Pasa (Basa Arab: صوم, transliterasi: Sauwm) iku arti basané nahan.
Pasa manut basa yaiku "nahan ing samubarang". Manut istilah agama Islam kang diarani pasa iku nahan mangan, ngombé, lan prakara-prakara kang mbatalaké wiwit wektu fajar nganti srengéngé lingsir.Préntah pasa didhawuhaké déning Allah ana ing Kuran surat Al-Baqarah ayat 183. Pasa minangka salah siji saka limang Rukun Islam. Ana pasa wajib lan pasa sunat, nanging tata carané tetep padha.
|
Wektu karam pasa yakuwi wektu nalika umat Muslim dipenging utawa dipenggak pasa. Hikmah "karam pasa", yakuwi nalika kabèh wong padha bungah, wong iku ya kudu mèlu mahargya bebarengan.
Préntah pasa saka Allah kababar sajeroning Kuran surat Al-Baqarah ayat 183.
َيَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ Yaa ayyuhaladziina aamanuu kutiba alaikumus siyaamu kamaa kutiba 'alalladziina min qablikum la allakum tataquun' " Hé wong-wong kang duwé iman, wis diwajibaké tumrap awakmu pasa kaya déné kang wis diwajibaké marang umat-umat sadurungé awakmu, muga-muga awakmu dadi wong kang takwa." |
Ibadah pasa utawa shaum Ramelan kang diwajibaké Allah marang kabèh mukmin yakuwi ngibadah kang ditujokaké kanggo ngawula marang Allah kaya kang kababar ing QS. Al-Baqarah/2: 183. Hikmah ngibadah shaum iku dhéwé yakuwi nglatih manungsa kanggo sabar sajeroning nglakoni urip. Maksudé sabar kang kapacak ing Kuran yakuwi ‘gigih lan ulet’ kaya kang dimaksudaké sajeroning QS. Ali ‘Imran/3: 146.
Wong kang pasa ing bakal sinau ngrasaké susah uripé wong kang ora nduwé, luwé, lan sarwa kurang. Saka ngertèni kepriyé uripé wong rekasa bisa nggawé sipat wong kang pasa seneng tulung-tinilung marang sapa waé.
Ing surat [Al-A'Raaf] ayat 31:
Hai anak Adam, pakailah pakaianmu yang indah di setiap (memasuki) masjid, makan dan minumlah, dan janganlah berlebih-lebihan. Sesungguhnya Allah tidak menyukai orang-orang yang berlebih-lebihan
Aji-aji kasabaran (gigih lan ulet) diaplikasèkaké sajeroning urip lan kauripan kanggo tegaké Din Islam.
Umat Islam diharamaké pasa ing wektu-wektu iki:
Pasa batal yèn;
Ing ngisor iki wong kang olèh ninggal pasa wajib (pasa Ramelan)
Wong-wong kang mau ing ngisor iki, olèh ora pasa, nanging wajib qadha', tegesé wajib ngganti pasané ing dina liya, padha karo cacahé dina kang ditinggalaké. Yaiku:
Wong-wong ing ngisor iki ora wajib qadha' (ngganti pasa ing dina liya), nanging wajib mbayar fidyah, yaiku mènèhi mangan wong mlarat saben dina kang ora pasa, wujud bahan panganan pokok akèhé 1 mud (576 gram).
Wong kang mbatalaké pasa wajib kanthi saresmi, wajib mbayar kifarat lan qadha'. Kifarat yaiku mardikakaké hamba sahaya kang mukmin. Yèn ora ana hamba sahaya kang mukmin mula wajib pasa rong sasi maturut-turut (saliyané qadha' ngganti dina kang ditinggalaké), Yèn ora bisa, wajib mènèhi mangan 60 wong mlarat, saben wong 1 mud (576 g) wujud bahan panganan pokok.
Imam Abu Hamid al-Ghazali sajeroning bukuné Ihya al-'Ulumuddin wis mérang pasa sajeroning 3 tataran:
Pamérangan ing dhuwur mènèhi umat Islam ruwang kanggo mikir lan nelaah ing tingkat endi pasané.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
This article uses material from the Wikipedia Basa Jawa article Pasa (Islam), which is released under the Creative Commons Attribution-ShareAlike 3.0 license ("CC BY-SA 3.0"); additional terms may apply (view authors). Isi cumepak kanthi pangayoman CC BY-SA 4.0, kajaba ana katerangan liyané. Images, videos and audio are available under their respective licenses.
®Wikipedia is a registered trademark of the Wiki Foundation, Inc. Wiki Basa Jawa (DUHOCTRUNGQUOC.VN) is an independent company and has no affiliation with Wiki Foundation.