Andhès

Pagunungan Andes (Basa Quechua, anti, jènggèr dhuwur) iku pagunungan paling dawa ing donya kang mbentuk rangkéyan dhataran dhuwur sadawané pasisir kulon Amérika Kidul.

Pagunungan iki dawané punjul 7.000 km, ambané tekan 500 km ing sapérangan nggon (paling amba ing 18° tekan 20° LS), lan duwé kadhuwuran rata-rata watara 4.000 m. Pagunungan iki mbentang liwat pitung nagara: Argentina, Bolivia, Chili, Kolombia, Ekuador, Peru, lan Venezuela, kang sok karan "Nagara-Nagara Andean" (Andean States).

Andhès
Pagunungan Andes mbentuk rangkéyan pagunungan paling dawa ing donya
Andhès
Cono de Arita, Salta (Argentina)
Andhès
Antizana, Ekuador

Rangkéyan pagunungan Andes mligi kapérang saka loro pagunungan gedhé Cordillera Oriental lan Cordillera Occidental, kang asring dipisahaké karo depresi antara kang njero, ing ngendi tumuli muncul rangkéyan pagunungan minor, kayataCordillera de la Costa ing Chili. Cordillera de la Costa awalé saka pojok kidul bawana lan terus ngalor, paralèl karo pasisir, kapecah dadi sapérangan pulo ing pérangan awalé lan sabanjuré mbentuk wates kulon lembah tengah gedhé Chili. Nuju arah lor, rangkéyan ing pasisir iki terus minangka rangkéyan pabukitan utawa bukit-bukit kapencil sadawané Samodra Pasifik nganti tekan Venezuela, kanthi menthi mbentuk lembah ing pérangan kulon rangkéyan gedhé.

Gunung paling dhuwur ing Andes ya iku Aconcagua kang dhuwuré 6.962 m dpl. Pucuk Chimborazo ing wewengkon Ekuador ya iku titik ing lumahing bumi kang paling adoh saka pusat bumi amarga anané gelembung khatulistiwa (equatorial bulge). Andes ora bisa madhani Himalaya ing prakara kadhuwuran, nanging nguwihi ing babagan amba lan tikel loro luwih dawa tinimbang Himalaya.

Pranala njaba


Tags:

Amérika KidulArgentinaBoliviaChiliEkuadorKolombiaPagununganPeruVenezuela

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Gibran RakabumingSega gorèngUyon-uyonSurat Ali ImranPariwaraDenny CaknanKebayoran Lama, Jakarta KidulCut Nyak DhienRonaldo KwatehAsmaaulhusnaKerisSurat An Nisaa’Sepur Jaka TingkirBella SaphiraMedia CirebonUpacara tingkebanNegara netralSintaGambang SulingKubismeSrabiPitikWhatsApp1986The ChangcutersWikramawardhanaAstinapuraKabupatèn KlungkungPanganan saka Jawa TengahBlogAdolf HitlerKethukAswatamaBal-balanMozambikDarius SinathryaZulkifli HasanChairul TanjungSurat Al 'AlaqNicholas SaputraRebabSurat Al Jumu’ahNurwègenRas KaukasoidSepongTal (topèng)Tembung ancer-ancerSunan Gunung JatiAndi Alfian MallarangengMahbub Herjunot AliSesorahÉgrangLuna MayaTapéAlisGunung PrauPark Ji-SungWeightlifting Fairy Kim Bok-jooꦥꦱꦃIPhoneSalat rawatibThe HeirsSamudra PasifikKali NilAngka JawaBremKodhokFabio CannavaroWayangꦠꦠꦃAksara JawaKresnaNgontragaké gunungTumpengBanjirꦲꦺꦴꦧꦶ🡆 More