Islam (Arab: الإسلام, Carakan: ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀) iku agama kang paling akèh kang ngugemi ing Tanah Jawa.
Olèhé Islam sumebar kondhang nalika ing mangsa Walisanga, yaiku wali agama kang cacahé sanga. Tembung "wali" tegesé 'wakil'. Ing bab iki, tegesé wakilé Allah. Undhaké Islam laras karo sudané Indhu ing Jawa. Mangkonoa, agama Indhu isih akèh kang ngugemi ing Pulo Bali.
|
Salah siji karaton Islam ing Tanah Jawa kang kasil ngetrapke ajaran-ajaran Islam yaiku kraton Demak Bintara.
Ing basa Arab, Islam duwé arti pasrah awak lan uga sawijining Din (agama) kang tegesé pranatan utawa sistem (QS 3:83). Yèn dirunut asal-usule, tembung iki katedhak saka tembung kang padha karo salãm kang tegesé santosa (damai) lan asring dienggo ing panyapan bebrayan.
Wong kang sinebut muslim (wong kang ngenut agama Islam) iku wiwitane kudu percaya marang rong prakara, yaiku: nyeksèni yèn ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah lan percaya yèn Muhammad dadi caraka (utusan) Allah ing bumi kang pungkasan. Pranyatan iki kanthi nyebut kalimat sahadat yaiku asyhadu an laa ilaha illa-llahu wa asyhadu anna muhammada-r-rasulu-llahi (أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ) kang tegesé aku nyeksèni yèn ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah lan Nabi Muhammmad iku utusane Allah. Kabèh wong Islam kudu mangerteni lan netepi apa kang dikandut ana ing kalimat sahadat kang wis di ucapake mau.
Para ulama ngukuhaké yèn saben muslim kudu ngugemi 5 azas kang sinebut rukun Islam:
Muslim uga kudu percaya marang 6 prakara kang sinebut 6 Rukun Iman
Tembung tauhid iku asalé saka basa arab توحيد ateges nyawijèkaké. Ana ing bab aqidah Islam tauhid duwé teges nyawijèkaké Allah ana ing sak kabehe lelaku ngibadah. Para Ulama mbagi tauhid dadi telung warna yaiku: tauhid rububiyah, tauhid uluhiyah, lan tauhid asma wa sipat.
Muslim kudu percaya yèn Kuran iku pucuk lan panutup wahyu Allah kanggo manungsa. Ajaran iki didunake marang Muhammad kanthi caraka Malaékat Jibril. Yèn dirunut saka ngèlmu basa, Kuran iku tegesé "wewacan" utawa "kang diwaca bola-bali." Ukara iki saka qara'a kang tegesé "maca". Penganggo ukara iki bisa disumurupi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.
Wektu iki dikira-kira ana watara 1.250 yuta nganti 1,4 milyar umat Muslim kang kasebar ing saindhenging donya. Saka gunggung iku watara 18% urip ing nagara-nagara Arab, 20% ing Afrika, 20% ing Asia Kidul-Wétan, 30% ing Asia Kidul yaiku Pakistan, India lan Bangladesh. Populasi Muslim gedhé dhéwé ing sawijing nagara antarané ing Indonésia. Populasi Muslim uga bisa tinemu kanthi gunggung kang signifikan yaiku ing Tiongkok, Amérika Sarékat, Éropa, Asia Tengah, lan Ruslan.
Tuwuhing wong Muslim diprecaya nganti 2,9% per taun, déné tuwuhing kang ndunungi donya mung ngancik 2,3%. Angka iki ndadèkaké Islam minangka agama kanthi patuwuhan panganut kang kagolong rikat ing donya.. Sawetara panemu ngubungaké tuwuhing Islam iki karo dhuwuring angka klairan ing racaké nagara Islam (enem saka sepuluh nagara ing donya kanhi angka klairan paling dhuwur ing donya yaiku nagara kanthi mayoritas kang ndunungi Muslim . Nanging durung suwé iki, sawijining studi demografi wis nyatakaké yèn angka klairan nagara Muslim mudhun nganti tingkat padha karo nagara Kulon.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Islam, which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.