukisan uga bisa digawé burem yèn diwènèhi warna putih cina (zinc oxide).
Ing Asia Wétan, lukisan cèt banyu kang nganggo mangsi aran lukisan gulung. Ing Cina, Koréyah, lan Jepang, lukisan iku dadi médhia umum, kerep mung sawarna ireng utawa soklat.[butuh klarifikasi] India, Éthiopia, lan nagara-nagara liyané uga duwé kalumrahan nganggo cèt banyu kang dawa. Lukisan tangan nganggo cèt banyu asalé saka Cina dharatan.
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Cèt banyu, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.