Jangka Sorong

Jangka sorong ya iku piranti kanggo ngukur dawa, kandel, jeruné bolongan, lan dimeter jaba sajeroning barang kanti batas ketelitian 0.1 mm.

Jangka sorong duwé 2 rahang, ya iku rahang tetep lan rahang sorong. Ing rahang tetep ana skala utama lan rahang sorong ana skala nonius utawa skala vinier. Skala nonius iki dawané 9mm kang kapérang dadi 10 skala kanti ketelitian 0.1 mm. Asil pangukuran kanti jangka sorong ditentokaké andhedhasar angka ing skala utama (angka pasti) ditambah angka ing skala nonius kang diétung saka 0 nganti garis skala nonius kang mèmpèt karo garis skala utama.

Jangka Sorong
Jangka sorong manual
Jangka Sorong
Cara migunakaké jangka sorong

Pérangan

Pérangan-pérangan Jangka Sorong / Caliper ya iku:

  • Untu jaba

Pérangan iki fungsiné kanggo ngukur pérangan salah sijiné barang kanti cara diapit.

  • Untu jero

Pérangan iki fungsiné kanggo ngukur pérangan jero salah sijiné barang kanti cara diulur (misalé: blongan pipa).

  • Ngukur kejeruan

Pérangan iki fungsiné kanggo ngukur salah sijiné bolongan/celah salah sijiné barang kanti cara nancepaké pérangan pengukur.

  • Ukuran utama

Pérangan iki fungsiné kanggo maca asil pangukuran sajeroning ékan cm kanggo vèrsi kang analog.

  • Ukuran sekundèr

Pada karo ukuran utama anaging kanti ékan inch.

  • Patokan maca skala utama

Fungsiné minangka patokan maca skala kanti ékan cm.

  • Patokan maca skala sekunder (inch)

Fungsiné minangka patokan maca skala kanti ékan inch.

  • Kanggo mandekaké utawa nglancaraké gèsèran pangukuran.

Minangka piranti ukur, mestiné piranti iki duwé kecenderungan obah saka skala sak mestiné. Saéngga wigati dilakokaké kalibrasi saéngga asil pangukuran kang dilakokaké kanti jangka sorong tetep akurat.

Cara kerjané

  • Ngukur Diamèter Jaba Barang

Cara ngukur diamèter, amba utawa kekandelan barang: Putera pengunci ing arah kiwa, bukak rahang, lebokaké batang ing rahang ngisor jangka sorong, gèsèr rahang supaya rahang pas ing barang mau, putar kunci ing arah tengen.

  • Ngukur Diamèter Jero Barang

Cara ngukur diamèter pérangan jero salah sijiné pipa utawa tabung: Putera pengunci ing arah kiwa, lebokaké rahang dhuwur marang jero barang mau, gèsèr supaya rahang pas ing barang, puter pengunci marang arah tengen.

  • Ngukur Jeruné Barang

Cara ngukur jeruné barang: Putera pengunci ngiwa, bukak rahang sorong nganti pucuk lancip ngemèk pojok ngisor tabung, puter pengunci nengen.

Conto cara kerjané

Ing ngisor iki conto cara kerjané jangka sorong, wondéné barang kang dicoba ya iku spidol.

  1. Delenga posisi angka nol ing skala nonius marang skala utama.
  2. Golèka garis skala nonius kang dèmpèt karo skala utama.
  3. Ukura dawa spidol kanti migunakaké jangka sorong.
  4. Banjur, ukur uga diameter bolongan spidol.
  5. Banjur, jeruné bolongan spidol.
  6. Lan itung uga diamètér.
  7. Balèni latihan mau nganti kaping 5 supaya mikolèh katelitian.

Cathetan sikil

Jinis

  • Jangka sorong digital
  • Jangka sorong analog

Delenga uga

  • Jangka
  • Piranti ukur

Tags:

Jangka Sorong PéranganJangka Sorong Cara kerjanéJangka Sorong Conto cara kerjanéJangka Sorong Cathetan sikilJangka Sorong JinisJangka Sorong Delenga ugaJangka Sorong

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Ma Dong-seokWukuIShowSpeedWalang sangitNoe LettoJangan lodhèhSurat LuqmanHidrogenꦲꦂꦥBal-balanSarungAtomKembenSunan GiriGravitasiWessexDakronTembung sesulihBismaSinomKetoprak (panganan)Filem pornoSoehartoSelena GomezKim Tae-heeRante MasAgus Harimurti YudhoyonoOtto IskandardinataKuwé pancong2008Kutha NgayogyakartaChicago, IllinoisBèsèkKuwé kepithingGunung PrauZeusKangen Band (Grup Musik)Tembung krama inggilSèngChrisyeXiaomiUdohVia VallenHeather StormJurnalistikSufismePersija JakartaEgy Maulana VikriSandi morseCublak-cublak suwengꦕꦸꦏ꧀ÈsKatèsBèkelanAkhdiyat Duta Modjo (Sheila On 7)Panganan saka Jawa TengahKleponOmah LimasanWesiWhatsAppMaskumambangSemarGlenn FredlyB-2 SpiritTèknologi informasiGambyong pareanomGiri Lusi Janma Tan Kena KiniraKaskusWektu Universal KakoordhinasiUpacara tingkebanÉjakulasiSetu🡆 More