Gunung: Palemahan kang gedhé dhuwur

Gunung iku salah sawijiné wangun lemah sing methungul luwih dhuwur tinimbang wewengkon saubengé.

Gunung lumrahé luwih dhuwur lan njulek tinimbang bukit. Nanging ana padhané ing pigunané gumantung saka adat lokal. Sapérangan pangrèh ndhèfinisikaké gunung kanthi pucuk punjul ukuran tinamtu; upamané, Ensiklopedia Britannica mbutuhaké kadhuwuran 2000 kaki (610 m) supaya bisa didhèfinisikaké dadi gunung. Déné miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), gunung yaiku bukit sing gedhé banget lan dhuwur (padatan dhuwuré punjul 600m). Sawijining gunung lumrahé kawangun saka obahing tèktonik lempeng, obahan orogenik utawa obahan epeirogenik.

Gunung: Prosès kawanguné gunung, Jinis Gunung, Deleng uga
Gunung Kinabalu, Borneo.

Prosès kawanguné gunung

Gunung kawangun amarga anané prosès gaya téktonik sing kadadèn ing jero bumi sing diarani orogènèsis lan èpirogènèsis. Ing prosès orogènèsis iki, sédhimèn sing kekumpul malih wujudé amarga éntuk gaya penet saka tubrukan lèmpèng téktonik. Prosès kawanguné gunung kadadèn miturut skala taun géologi antarané 45-250 yuta taun kapungkur. Tuladhané, pagunungan Himalaya sing kawangun saka 45 yuta taun kapungkur, déné pagunungan Appalache kawangun saka 450 yuta taun kapungkur.

Model kawanguné gunung ngalami telu tataran prosès, yaiku:

1. Akumulasi sèdimèn: lapisan-lapisan sèdimèn lan watu-watu vulkanik numpuk nganti jeroné pirang-pirang kilomèter.

2. Béntuk watu malih lan kerak bumi keangkat: sèdimèn sing kawangun mau ngalami déformasi amarga anané gaya komprèsi amarga tubrukan antarané lèmpèng-lèmpèng tèktonik.

3. Kerak bumi keangkat amarga obahé blok sésar: tubrukan antarané lèmpèng arep ngangkat sapérangan kerak bumi dadi lempitan luwih dhuwur saka saubengé saéngga kawangun gunung.

Jinis Gunung

Miturut garis gedhé, gunung dipérangaké dadi loro, yaiku gunung geni (gunung aktif) lan gunung ora aktif. Déné miturut wanguné, gunung dipérangaké dadi telu, yaiku gunung perisai, gunung strato, lan gunung maar.

Deleng uga

Cathetan sikil


Tags:

Gunung Prosès kawanguné gunungGunung Jinis Gunung Deleng ugaGunung Cathetan sikilGunungKBBI

🔥 Trending searches on Wiki Basa Jawa:

Tim nasional bal-balan NigeriaBasa JawaJeruk purutKaton BagaskaraGunung LawuSuriahCherrybelleAndra and The BackBoneꦥꦁꦒꦮꦺꦫꦺꦴꦠꦶGethukAlisSurat Al An’amDaai TVBoomerang (Grup Musik)Irfan BachdimKuwé natalDenadaAgnes MonicaCumbanaSinarmas GroupCharlize TheronMikrofilamènDinda KanyadewiTata SuryaHernán CrespoPitik cemaniKabiskopan NolaJeff BezosCacing kremiWalandaErling Haaland2004Hypertext markup languageKembang kertasFlipped (filem)James FrancoSurat An Nisaa’Idul FitriInsidhèn prau silem Titanadu jagoKlembakGudang garamGessopalenaWest Ham United F.C.Sunan MuriaSoto KudusGathotkacaStadion WembleyKucingMaudy AyundaGunung RaungAlda RismaBleachMaulana Malik IbrahimLadya CherylSambarAnies BaswedanSoehartoWayang kulitLiga Super IndonésiaPound sterlingMalik bin AnasKurenai YuhiDua Garis BiruMicrosoft WindowsKoranSato kéwanPowiat PłońskKabupatèn PurbalinggaAksara CarakanVidéoꦗꦮNathan Tjoe-A-On🡆 More