Basa Jepang: Basa

Basa Nippon (basa Jepang) (Aksara Jawa: ꦧꦱꦤꦶꦥ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀ ꧈ ꦧꦱꦗꦼꦥꦁ ) rungokna (pitulung·info) (日本語; romaji: Nihongo) iku nagarabasa ing Nippon lan cacahing panyatur 127 yuta wong.

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Jepang
日本語 [Nihongo]
Dituturaké ing Jepang, Guam, Kapuloan Marshall, Palau, Taiwan
Wilayah Asia Timur, Oseania
Gunggung panutur 127 juta
Ranking 8
Rumpun basa Ora diklasifikasi

 Jepanik
  Jepang

Status resmi
Basa resmi ing Jepang (de facto), Angaur (Palau)
Regulated by Pamaréntah Jepang
Kodhe basa
ISO 639-1 ja
ISO 639-2 jpnCithakan:Infobox Language/SIL14
ISO 639-3

Basa Nippon uga dipigunakaké déning sawatara sing ndunungi nagara sing tau ditelukake kaya Korya lan Républik Cina. Basa iki uga bisa dirungokaké ing Amérika Sarékat (Keliforn'yah lan Haway) lan Brasil lantaran pindhahing wong Jepang mrana. Nanging, tedhak turuning wong Jepang sing diarani nisei (二世, angkatan kaloro), wis ora wasis basa mau.

Basa Jepang kapérang rong wangun ya iku Hyoujungo (標準語), carabasa baku, lan Kyoutsugo (共通語), carabasa lumrah. Hyoujungo iku wangun sing diajaraké ing sekolah lan dipigunakaké ing télépisi lan kabèh kaanan resmi.

Aksara Swara

Basa Jepang: Aksara Swara, Tulisan basa Nippon, Kanah 

Basa Nippon duwé limang aksara swara ya iku /a/, /i/, /ɯ/, /e/, dan /o/.

Carawaca swara basa Jepang iku kaya mangkene

  • /a/ yaiku swara a miring kaya ''mlumah''
  • /i/ yaiku swara i jejeg kaya "iku"
  • /ɯ/ yaiku swara ü ameh padha u jejeg kaya ''mlaku"
  • /e/ yaiku swara e jejeg kaya "gule''
  • /o/ yaiku swara o jejeg kaya "omah"

Tulisan basa Nippon

Tulisan basa Nippon asalé saka tulisan basa Cina (漢字/kanji) sing diwanuhaké ing abad kaping papat Masehi. Sadurungé iku, wong Jepang ora duwé tatalaku (Ind: sistem) tulisan dhéwé.

Tulisan Jepang kapérang telu:

  • aksara Kanji (漢字) sing asalé saka Cina
  • aksara Hiraganah (ひらがな) lan
  • aksara Katakanah (カタカナ); kaloroné unsur saka tulisan kanji lan dikembangaké ing abad kaping wolu Masehi déning juru agama Buda kanggo mbiyantu nuduhake carawaca aksara-aksara Cina.

Kaloro aksara pungkasan iku lumrah ingaran kanah lan kaloroné kena prabawa swarajati basa Sangsekreta. Prabawa iki isih bisa dideleng sajeroning urutaning aksara Kanah. Saliyané iku, ana uga sistem alihaksara sing ingaran romaji.

Basa Nippon sing kita wanuhi saiki iki, ditulis nganggo campuran aksara Kanji, Hiraganah, lan Katakanah. Kanji dianggo kanggo nyatakaké teges dhasar saka tembung (wujud tembung aran, tembung kriya, tembung kahanan, utawa tembung sandhangan). Hiraganah ditulis sawisé kanji kanggo ngowahi teges dhasar saka tembung mau, lan ngetrapake karo paugeran paramasastra basa Nippon.

Kanah

Aksara Hiraganah lan Katakanah (kanah) duwé urutan kaya ing ngisor iki, nduwé 46 set aksara. Kaloroné (Hiraganah lan Katakanah) ora duwé teges apa-apa saka awake dhewe kaya déné aksara sajeroning Basa Indonésia lan namung nglambangaké sawijining uni katamtu. Sanadyan, ana uga tembung-tembung sajeroning basa Nippon sing dumadi saka sawanda kaya ta: 目 me (mata), 木 ki (wit), 二 ni (loro), lsb. Aksara iki diajaraké ing tataran durung wiyata (TK) ing Nippon.

Pranala njaba

Basa Jepang: Aksara Swara, Tulisan basa Nippon, Kanah 
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Basa Jepang ing KamusWiki.
Basa Jepang: Aksara Swara, Tulisan basa Nippon, Kanah 
Wikibooks
Wikibooks gadhah buku kanthi sesirah

Tags:

Basa Jepang Aksara SwaraBasa Jepang Tulisan basa NipponBasa Jepang KanahBasa Jepang Pranala njabaBasa JepangBarkas:Ja-nihongo.oggBasa resmiJa-nihongo.oggJepangNgenani wuni ikien:Wikipedia:Media help

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

KucingBlilu tau pinter durung nglakoniGunung PrauMihrabSepi ing Pamrih Ramé ing GawéSiputCitilinkAlyssa SoebandonoParibasanKuwé pancongyogaSiramanRahwanaAtomRembulanTom CruiseTembung tanggapSintaPatih SuwandaSasraningratAksara CarakanRépublik Rakyat CinaGajah ngidak rapahRamaSutomoEmha Ainun NadjibMa Dong-seokKunirMijilSandy WalshWikipédia basa JawaBarakudaMartha TilaarJeff BezosGunung IjenWadhukBauwarnaIShowSpeedGunung RaungDenny CaknanLangitÈsImam BonjolLionel MessiPurwakanthiSunan AmpèlZlatan IbrahimovićMaulana Malik IbrahimGanjar PranowoAntarejaSoto BangkongPersija JakartaWeightlifting Fairy Kim Bok-jooYupiterMoskouKim Soo-HyunPetualangan sherinaAndalimanGajah MadaGalileo GalileiSalman bin Abdul-Aziz Al SaudSurat Ali ImranKendhangJangan lodhèhKriptonSerat CenthiniSepur Gaya Baru Malam SelatanGathotkacaDilraba DilmuratHotman Paris HutapeaBillie EilishBèkelanPedhotanSurat Al QadrJamur merang🡆 More